Legendha Karang Bolong

Posted by Jagading Wacana Label:



Wonten ing satunggaling dinten, abad ingkang sampun kapengker, kerajaan Kartasura. Kasultanan dipuncobi, amargi permaisuri ingkang dipuntresnani gerah ingkang tumemen. Sajatosipun Pangeran ugi sampun  pados obat wonten pundi kemawon ananging dereng saged kepanggih ingkang dipun padosi. Pangeran ugi sampun pados tabib ananging ugi boten wonten ingkang saged nambani.
Tansaya dangu Permaisuri tansaya kuru, kuru aking kadosta boten gadhah daging. Masarakat Kasultanan Kartasura kagungan penggalih turut prihatos dhumateng kasarasanipun Permaisuri, amargi mergi babagan menika pamarentah kasultanan dados boten keteta sae, boten mlampah kanthi sae. “ Menawi miturut pamrayogi kula, panjenengan menika kedah pados panggenan ingkang sepen kangge pados pituduh saking Gusti kangge kasarasanipun Permaisuri” ngendikanipun Penasehat Istana. Boten patosa dangu Pangeran Kartasura nindhakaken tapa. Godaan-godaan ingkang dipunalami saged dipunlampahi. Wonten ing sawijining wengi kanjeng Pangeran mireng suanten gaib. “ Wis, aja dilanjutake semedimu, jupuka kembang karang ana ing Laut Kidul, kanthi kembang karang kuwi permaisuri bakal mari”. Lajeng, Pangeran Kartasura kondur dhateng istana lan tanglet babagan suanten gaib dhumateng penasehatipun. “ Laut Kidul menika jembar sanget Pangeran, ananging miturut kula, lan kula saestu yakin menawi ingkang dipunmaksud menika wonten ing Karang Bolong, amargi wonten ing Karang Bolong menika kathah sanget gua karang ingkang saklebetipun ugi kathah kembang karang,” ngendikanipun penasehat istana kanthi yakin.
Pangeran Kartasura paring dhawuh dhumateng Adipati Surti kangge mundhut kembang karang ingkang dipunmaksud dening tabib. Adipati Surti nyuwun tulung dhumateng Sanglar kalihan Sunglur kangge ngancani.
Dinten saklajengipun, Pangeran Kartasura paring dhawuh dhumateng Adipati Surti, lajeng Adipati Surti nyuwun dipunkancani kalihan Sanglar lan Sanglur. Sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, akhire dumugi wonten ing Karang Bolong, ingkang ing lebetipun wonten gua. Adipati Surti lajeng tapa wonten gua menika. Sesampunipun tapa kangge pinten-pinten dinten Adipati Surti menika miring suantenipun tiyang asing. “ ora susah kalanjutaken semedimu, apa kang dadi kepenginan panjenengan bakal tak turuti, ananging panjengan kudu nglampahi pisaratan saking kula”. Adipati Surti mbikak paningalanipun lajeng mriksani tiyang estri igkang ayu sanget, mirip kalihan dewi saking  kahyangan,  tiyang estri ingkang ayu menika naminipun Suryawati. Suryawati menika abdi Nyi Roro Kidul ingkang mbaureksa Laut Kidul. Syarat ingkang dipun suwun kalihan Suryawati inggih menika Adipati kedah manggen sesarengan Suryawati wonten ing Laut  Kidul. Adipati sarujuk kalihan sarat menika. Sesampunipun Adipati sarujuk kalihan sarat menika, Suryawati njuluraken astanipun teras pinuju panggenan ingkang dipuntuju. Wonten wekdal menika nalika Suryawati nyepengi astanipun Adipati, raosipun Adipati inggih menika anamung rohipun ingkang tumut ananging raganipun tesih tetep jumeneng wonten ing mriku. “Menika kembang karang ingkang saged kangge pelantaran dhanganipun Permaisuri”, ngeendikanipun Suryawati kalihan nuduhanken sarang manuk lawet. Menawi dipunmasak, sarang manuk lawet menika obat ingkang faedahipun ageng sanget. Adipati Surti kathi cepet mundhut sarang manuk lawet wonten jumlah ingkang kathah. Adipati lajeng kondur dhateng panggenan semedi. Roh Adipati menika kondur wonten raganipun. Lajeng Adipati kalihan 2 pengawalipun kondur dhateng Kartasura. Pangeran Kartasura bingah sanget amargi obat kangge Permaisuri sampun kepanggih. “Tulung digaweaken obate yoo…” dhawuhipun pangeran dhateng abdi kerajaan. Sesampunipun pinten-pinten dinten ngunjuk ramuan sarang manuk lawet, Permaisuri saged dhangan, kados sederengipun gerah amargi penyakitipun ical. Kaluarga kasultanan kalihan sedaya rakyatipun bingah sanget amargi Permaisuri sampun boten gerah. Wonten ing tengah-tengahing kabingahan kasebut Adipati Surti eling dhateng janjinipun marang Suryawati, satemah Adipati nyuwun ijin dhumateng Pangeran badhe tindak wonten Karang Bolong kanthi alesan kangge njagi kalihan nglestantunaken sarang manuk lawet menika. Tindakipun Adipati dipunbarengi kalihan tangisaning para abdi istana, amargi Adipati Surti tiyangipun apikan. Adipati sareng kalihan Sanglar lan Sanglur tindak.  Dumugi Karang Bolong, Adipati damel griya ingkang sederhana. Lajeng semedi. Semedi namung sekedhap ananging Adipati sampun saged misahaken roh kalihan raganipun. “ Kula wangsul kangge nyekapi janji ingkang rumiyin Nyi…” ngendikanipun Adipati sesampunipun ningali Suryawati wonten ngajengipun Adipati Surti.
Adipati Surti lajeng wanakrama kalihan Suryawati, tiyang kekalih gesang wonten gua, gesang kanthi bingah, kalihan ekonomi ingkang kecekapan amargi sarang manuk lawet tambah dinten reginipun ugi tambah awis.
                                                                       LEGENDHA
                                                                       Budi Sih Yuliarini( 10205244011)

BUDAYA GOTONG – ROYONG ING PANGGESANGAN MANUNGSA

Posted by Jagading Wacana Label:


Wonten ing lakuning jaman globalisasi menika, sejatosipun bangsa indonesia sampun kenging inggih menika ingkang dipunwastani icalipun nilai budayanipun. Budaya menika saged nginggilaken cara anggenipun mikir saha raos cipta siptaning ingkang sae. Budaya ugi saged dadosaken ngrisak cara mikiripun bangsa menawai mboten trep kaliyan cak – cakanipun. Tuladhanipun korupsi,tawuran siswa lsp.
Sedayanipun menika klentu menawai sampun dados nyawiji wonten ing badanipun bangsa non inggih icalipun budaya bangsa. Saha prelu dipuncekel minangka saking rumiyinipun kabudaya menika ingkang paling sae inggih menika gesang kaliyan sesaminipun utawi gotong – royong. Gotong – royong inggih menika cirri ingkang saged nylametaken saha nggugah bangsa minangka saking klentunipun wonten ing cak- cakan utawi saking majengipun jaman.
Gotong – royong wonten ing bangsa utawi masyarakat menika minangka ciri khas ingkang inggil wonten ing panggesangan manugsa.Buktinipun, amargi saking gotong royong menika Negara Indonesia saged medal saking jajahaning walandi. Gotong – royong ingkang dipunlandesi kanthi sengkutipun paseduluran . Menika minangka dhasaring nilai saha tilaran saking tiyang rumiyin lajeng dipunlajengaken kaliyan wayahipun ngantos samenika. Miturut Bung Karno, gotong royong  saha “semangat kekeluargaan” inggih menika saripatining saking nilai – nilai Indonesia, saha budaya patimuran ingkang dados pondasining panggesangan sarta dados nilai nasionalisme bangsa.  Nilai menika ingkang dadosaken nyawijining bangsa minangka nagara menika kathah sanget bentenipun budaya – budaya ananging saged gesang nyawiji saha tetrem.
Amargi katah sanget wonten ing masyarakat ingkang mapan wonten ing kutha, sampun mboten asring ketigal budaya gotong royongipun. Amargi wonten mrika menika inggih kathah ingkang mboten tepang kaliyan tanggi sak kiwa tengenipun saha kathah kepentingan ingkang sipatipun pribadi. Tuladhanipun menawi woten tanggi ingkang nembe gadhah gawe kathah kathahipun sampun mboten nyuwun pambiyantu saking kiwa tengenipun ananging biasanipun nyuwun saking WO (Wedding Orgeniser). Lajeng menawi wonten tiyang ingkang miyos wonten ing mergi, kathah – kathahipun menika mboten sami mangertos amargi kirang raos paseduluranipun. Lajeg menawi wonten ingkang ical piranti wonten ing dalem amargi boten mangertos tiyang ingkang miyos wau inggih sakngertosipun inggih kanca utawi sederek saking tanggi menika ,menawi menika wau pandung inggih dadosaken raos mboten tentrem wonten ing papan menika. Menika wau ingkang saged ndadosaken budaya menika saged ical saking panggesangan manungsa.
Budaya gotong royong menika ingkang tesih kenthel sanget inggih menika wonten ing desa. Kathah sanget kegiatan kegiatan ingkang tasih raket kaliyan budaya gotong royong menika. Amargi para sesepuh ingkang mandegani saha para pangembating praja wonten ing mriku tasih nyekel saking para leluhur. Kados menika, sampun mbalung sumsum wonten ing badan saha sampun wonten raos nguri uri supados putu utawi buyut menika mangertos kegiatan gotong royong menika. Salajengipun para sesepuh saha  pagembating praja utawi masyarakat wonten ing desa menika sampun kagungan raos kedah dipun wajibaken menawi badhe mbagun, tiyang ingkang kagungan gawe, saha menapa kemawon ingkang sipatipun sosial. Lajeng wonten ing mriku sampun wonten hukum adat menawi boten ndherek kegiatan menika lajeng gadhah raos ewuh pakewuh.
Budaya gotong – royong menika kedah dipun uri – uri supados boten ical saking panggesangan manungsa. Menika tuladha saking budaya gotong royong  ingkang badhe dipunrembag inggih menika kerja bakti damel mesjid wonten ing dhusun. Kathah sanget tiyang – tiyang ingkang sengkut menawi nderek wonten ing kegiatan menika. Saking tiyang alit ngantos para sesepuh Ingkang tumut .
Kathah sanget  masalah ingkang wonten kemawon saking kegiatan menika amargi katah ingkang iren kaliyan sasanesipun. Mila prelu dipungatosaken menawi wonten kegiatan gotong royong menika. Amargi gotong royong menika saking 2 tembung inggih menika gotong kaliyan royong, ingkang nggadhahi teges minangka manungsa menika dipuncipta dhateng ingkang maha kuwaos menika gadah benten- benten kekirangan saha kaluwihan. Mila minangka wonten kagiatan menika menawi wonten tiyang menika gadah kaluwihan kedah mboten meksa dhateng tiyang ingkang gadah kaluwihan, saha kasak wangsulipun ingkang gadah kekirangan menika kedah paring pambiyantu menapa kemawon anggenipun kerja bakti.
Amargi menawi salah satunggaling wonten ingkang boten remen kaliyan ingkang dhateng tiyang ingkang kagungan kekirangan menika saged ndadosaken congkrah wonten ing masyarakat. Kathah ingkang padhudon wonten ing mriku saha wonten ing sakbibaripun kagiatan menika. Lajeng menika wau saged dadosaken masyarakat gadhah masalah ingkang dangu utawi saget mboten rujuk.
Saking menika wau miturut sejarah, tiyang gesang rumiyin ingkang tasih kenthel kaliyan raos kekeluargaan  saha raos paseduluran. Saged dadosaken masyarakat ingkang guyup rukun tanpa wonten congkrah menawi kula  lan panjenengan sami saged jagi raos ngormati marang sinten kemawon. Lajeng saking menika wau saged ningkataken panguripan manungsa menika makmur.
Wonten ing kegiatan gotong – royong menika saged kita tingali menawi kegiatan menika kados semut. Semut menika menawi kerja inggih sami paring pambiyantu saking semut setunggal saha setunggalipun. Menika kedah dipuntuladhani amargi saking menika kita saged mendhet cara anggenipun semut menika kerja. Inggih saking kompakipun saha cara organisasinipun kanthi sae. Salajengipun semut menika inggih saget paring tuladha sanesipun inggih menika mboten adigang, ngemot saged ngraketaken paseduluran saha saged milah antawisipun kepentingan sosial saha pinyambak.
Manpangat saksanesipun inggih menika :
·         Pakaryan menika saget dipun pungkasi kanthi cepet tanpa medalaken biaya ingkang kathah menawi menika nembe damel mesjid
·         Talining paseduluran menika raket saha mboten wonten raos ing antawisipun sugih kaliyan mlarat, ingkang buruh, ingkang dodol lsp
·         Lajeng saged ngraosaken aman amargi raos paseduluran menika raket lajeng menawi wonten tiyang ingkang mboten tepang saged mangertos
·         Saged ngraosaken tentrem amargi kita saged ngraosaken peduli tumrap sesama
Wonten ing kegiatan gotong royong menika wonten prinsipipun. Kegiatan menika dipunlakoni dening para anggota wonten ing desa , dhusun lsp. Saking menika kathah ingkang dados “penggagas” utawi ingkang dipun dadosaken pilar wonten ing kempalan organisasi. Tuladhanipun karang taruna kampug menika gadah semangat kangge nglajengaken peninggalan saking para leluhur ingkang sampun ngrumiyini.Lajeng mboten ngantos para taruna menika gadah pikiran ingkang ngemu menawi gotong – royong menika namung kegiatan ingkng buang wekdal saha kino.
Wonten ing kegiatan gotong royong menika menawai wonten warga ingkang mboten dherek inggih menawi saged dipunajak anang wonten cak cakanipun inggih menika bilih  kita kedah saged ngormati  saha mboten meksa bilih dipunajak nembe wonten acara menapa nembe mboten kersa ndherek. Lajeng menawi saged, menawi wonten kagiayatan menika  ingkang paling becik inggih menika tumut saking raos manahipun.
Saking kegiatan gotong royong menika warga utawi masyarakat menika meres kringet paring pambiyantu kaliyan sinten kemawon. Ingkang tumut gotong – royong menika biasanipun boten nyuwun dipunbayar amargi menika kegiatan social ingkang sampun turun – temurun saking tilaraipun para tiyang rumiyin. Para kakung ingkang gotog royong saha dipun pambiyantu saking para alit saha para putri sami damel dhaharan kangge dhahar siang. Menika katon ketingal raos paseduluranipun ingkang raket lajeng nedahaken bilih kabudayan menika kedah dipunlestantunaken supados boten ical saha kalindhes jaman saha para putu turanipun saged jagi ngantos tuwuh penerusipun.

Widha Pratama
10205244005

Syukuran Syahipun UUK Kraton Ngayogyakarta

Posted by Jagading Wacana Label:



Kagem wujud rasa syukur  awit sampun disyahken RUUK DIY dhados UUK Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ugi ngadhani asicara Syukuran keistimewaan ngayogyakarta hadiningrat ,jumat 12 oktober 2012 wonten ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat .adicara menika dirawuhi kaliyan Sri sultan HB X ,Sri Pakualam IX sakaluarga ,Walikota lan bupati sak tlatah ngayogjakarta uga Ormas lan elemen-elemen masyarakat ngayogyakarta ingkang mlebet wonten ing densus 57 Jogja Istimewa ingkang antawisipun (FJR,GRIB,BANSER,PAKSI KATON,FKPPI,SAR,BMI,BAMPER,PEMUDA GOLKAR,PAREANOM,GERAM,SONGSONG BUWONO .Lsp) ingkang kala semanten paling gigih ing lapangan kagem nuntut dipun syahaken RUUK DIY menika.
Wonten ing adicara menika ugi diwontenaken donga sesarengan ingkang dipun pandegani dening 5 tokoh agama ingkang kalebet wonten ing gerakan kerukunan umat beragama. Salajengipun adicara menika dipun pungkasi kanthi dhahar kembul sesarengan lan jabat asta ingkang kagem wujud selamat kagem Sri SULTAN HB X lan SRI PAKUALAM IX awit sampan disyahken dadhos Gubernur lan wakil gubernur DIY.

PAWARTOS 
DENING : FAIZAL RAHMAT

Tiyang Jawi Ilang Aksara Jawanipun

Posted by Jagading Wacana Label:




Gmbr. Aksara Jawa
Salah satunggaling ciri bangsa ingkang ageng inggih menika majengipun  kasusastraan basa wonten daerah menika. Jawa inggih menika kagolong papan ingkang kathah sanget kasusastraanipun. Salah satunggaling kasusastraan wonten ing Jawi inggih menika nyerat aksara Jawa. Wonten ing jaman rumiyin pujangga-pujangga Jawi menika kathahipun anggenipun nyerat karya sastra ngginakaken aksara Jawa. Perkawis kados mekaten nggambaraken menawi peradhaban wonten ing Jawa menika sampun ngginggil babagan sastra. Ampun Ngaku panjenengan menika tiyang Jawi menawi boten kenal kaliyan aksara Jawa. Wonten ing jaman sakmenika kathah tiyang ingkang ngakunipun tiyang Jawi, tresna kaliyan budaya Jawa seneng karya sastra Jawa ananging mboten mangertos aksara Jawa.
Sakderengipun nglajengaken andharan menika, langkung rumiyin badhe sakedhik dipunandharaken babagan aksara Jawa. Aksara Jawa menika kadadosan saking kalihdasa aksara. Urut-urutanipun aksara Jawa dipunsebat Dentawyanjana. Saben satunggal aksara Jawa menika ngandut teges ingkang benten-benten. Ha na ca ra ka inggih menika tegesipun ana utusan, da ta sa wa la tegesipun padha suwala, pa dha ja ya nya tegesipun padha digdhayane lan ma ga ba ta nga tegesipun padha dadi bathang. Nyerat aksara Jawa menika saking kiwa manengen, papanipun wonten ing sangandhaping garis, menawi dlancangipun wonten garisipun.
Aksara Jawa menika saged dipuntingali wonten ing naskah-naskah kuno. Gaya panyeratan aksara Jawa saben-saben naskah menika benten-benten tergantung kaliyan panganggitipun. Rikala jaman semanten aksara jawa dipun ginakaken tiyang Jawi menika wonten ing padintenan. Ananging bibaripun pemerintah Jepang menika, boten marengake ngginakaken aksara Jawa. Akasara Jawa menika dipungantos kaliyan akasara latin. Larangan menika lajeng damel aksara Jawa sansaya ical. Aksara Jawa sakmenika badhe ical amargi kirangipun perhatian tiyangipun piyambak. Ngenes.. wonten ing ati, menawi aksara Jawa ambruk wonten ing asalipun piyambak.
Aksara Jawi menika sampun kagolong dumados bagian gesangipun tiyang jawi. Aksara jawa ugi sampun dumados budaya wonten ing Jawi. Ananging sansaya dangu menika aksara Jawa sansaya dipun tilaraken lan dipun laliaken. Kirang gregetipun tiyang enem menika nyaris mboten wonten, namung wonten sakglintir tiyang enem ingkang remen lan purun gladhen aksara Jawa. Sanajan Baasa Jawa  sampun dumados muatan lokal wajib kangge SD, SMP lan SMA ananging boten saged nyegah icalipun aksara Jawa wonten ing masyarakat. Menawi cara nglestantunaken aksara Jawa menika namung netepake Basa Jawa minangka mata pelajaran wajib, cara mekaten dipunraos kirang efektif. Menawi tanpa ngangge media ingkang dukung, narik minat masyrakat kangge gladhen aksara Jawa menika radi angel.
Kula menika nate ngetes kanca-kancanipun kula ingkang asli tiyang Jawi kangge nyerat aksara Jawi. Lajeng kanca-kanca kula serempak matur boten saged. Miris sanget menawi ningali langsung kedadean kados mekaten. Rikala semanten wonten ing SD nggih sampun diajarke ananging sakmenika sampun kesupe. Tasih boten patiya kaget menawi tiyang awam ingkang mboten mangertos ananging menawi mahasiswa jurusan sastra utawi pendidikan bahasa jawa ingkang boten saged menika rasanipun langkung miris. Icalipun aksara Jawa menika saged dipunsebabake pemikiranipun tiyang enem, menawi gladhen nulis Jawa menika boten gadhah orientasi masa depan dibandingaken kaliyan gladhen sanesipun. Sasanesipun tiyang enem, tiyang sepuh ugi kathah  ingkang boten saged basa Jawa menapa malih nyerat aksara Jawa. Saengga tiyang sepuh menika ugi jarang paring piwulang lare-larenipun ingkang taksih alit gladhen nyerat aksara Jawa. Menawi tiyang Jawi menika boten gladhen nglestantunaken aksara Jawi menika wiwit samenika, sansaya dangu aksara menika punah lan namung dados bahan kajian penelitian naskah-naskah kuno.
Miturut berita wonten ing radar jogja 3 September 2012, kritikan kangge Pemkot Jogja babagan gantosipun papan  nama ingkang kangge tanda dalan malioboro. Papan menika rikala semanten nginaken aksara Jawa dipungantos kaliyan tulisan latin biyasa. Menawi aksara Jawa wonten ing papan menika dipungantos saged ngilangake unsur estetika lan jati diri papan menika. Nah,, menawi akasar Jawa ical wonten ing papanipun piyampak inggih menika jawi, sami mawon jawi menika kelangan jati dirinipun. Justru tiyang asing utawi luar negeri ingkang gadhah perhatian kusus lan minat ingkang kathah kangge gladhen aksara Jawa. Kedadean kados mekaten kabukteaken nalika wonten ing Belanda lan Inggris dipunbikak kelas kusus kangge gladen budaya Jawa kanthi kathahipun ingkang minat.
Cara-cara ingkang saged dipun ginakaken kangge nyegah ilangipun akasara Jawi inggih menika (1) damel media pembelajaran ingkang menarik supados siswa menika saged tertarik kaliyan aksara Jawi. (2) dipunbetahaken minimal setunggal minggu sepisan siswa-siswa menika bener-bener nyerat aksara Jawi. (3) pembelajaran tiyang sepuhipun dhateng  larenipun ingkang tasih alit supados tepang kaliyan aksara Jawi. (4) damel media pengenalan ingkang komunikatif, kreatif lan menarik kangge pembelajaran aksara jawi wonten ing masyarakat umum. Ampun ngantos aksara Jawa menika dipunklaim kaliyan negara sanesipun.

OPINI
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)

Ora Ngapak Ora Kepenak

Posted by Jagading Wacana Label:


                 Basa ngapak utawi bahasa Banyumasan inggih menika salah setunggaling kelompok basa Jawa ingkang dipunginakaken wonten ing wilayah Kilen Jawa Tengah. Logatipun menika radi benten menawi dipunbandingaken kalihan basa Jawa logat sanesipun amargi basa Banyumasan tesih raket sanget hubunganipun kalihan basa Jawa Kina(Kawi). Basa ngapak  termashur kalihan cara anggenipun ngendika ingkang kas. Dialek utawi logat ngapak asring dipunsebut Bayumasan amargi dipunginakaken masarakat ingkang netep wonten ing Banyumas.
                 Golongan basa Jawa sebelah Kilen menika ingkang asring kasebut basa Banyumasan( Ngapak-Ngapak). Menawi dipunbandingaken kalihan basa dialek Yogya kalihan Surakarta, dialek banyumas menika kathah sanget bentenipun. Ingkang ngeterani sanget utawi saged kangge titian menawi basa menika basa ngapak inggih punika wonten ing bagian akhir pocapan”a” tetep dipunucapaken “a” sanes “o”. Menawi wonten ing Solo tiyang gesang dhahar “sego”(nasi), ananging menawi wonten daerah Banyumasan tiyang gesang dhaharipun “sega”. Kejawi menika ugi wonten tembung-tembung ingkang ngangge akhiran huruf mati(vokal) ingkang dipun waos wutuh,  tuladhanipun tembung enak wonten ing dialek sesanesipun ngapak dipun waos “ena” , ananging menawi wonten dialek Banyumasan kedah diunwaos sami kalihan menapa ingkang kaserat, inggih menika dipun waos “enak” kanthi suara huruf “k” kandel. Kanthi alasan menika basa Banyumasan dipun kenal dening masarakat kanthi basa Ngapak utawi Ngapak-ngapak.
                 Sejatosipun ngapak menika langkung trep menawi dipun sebutaken kangge masarakat kanthi dialek Banyumasan. Ananging perlu kawigatosan babagan boten sedaya masarakat wonten ing setunggal kabupaten migunakaken basa ngapak, tuladhanipun Cilacap. Boten sedaya ingkang kalebet ing kabupaten Cilacap dipun sebut ngapak. Cilacapz Kilen, antawisipun wonten ing Kecamatan karang pucung, Cimanggu, Wanareja, kalihan Majenang basa nipun sampun radi “bengkok/jaipongan”.
                 Ngapak menika boten sami kalihan lawan kata dialek wetanan(Yogya-Solo) utawi dialek “bandhek”. Diskusi menika temtunipun saged panjang sanget menawi boten sami narima ing kahanan. Antawisipun masalah ingkang radi asring dipun rembag inggih menika menawi basa Jawa asal ipun saking basa Jawa-kuna, kawi: kados ingkang dipunngendikaaken basa tutur tiyang-tiyang kina. Tiyang ingkang basanipun ngapak gadhah pedoman wonten ing aksen Ha Na Ca Ra…. Sanes Ho No Co Ro Ko….
Basa ngapak ugi kaancem punah amargi( kadosipun) badhe dipuntilaraken kalihan masarakatipin. Generasi sakmenika kususipun tiyang enem kathahipun susah menawi nyerat basa Jawa ngangge aksara latin, langkung-langkung menawi ngangge huruf Jawi Ha Na Ca Ra ka…. Kejawi mekaten pihak pamarentah Jateng ugi dereng nyukani dukungan kangge kalestaren basa Ngapak. Tuladhanipun basa pangantar wonten ing sekolah-sekolah daerah ngapak(kadosipun) boten dipunwajibaken ngangge basa ngapak, ananging malah kedah migunakaken basa bandhek.
            Ananging kita boten usah masalahake sedaya menika, kita kedah ngurmati basa kalihan budaya menapa kemawon ingkang wonten kangge njagi kerukunan.  Kita(warga ngapak) pareng lan kedah bangga kalihan basa ngapak, kenging menapa? Ngapak, dialek utawi caranipun tiyang guneman khas daerah Kebumen, Banyumas, Tegal, Brebes, lan daerah kilenan sanesipun sakmenika sampun tambah dimangertosi lan terkenal wonten Indonesia.
 Menawi wonten ing jaman rumiyin, namung sekedhik tiyang (mliginipun wonten ing daerah njawi ngapak) ingkang ngertos kalihan ngurmati dhumateng dialek ngapak, ananging wonten ing jaman sekmenika sampun boten mekaten. Wonten ing salah setunggaling jaman, basa ngapak menika dipun anggep basa “rendahan” dening tiyang sanes. Sahingga kathah lare ingkang sami minder guneman ngginakaken basa ngapak, utawi dialek daerahipun piyambak. Sakmenika sampun boten usah minder-minderan amargi dialek ngapak menika sampun “diakoni” dening warga Indonesia ingkang cakepanipun jembar sanget. Buktinipun, sakmenika wonten ing acara-acara tivi nasional sampun kathah sanget ingkang ngangge dialek ngapak. Tuladhanipun ingkang biasa dipun ucapaken Tukul Arwana, “balik maning nang leptop!”, tuladha sanesipun inggih menika Kartika wonten ing acara pesbuker, teras Parto kalihan Nunung wonten ing acara Opera Van Java. Tiyang-tiyang ingkang tenar ugi kathah ingkang asalipun saking daerah ngapak, kados Yoda Idol saking Kebumen, Dion Idol saking Purwokerto, Febri Idol saking Tegal, juara setunggal dumugi tiga wonten ing acara Indonesian Idol 2012 ngaku yen jenenge “Trio Ngapak”. Ana uga penyanyi pop ingkang tenar inggih menika Vicki Zhou ingkang asalipun saking Tegal, lsp.
Sakmenika artis-artis ingkang sanes asli ngapak sami niroaken tiyang nyapak, salah setunggaling tembung ingkang paling sering ditirokaken inggih menika tembung”inyong/ enyong/inyonge/”.  Sesanesipun hal menika ugi sakmenika sampun kathah ingkang ngangge dialek ngapak wonten ing intenet, upaminipun grup”Berita Kebumen”, “wallet Muda”lsp.
            Kejawi ingkang sampun dipun rembag wonten bagian nginggil kala wau, ugi pamaos kedah mabgertos babagan slogan-slogan ngapak, antawisipun “Ora Ngapak Ora Kepenak”, “Bersatu Kita Kompak, Bertemu Kita Ngapak”, lsp.
            Kangge masarakat Banyumas, basa Banyumasan dipun sebut basa ibu ingkang dipunginakaken kangge sarana komunikasi padintenan. Babagan menika kados pangadikanipun Koentjaraningrat,” orang Jawa memilki pandangan yang sudah pasti mengenai kebudayaan Bayumas selain memiliki bentuk-bentuk organisasi sosial kuna yang khas, juga memiliki logat Banyumas yang berbeda (Koentjaraningrat, 1994:25).


                                                              OPINI
                                                              Dening
                                                              Budi Sih Yuliarini( 10205244011)

“Katrok” Vs “Gaul”

Posted by Jagading Wacana Label:


“Katrok” Vs “Gaul”
Menapa panjenengan tiyang Jawi? Lan kagolong mahasiswa kados dene kula? Kula badhe nyuwun pirsa dhumateng panjenengan. Menapa panjenengan ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan? Menapa para tiyang wonten ing sakiwa tengene panjenengan ugi ngginakake basa Jawi wonten ing padintenan? Lan  setunggal malih, menapa tiyang sepuh ipun panjenengan mulang utawa ngulinakaken basa padintenan panjenengan ngginakake basa Jawi? Menapa malah basa padintenan ingkang dipunginakaken panjenengan lan tiyang-tiyang wonten ing sakiwa tengene panjenengan nginakake basa Indonesia menapa malah basa Manca? Sami kemawon kaliyan tiyang sepuh ing jaman sakmenika menapa taksih ngulinakake utawa mulangake basa padintenan menika basa Jawi? Kula kinten boten. Wonten nanging namung sakedik,lan cacahe kalah kaliyan ingkang ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca.
Leres nggih? Lan panjenengan kula kinten ugi sampun boten rumaos ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan. Langkung remen ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca ingkang langkung rumaos “Gaul”, tinimbang ngginakaken basa Jawi ingkang dipunanggep sampun boten trep kaliyang jaman sakmenika utawi tiyang sakmenika asring nyebat basa menika “ndesa” utawi “katrok.” Leres? Panjenengan mboten prelu rumaos boten sekeca, nampi pitakenan-pitakenan menika. Kadospundi? Amargi kula minangka mahasiswa ugi rumaos gagal, boten saged ngginakeken basa Jawi ingkang sae lan trep kaliyan undha usuking basa wonten ing padintenan. Tiyang sepuh kula uga sami, boten saged ngulinakake lan mulang kula ngginakaken basa Jawi ingkang leres lan trep kaliyan undha usuking basa Jawi menika. Wonten ing sak kiwa tengenipun kula inggih mekaten, tiyang menika rumaos gengsi menawi ngginakaken basa Jawi menika.
Kahanan kados mekaten menapa badhe kalajengaken? Menawi inggih, kados pundi nasibipun  basa Jawi menika? Menapa saged lestantun lan sakmangke putra putri kula lan panjenengan utawi generasi saklajengipun saged micara basa Jawi kanthi sae lan trep kaliyan undha usuking basa lan boten rumaos lingsem ngginakake basa menika? Menawi kula lan panjenengan gengsi ngginakaken basa menika amargi katingal “katrok,” sinten malih ingkang badhe nglestantunaken basa Jawi menika satemah boten katilep dening wolak-waliking jaman? Katlindes dening basa Indonesia lan basa Manca ingkang katingal langkung sae utawi “Gaul.” Saged dipuntingali menawi wonten ing  jaman sakmenika boten tiyang sepuh boten tiyang nem kathah ingkang boten saged micara basa Jawi ingkang trep kaliyan undha usuking basa menika. Basa ingkang asring dipunginakaken wonten ing padintenan inggih menika basa Jawi ngoko utawi basa Indonesia lan basa Manca. Boten usah tebih-tebih wonten ing Jawi kemawon, mliginipun wonten ing Yogyakarta lan daerah Jawa Tengah ingkang raket lan kethel kaliyan basa menika, nanging kahtah ingkang boten saged basa Jawi kanthi sae. Kulo asring rumaos lingsem kaliyang tiyang saking Manca ingkang purun nyinau basa Jawi lan saged ngginakaken basa Jawi kanthi undha usuking basa ingkang trep ugi sae. Tiyang Jawi menika malah rumaos lingsem lan boten purun ngginakake basa Jawi amargi boten purun dipunsebat tiyang “katrok.” Panganggepe basa Indonesia lan basa Manca  menika langkung “gaul.” Lare-lare jaman sakmenika ugi kathah ingkang boten saged basa. Raos lingsem taksih ageng wonten ing diri tiyang Jawi. Para tiyang sepuh uga mboten ngginakaken basa Jawi menika kangge basa Ibu utawi basa padintenan wonten ing griyo. Kahanan menika boten saged dipunpenggalihaken dhumateng pemerentah kemawon amargi basa Jawi menika boten dipunwulangaken wonten ing tingkat SMA. Menawi wonten SD lan SMP ugi dereng trep kurikulumipun. Lunturing basa menika boten tanggeljawabipun pemerentah kemawon nanging ingkang langkung wigatos tiyang sepuhipun ingkang kedah ngulinakaken lan mulang basa Jawi menika wonten ing padintenan kanthi ngicalaken raos lingsem lan “katrok” dhumateng  lare-larenipun. Malah kedah nuwuhaken raos bingah,gadhah lan bangga marang basa Jawi.
 Perkawis ingkang dipunadhepi wonten ing jaman sakmenika inggih menika raos lingsem lan boten pede ngginakaken basa Jawi menika ingkang sampun kabanjur katingal “katrok.” Kirang tanggepipun tiyang sepuh kangge ngulinakake basa Jawi menika dhumateng putra-putrinipun amargi gadhah raos gengsi. Basa Indonesia lan basa Manca  langkung katingal “gaul.” Menawi mekaten langkung-langkung basa Jawi  mesthi bakal kagusur kaliyan basa “gaul” utawi basa Indonesia lan basa Manca wau. Basa Jawi bakal ical lan namung kantun crita lan namung dados guneman. Kahanan kados mekaten mboten namung dipunadhepi dening basa Jawi. Nanging ugi basa-basa daerah sanesipun ing Indonesia ugi mekaten. Kula nelangsa ngenginggi kahanan kuwi. Basa daerah menika bakal ical lan bangsa Indonesia sakmangke boten gadhah identitas bangsa malih wonten ing sangajenge negara manca. Basa Jawi menika nalika sakmangke sampun boten wonten tiyang ingkang purun ngginakaken lan ugi nglestantunaken basa menika saged dipunaku-aku dening negara sanes. Kaya dene batik, reog, masakan rendhang lan ugi lagu daerah  Sumatra. Menawi sampun sakmenika kahanane, sakmangke enggal-enggal kathah tiyang ingkang sadar lan boten saged nampi menawi basa menika utawi kabudayane dipunaku-aku dening nagara sanes. Raos gadhah, tuwuh nalika ningali prekawis menika.
Miturut UNESCO, basa wonten ing dunya menika ingkang langkung kathah punah utawi sampun boten wonten penuturipun inggih menika kathah-kathahipun wonten ing Indonesia. Saking 742 basa daerah ing Indonesia, namung 13 basa ingkang gadhah penutur langkung saking seyuta. Perkawis menika gadhah teges wonten 729 basa daerah sanesipun ingkang jumlah penuturipun wonten ing sangandhaping seyuta. Wonten ing antawisipun 729 basa daerah, 169 basa daerah kaancem bakal punah utawi ical amargi jumlahipun penutur kirang saking 500 tiyang. Perkawis menika langkung nggegirisi wonten ing 10 taun menika. Basa daerah bakalan ical. Babagan menika kedah dipunwigatosaken dening kula lan panjenengan ugi pamerentah supados basa Jawi menika mboten ical.
Wonten kathah panyebab ingkang ndadosaken basa daerah kaanggep “katrok” salah satunggalipun wontenipun basa Indonesia ingkang langkung “gaul.”  Basa Indonesia sampun dados saingan ingkang awrat kangge basa daerah. Wonten kapitadosan basa Indonesia menika “modern” lan “gaul.” Lan basa daerah mliginipun basa Jawi menika “katrok,” “ndesa” lan kuna. Kathah tiyang ingkang miyos lan ageng wonten ing kutha boten saged micara ngginakaken basa Jawi. Tiyang menika lingsem ngginakakeken basa Ibu. Tiyang sepuh langkung remen ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca kangge komunikasi kaliyang putra-putrinipun amargi tiyang sepuh menika gadhah pitadosan menawi kedah saged maju, putra-putrinipun kedah saged basa Indonesia utawi basa Manca, sanes basa Jawi. Ing jaman sakmenika kathah tiyang ingkang langkung bangga micara basa Indonesia utawi basa Manca. Boten namung ing kutha-kutha nanging ugi wonten ing dhusun-dhusun. Boten namung golonganipun tiyang piyayi nanging ugi tiyang biyasa. Wonten ing Sekolah Dasar ugi kathah guru ingkang mulangaken basa Jawi nangging basa ingkang dipunginakaken kangge mulang basa Indonesia. Kathah media massa kados dene  koran, radio lan televisi ingkang nyengkuyung lan ugi ndamel basa Jawi menika sajatosipun inggih “katrok,” “ndesa,” lan kuna.
Ngenginggi perkawis menika kita minangka generasi nem kedah saged nyengkuyung supados basa Jawi menika boten ical kanthi cara paling boten ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan. Boten namung generasi nem, nanging tiyang sepuh ugi kedah sami nyengkuyung lan nyinau sesarengan kangge nglestantunaken basa Jawi. Wontenipun wadhah ingkang saged mulangaken lan ngulinakaken dhumateng masarakat Jawi kangge ngginakaken basa Jawi. Kadosta lembaga-lembaga sosial ingkang preduli kaliyan basa Jawi, sanggar-sanggar basa lan seni, lan ugi sanesipun. Nuwuhaken raos nggadhahi lan boten wonten raos lingsem kangge micara basa Jawi. Ngicalaken anggepan “katrok,” “ndesa,” lan “kuna” ingkang sampun kabanjur tumempel wonten ing basa Jawi. Satemah sakmangke boten wonten basa “katrok” lan basa “gaul.” Basa jawi saged kalestantunaken saking kahanan ingkang saged ndamel basa Jawi menika ical. Dudutanipun ingakang saged kapetik saking perkawis menika inggih menika basa Jawi kedah dipunlestanunaken amargi basa menika salah satunggaling titikan bangsa Indonesia wonten ing sangajengipun negara manca. Raos lingsem micara basa Jawi kedah dipunicalaken. Satemah boten wonten malih anggepan “katrok.” Lan basa Indonesia uga basa Manca boten katingal langkung sae lan “gaul.” 



OPINI
Dening WIJI BUDI LESTARI (10205244021)