Biografi Suwandi SU.

Posted by Jagading Wacana Label:



Boten kathah ingkang mangertos parjuangan gesangipun bapak 4 anak, Bapak Suwandi ingkang asalipun saking Kebumen. Piyambakipun miyos 12 Juni 1949 saking kulawarga alit ingkang sederhana ananging kebek sih katresnan. Alm. Eyang Karyo Wiguno inggih punika bapak saking bapak Suwandi ingkang kala rumiyin dados perangkat dhusun, lan Alm. Ibu Mukminah inggih menika ibunipun Pak Suwandi inggih menika ibu rumah tangga ingkang wekdalipun dipun paringaken kangge kalawarga putra saha garwanipun.
            Taun 1956 – 1962. Rikala taun menika pak Wandi sekolah wonten SD N 1 Tambakagung, piyambakipun siswa berprestasi kanthi ranking 1 saben tahunipun wiwit kelas 1 dumugi kelas 6 SD. Amargi saking prestasinipun pak Wandi saged mlebet wonten SMP favorit wonten Kabupaten Kebumen inggih menika SMP N 1 Kebumen.
            Taun 1962 – 1965. Jaman sekolah SMP nipun pak Suwandi nitih sepeda saben enjing ingkang tebihipun 8 km, ananging menawi wonten ing mangsa rendheng piyambakipun tindak sekolahipun mlampah.  Margi tumuju wonten sekolah menika kedah ngiwati kali, nalika ngliwati kali kedah numpak gethek, kala-kala nalika numpak gethek gethekipu kemelem woten kali. Ananging ingkang kados kala wau boten dados alasan kangge mbolos sekolah.
            Taun 1965 – 1968. Mentas saking SMP, Pak Suwandi nglajengaken pendidikan wonten SPG ”Sekolah Pendidikan Guru” amargi manut kalihan dhawuhipun tiyang sepuh. Sekolah wonten SPG menika boten perlu bayar amargi Ikatan Dinas. Wonten pengalaman ingkang dipunlampahi Pak Wandi nalika pendaftaran ujian akhir. Piyambakipun nambah naminipun dados Suwandi Siswo Utomo kanthi pangarep-arep piyambakipun dados siswa ingkang utama, saged dados peringkat satunggal. Alhasil donga kasebut dipunijabahi dening Gusti Allah. Piyambakipun dados peringkat 1 wonten SPG wonten wekdalipun.
            Taun 1968 – 1969. Lulus saking SPG tesih kepengin nglajengaken pendidikanipun. Piyambakipun lajeng sekolah wonten PGSLP. Mundhut jurusan Basa Inggris.  Panci usadanipun bapak Suwandi menika boten nate setengah-setengah. Sahingga hasil inggah dipunpikantuk ugi muasaken. Peringkat  1 saangkatan dipunsandhang.
            Taun 1969 – 1973. Pangalaman dados guru GTT wonten SDN  ananging ugi boten namung setunggal SD,   Pak Wandi ugi nate ngasto wonten  SDN 1 Klirong, SDN 1 Jatimalang. Beliau ngamdi tanpa raos pamrih. Gaji dados guru GTT ananmung Rp 500,- saben sesasinipun. Menawi wonten jaman sakmenika Rp 500,- sami kalihan Rp 500.000,- . kangge nyekapi kabetahan ingkang kathah, piyambakipun nyambi nggambar, usaha saking salah setunggaling hobi arupi nggambar  saged nambahi panghasilan. Pak Wandi nggambar manuk garuda kalihan nggambar Pak Suharto, gambar menika dipunakui dening masyarakat lan ditumbas Rp 500,- setunggalipun.
            Taun 1973 - 1975. Taun menika diangkat dados pegawai negeri sipil wonten ing SDN 1 Tambakagung.
            Taun 1975 - 1995. Wonten ing wulan Februari 1975 pindah wonten SD kaliwungu wonten ing kecamatan ingkang tesih sami. Pak Waos ngasto wonten kaliwungu ingkang dangunipun 20 taun.
            Taun 1995 – 1999. Pak Suwandi dipunangkat dados Kepala Sekolah SD Jagasima
            Taun 1999 – 2003. Pak Suwandi dipunsuwun denin SD Kaliwungu supados dados Kepala Sekolah wonten mriku.
            Taun 2003 – 2009. Pak Suwandi dipundhawuhi dados pegawas Kecamatan Petanahan, makarya wonten cabang dinas P dan K Kecamatan Petanahan.
            Taun 2009. Bapak Suwandi pensiun saking pedamelanipun.
            Sedangunipun medamel dados guru, kepala sekolah, lajeng pengawas, bapak Suwandi ugi nyambi dados pengurus wonten Koperasi Mardi Santosa, ugi nate dados Ketua Koperasi Mardi Santosa wonten kalih periode. Salah setunggaling bukti menawi Pak Suwandi peduli dhateng nasib pendidikan inggih menika kanthi ngusadakaken warganipun supados rajin wonten sekolah kanthi mbagi-mbagi mantol gratis dhateng sedaya anggota koperasi. Sahingga boten wonten malih alasan boten mlebet sekolah nalika jawah. Semanten ugi petugas piket wonten koperasi. Sedaya ingkang kejatah piket dipunparingi senter, mantel, kalihan paying supados langkung disiplin. Sanesipun kegiatan ingkang dipunlampahi Pak Suwandi inggih menika dados pengurus PGRI, lajeng dados ketua pilkades, ketua komite SD N 1 Tambakagung. Ngendikanipun bapak Suwandi nalika kula taken kados pundi caranipun njagi kepercayaan masyarakat kagem piyambakipun, pak Wandi ngendika menawi jujur dados modal utamanipun.
            Seniki Pak Wandi sampun pensiun, kangge ngisi wekdal sepuhipun, piyambakipun ternak ayam lan nginggu peksi kangge kegiatan padintenan. Jamaah wonten mesjid, lan ugi pengaosan rutin kangge ngisi wekdal.

Biografi Tokoh
Budi Sih Yuliarini(10205244011)

Adus Banyu Tlethong

Posted by Jagading Wacana Label:


Jaman rumiyin rikala kula tesih alit, kula kalihan kanca-kanca remen sanget dolan sesarengan. Dolanan menika ugi werni-werni sanget. Tuladhanipun inggih menika kadosta dolanan mlinjo, lajeng wayang-wayangan, gambul, ubil, sunda manda, umpet-umpetan, tekongan, lsp.
Ingkang naminipun dolanan tradisional kados wau menika ugi mangsan.  Pas rumiyin puniku saweg mangsan dolanan mlinjo. Kula urip wonten dhusun, dados nggih dolanane kula ugi dolanan-dolanan tradisional, ananging ingkang kados mekaten kala wau malah ingkang nengsemake lan boten mboseni. Nalika dolanan tradisional kaya wau, kula saged saged kumpul sareng kalihan kanca-kanca, rame sanget, dados kekancanan wonten ing dhusun inggih sae amargi kados mekaten.
Menawi dipunbandingaken kalihan dolanan dolanan jaman sakniki, tuladhanipun inggih menika game. Wonten sisi positiifipun nalika dolanan game menika, ananging langkung kathah sisi negatifipun, sisi positifipun inggih menika saged kangge nglatih kecerdasan otak, ananging menawi kedangunen anggenipun ngegame ugi saged ngrisak netra, keseringen anggenipun ngegame ugi boten sae tumrap kantong, amargi dados boros.
Jaman rumiyin, rikala kula tesih SD, kadosipun menawi mboten lepat kula tesih kelas 3, kula kalihan kanca-kanca dolanan wonten ing wayah sonten. Sonten puniku ngepasi grimis, kula kalihan kanca kula ingkang naminipun Titi, lan wonten ugi rayinipun Titi ingkang naminipun Lusi kala rumiyin tesih sekolah taman anak-anak.
Gawananku plastik bening tengahan kilo kangge wadhah mbok menawi saged pikantuk mlinjo kathah anggenipun nutur. Wekdal menika panci kula sakanca niat nutur mlinjo. Menawi jawah biasanipun mlinjo ingkang sami ambrol menika langkung kathah. Petualangan dipunlampahi kula lan sakanca. Madosi witing mlinjo, nlusup-nlusup dalan kang alit saha mlebet wonten pekawisan ingkang jembar-jembar.
Boten kraos, jawahipun tansaya nderesi, sitinipun cebrik, kathah toya kados wonten ing blumbangan-blumbangan alit. Kula kalihan kanca kula inggih menika Titi saha Lusi mlampah madosi mlinjo. Kula mlaku wonten barisan paling wingking, kanca kula tiyang kalih menika sampun mlampah wonten ngajeng kula kirang langkung 5 meter. Nalika kula lagi sante mlaku kalih pandos mbok menawi manggih mlinjo, ujug-ujug…… “ JeeeGurrrrRRR.” Kula mlebu wonten blumbangan alit, ananging sealit alite blumbang kala wau nggih tesih jero amargi kala rumiyin kula nggih tesih alit. Apese malih, kanca kula kekalih kala wau boten mangertos menawi kula mlebu blumbangan. Kula timbali“ Ti… Ti…. Enteni aku… iki aku kecemplung….” Kula nyuwun tulung ananging ugi kepengin nggujeng nggih ugi kepengin nangis. Titi lan Lusi kaget rikala mriksani kula kecemplung, teras lare kalih wau malah nggujeng kepingkel pingkel. Walah jan….. apes tenan nasibku…. Mlinjo setunggal wae dereng manggihi…kok malah sampun kecemplung, teles kebes…. Sesampunipun sami gemuyon, tembe ngewangi kula mentas saking blumbang, kula ditanting Titi lan Lusi.
            Klambi kula teles kebes, tapi kok wonten ingkang aneh… “Mambu….” Batin kula wekdal menika, ananging boten kula penggalih lajeng kula teras wangsul. Boten pikantuk mlinjo mboko setunggal ananging malah apes ….. “Sesuatu yaa” hahaha.
Dinten enjingipun kula tembe mangertos mambu ingkang saestu boten eco sanget wonten ing blumbang kang temempel wonten rasukan kula. Sanyata blumbang nalika kula kecemplung wau blumbang kangge mbuwang tlethong sapi. “Masya Alloh….. aku adus banyu tlethong…” hahahaha
Yen kelingan rikala cilik gemiyen dadi kepengin ngguyu geget. :D

CERKAK
Budi Sih Yuliarini(10205244011)

Sukur Dhobel

Posted by Jagading Wacana Label:



“Ji…pokoke kowe sesuk rampung sekolah langsung melu mbakmu! Sekolah kebidanan wae!!” Ngendikane Bapak.
“Puji mboten pengen sekolah bidan Pak.”
“Ya, kudu gelem.”
Bapak pancen wonge otoriter. Apa kang dadi kekarepane kudu dituruti lan kaleksanan. Sering wong saomah padha nesu nanging mung dipendhem nang njero ati, merga ngendikane Bapak utawa nalika Bapak nesu. Nalika Bapak prentah utawa nyuwun apa-apa, wong saomah ora ana kang wani mbantah. Kabeh padha manut lan nurut karo Bapak.
Ya kaya Puji kuwi. Sebenere dheweke ora pengin sekolah kebidanan. Nanging Bapak meksa dheweke kudu mlebu sekolah kuwi. Puji lewih seneng karo jurusan Geografi utawa Sosiologi. Nanging njuk piye maneh, dadi anak kudu nurut karo wong tua. Merga wong tua kang bakal ngragadi sekolahe. Puji mung bisa ngarep lan ndonga marang Gusti Allah, muga-muga atine bapak bisa nrima kekarepane.
Wektu semana Puji kelas 3 SMA lan wis wayahe dheweke golek-golek sekolah kang trep karo atine. Kanca-kancane uga mangkana, wis padha sibuk golek-golek informasi pendaftaran mahasiswa anyar ing Universitas-universitas kekarepane dhewe-dhewe. Nanging kang paling penting uga sinau kanggo ngadhepi ujian nasional. Akeh usaha kang ditindakake seliyane ndonga dhateng Gusti Alloh, uga padha melu les utawa bibel (bimbingan belajar). Supaya kabeh bisa lulus ujian nasional lan UMPTN.
“Ji…rencanane kowe bar SMA arep neruske sekolah apa kerja?” Pitakone Dita.
“Insyaalloh aku ya lanjut sekolah Dit. Lhah kowe piye?” Puji njawab.
“Nek aku langsung lanjut wae. Aku pengin njupuk jurusan Sastra Inggris nang UI.” Lan banjur takon.“Kowe piye?”
“Aku si kepengine njupuk Geografi nek ora ya Sosiologi. Tapi neng Bapakku ora entuk. Aku dikon mlebu kebidanan kaya mbakku.”
“Ooohh…ya coba kowe omongake kekarepanmu marang Bapak. Sapa ngerti bapak bisa ngertuni kekarepanmu.”
Bubar sekolah, Puji langsung bali omah. Dina kuwi Puji ora ana pelajaran tambahan utawa les. Ing omahe Puji ngenteni Bapake kondur. Dheweke ming mlaku ngalor ngidul karo temungkul kaya wong goleki mlinjo. Puji pengin cepet-cepet ketemu Bapak lan ngomongake kekarepane.
Srengenge saya mingslup umpetan neng mburi gunung. Pertandha menawa awan bakal ganti peteng. Puji saya ora sabar. Seka kadohan gremeng-gremeng krungu suwara motore Bapak. Atine bungah banget. Sawise Bapak liren, siram, solat lan dhahar, Puji ngumpulake kabeh rasa wani kang diduweni kanggo ngomong karo Bapak. Sadurunge dheweke wis siap kabeh karo resiko kang bakal tampa.
“Bapak menapa Puji angsal menawi tumut UMPTN?” Pitakone Puji rada wedi.
“Lhah ngapa kowe melu UMPTN? Bapak kan wis ngomong nek kowe mlebu kebidanan wae kaya mbakmu!”
“Nggih Pak, nanging Puji pengin nyobi tumut UMPTN.”
“Ya nek karepmu kaya ngana ya ora apa-apa, cobanen kana melu UMPTN ben kowe ya nduwe pengalaman.” Ngendikane Bapak. “Nangin ya ana sarate, kowe kudu njupuk basa Jawa. Lan kuwi kudu dadi pilihan nomer siji.”
Krungu ngendikane Bapak, Puji seneng banget. Senajan ana sarate, nanging iku ora dadi masalah kang gedhe. Sing penting saiki dheweke bisa melu UMPTN. Sinaune uga dadi tambah rajin saka sadurunge. Semangate pol-polan tenan, ben bisa lulus kanthi biji kang apik lan bisa lolos UMPTN. Sahengga dheweke bisa gawe bangga wongtuane.
Menit kaganti jam, jam kaganti dina. Dina ka ganti minggu lan sasi, nganti tekan titi wancine Puji lulus ujian nasional kanthi biji kang ore ngisin-ngisini. Bapak uga bungah lan bangga marang Puji. Sukur Alhamdulillah banget. Saiki konsentrasine ketuju kanggo sinau UMPTN. Saben dina Puji latian soal-soal ujian masuk perguruan tinggi. Nganti tekan dinane dheweke kudu melu ujian. Puji melu ujian kanthi pangarep-arep bisa ketampa. Pilihan nomer siji Puji njupuk Basa Jawa kaya janjine marang Bapak. Lan pilihan nomer loro dheweke njupuk Geografi. Pelajaran kang paling disenengi Puji.
Sesasi wis keliwatan, dina iki dina senen. Dina pengumuman UMPTN. Puji rasane deg-degan ora karuan. Nang atine kebak pitakonan dheweke ketampa apa ora. Jam 08.00 esuk, Puji lunga neng warnet kanggo niliki pengumuman UMPTN. Lan Puji seneng banget nalika ngerti dheweke bisa lolos UMPTN. Sanajan Puji ketampa ana jurusan sing pilihan pertama yaiku Basa Jawa, Puji tetep seneng banget merga dheweke bisa kuliah ing Universitas lan ora kuliah kebidanan kang ora trep karo atine. Puji langsung bali lan ngandhake marang Bapak Ibune. Ora dinyana-nyana Bapake ngrestoni Puji kanggo kuliah ing Universitas, ora meksa dheweke maneh kuliah ana kebidanan. Allhamdulillah…

Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021

CARIK SUPER

Posted by Jagading Wacana Label:





Weton Kulon inggih punika salah satunggaling dhusun alit wonten ing kabupaten Kebumen mliginipun wonten ing kecamatan Puring. Dhusun Weton Kulon punika dipun-pimpin dening Kepala Desa utawi Lurah inggih punika Bapak Dasikin kaliyan gadhah carik utawi sekretaris desa inggih punika Bapak Saimin. Dhusun punika saniki langkung majeng amargi usaha-usaha ingkang sampun katindakaken dening pemerintah desa kaliyan masarakatipun.
Bapak Saimin inggih punika carik (sekretaris desa) ingkang sampun ngabdi kaliyan masarakat awit saking taun 1995 dumugi ngantos sak punika. Bapak Saimin miyos wonten ing Kebumen 6 Januari 1960. Putra nomer kalih pasangan Bapak Martodimejo kaliyan Ibu Sukiyem. Bapak Saimin sekolah wonten ing SD Weton Kulon, lajeng wonten ing SMPN 1 Puring lan pendidikan terakhir wonten ing SMKN 1 Kebumen. Bapak Saimin ugi nate kuliyah wonten ing UGM (Universitas Gajah Mada) nanging namung kalih semester amargi Bapakipun boten kiyat ngragadi. amargi nalika semana mas-ipun Bapak Saimin taksih kuliyah wonten ITB (Institut Teknologi Bandung). Saderengipun dados carik, piyambakipun sampun nate makarya wonten ing Kepolisian wonten ing Sulawesi. Nanging piyambakipun boten betah amargi tebih saking keluwarga lan ugi dipun-papanaken wonten ing daerah-daerah ingkang terpencil. Sekitar taun 1990 piyambakipun medal saking padamelanipun lan wangsul wonten ing Kebumen lan dados tani. Nalika wonten pendaftaran carik wonten ing dhusunipun piyambakipun tumut ndhaftar lan alhamdulillah dados.
 Kathah cara-cara ingkang sampun katindakake kangge ningkataken kamakmurane masarakat, wonten ing perkawis ekonomi kaliyan sosial budaya lan ingkang wigati inggih punika babagan pendidikan.Cara ingkang sampun katindakake wonten ing babagan ekonomi inggih punika wontenipun program-program ingkang ngrembakaken ketrampilanipun masarakat kadosta gladhen damel emping mlinjo nalika taun 1998-1999. Sak punika desa dados pusat damel emping mlinjo sasampunipun desa amal. Gladhen damel gula klapa kaliyan sale gedhang, ingkang saged ningkataken ekonomi masarakat.
Sanesipun inggih punika wontenipun program Jamban keluarga taun 2001-2002, program pemugaran rumah tidak layak huni wonten masarakat kirang mampu taun 2010-2011 lan dana punika saking pemerintah daerah kaliyan provinsi. Margi dhusun punika nalika taun 1995-1999 punika taksih lemah, taun 2000-2009 sampun dipun makadam lajeng taun 2010-2012 wonten program aspal. Perkawis punika ndadosaken raga lemah wonten ing sakiwa tengen margi regi nipun inggil. Listrik ugi sampun wonten awit taun 1996 saking usaha ingkang katindakaken masarakat kaliyan pemerintah desa kangge ngawontenaken listrik mlebet dhusun. Ragad ingkang kangge ngawontenaken listrik wonten ing dhusun punika saking swadaya masarakat, boten wonten dana saking pemerintah daerah lan pemerintah provinsi.
Nalika taun 2000 kabupaten Kebumen mliginipun daerah sakiwa tengene Gombong punika wonten musibah banjir bandhang amargi Wadhuk Sempor punika jebol. Kathah kecamatan ingkang karendhem, dhusun-dhusun ical lan jembatan-jembatan sami risak. Dhusun Weton Kulon ugi sami, wilayah dhusun wonten ing sisih ler punika kebanjiran lan jembatanipun risak. Sasampunipun banjir pemerintah desa sampun ngupaya kangge nyuwun dana wonten ing pemerintah daerah nanging boten wonten tanggepan amargi pemerintah daerah boten wonten dana. Lajeng nalika taun 2010 Bapak saimin ingkang aktif kangge ningkataken kamakmurane masarakat ngajukaken panyuwunana dana wonten ing peperintah pusat, kangge mbiyayai jembatan kasebat inggih punika 1,5 miliyar. Jembatan punika langkung wigatos amargi jembatan punika salah satunggaling jembatan ingkang utama kangge nggayutaken antawisipun kecamatan Puring kaliyan Buayan lan jembatan punika kangge jalur alternatif Jogja Cilacap menawi ngangge jalur tengah.
Prinsipipun Bapak Saimin punika “Nglayani masarakat kanthi prima 24 jam wonten babagan administrasi kaliyan kemasarakatan”. Nalika kula nyuwun pirsa babagan susah kaliyan bungahipun dados carik, Bapak Saimin gadhah wangsulan kados punika, “ sing jenenge pengabdiyan ya akeh suka dukane, sebagai ujung tombak pemerintahan karo ujung tombok. Kenapa ujung tombok? Ya mergane apa-apa kurang warang-wurung ya Pamong. Upaeh ya esih nang ngisor UMR, maksude Bengkok (sawah ingkang dipun-olah nalika njabat dados carik) ora sesuai karo UMR lan pemerintah ya urung ana perhatian karo masalah kuwe.”

Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021