Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan

Adus Banyu Tlethong

Posted by Jagading Wacana Label:


Jaman rumiyin rikala kula tesih alit, kula kalihan kanca-kanca remen sanget dolan sesarengan. Dolanan menika ugi werni-werni sanget. Tuladhanipun inggih menika kadosta dolanan mlinjo, lajeng wayang-wayangan, gambul, ubil, sunda manda, umpet-umpetan, tekongan, lsp.
Ingkang naminipun dolanan tradisional kados wau menika ugi mangsan.  Pas rumiyin puniku saweg mangsan dolanan mlinjo. Kula urip wonten dhusun, dados nggih dolanane kula ugi dolanan-dolanan tradisional, ananging ingkang kados mekaten kala wau malah ingkang nengsemake lan boten mboseni. Nalika dolanan tradisional kaya wau, kula saged saged kumpul sareng kalihan kanca-kanca, rame sanget, dados kekancanan wonten ing dhusun inggih sae amargi kados mekaten.
Menawi dipunbandingaken kalihan dolanan dolanan jaman sakniki, tuladhanipun inggih menika game. Wonten sisi positiifipun nalika dolanan game menika, ananging langkung kathah sisi negatifipun, sisi positifipun inggih menika saged kangge nglatih kecerdasan otak, ananging menawi kedangunen anggenipun ngegame ugi saged ngrisak netra, keseringen anggenipun ngegame ugi boten sae tumrap kantong, amargi dados boros.
Jaman rumiyin, rikala kula tesih SD, kadosipun menawi mboten lepat kula tesih kelas 3, kula kalihan kanca-kanca dolanan wonten ing wayah sonten. Sonten puniku ngepasi grimis, kula kalihan kanca kula ingkang naminipun Titi, lan wonten ugi rayinipun Titi ingkang naminipun Lusi kala rumiyin tesih sekolah taman anak-anak.
Gawananku plastik bening tengahan kilo kangge wadhah mbok menawi saged pikantuk mlinjo kathah anggenipun nutur. Wekdal menika panci kula sakanca niat nutur mlinjo. Menawi jawah biasanipun mlinjo ingkang sami ambrol menika langkung kathah. Petualangan dipunlampahi kula lan sakanca. Madosi witing mlinjo, nlusup-nlusup dalan kang alit saha mlebet wonten pekawisan ingkang jembar-jembar.
Boten kraos, jawahipun tansaya nderesi, sitinipun cebrik, kathah toya kados wonten ing blumbangan-blumbangan alit. Kula kalihan kanca kula inggih menika Titi saha Lusi mlampah madosi mlinjo. Kula mlaku wonten barisan paling wingking, kanca kula tiyang kalih menika sampun mlampah wonten ngajeng kula kirang langkung 5 meter. Nalika kula lagi sante mlaku kalih pandos mbok menawi manggih mlinjo, ujug-ujug…… “ JeeeGurrrrRRR.” Kula mlebu wonten blumbangan alit, ananging sealit alite blumbang kala wau nggih tesih jero amargi kala rumiyin kula nggih tesih alit. Apese malih, kanca kula kekalih kala wau boten mangertos menawi kula mlebu blumbangan. Kula timbali“ Ti… Ti…. Enteni aku… iki aku kecemplung….” Kula nyuwun tulung ananging ugi kepengin nggujeng nggih ugi kepengin nangis. Titi lan Lusi kaget rikala mriksani kula kecemplung, teras lare kalih wau malah nggujeng kepingkel pingkel. Walah jan….. apes tenan nasibku…. Mlinjo setunggal wae dereng manggihi…kok malah sampun kecemplung, teles kebes…. Sesampunipun sami gemuyon, tembe ngewangi kula mentas saking blumbang, kula ditanting Titi lan Lusi.
            Klambi kula teles kebes, tapi kok wonten ingkang aneh… “Mambu….” Batin kula wekdal menika, ananging boten kula penggalih lajeng kula teras wangsul. Boten pikantuk mlinjo mboko setunggal ananging malah apes ….. “Sesuatu yaa” hahaha.
Dinten enjingipun kula tembe mangertos mambu ingkang saestu boten eco sanget wonten ing blumbang kang temempel wonten rasukan kula. Sanyata blumbang nalika kula kecemplung wau blumbang kangge mbuwang tlethong sapi. “Masya Alloh….. aku adus banyu tlethong…” hahahaha
Yen kelingan rikala cilik gemiyen dadi kepengin ngguyu geget. :D

CERKAK
Budi Sih Yuliarini(10205244011)

Sukur Dhobel

Posted by Jagading Wacana Label:



“Ji…pokoke kowe sesuk rampung sekolah langsung melu mbakmu! Sekolah kebidanan wae!!” Ngendikane Bapak.
“Puji mboten pengen sekolah bidan Pak.”
“Ya, kudu gelem.”
Bapak pancen wonge otoriter. Apa kang dadi kekarepane kudu dituruti lan kaleksanan. Sering wong saomah padha nesu nanging mung dipendhem nang njero ati, merga ngendikane Bapak utawa nalika Bapak nesu. Nalika Bapak prentah utawa nyuwun apa-apa, wong saomah ora ana kang wani mbantah. Kabeh padha manut lan nurut karo Bapak.
Ya kaya Puji kuwi. Sebenere dheweke ora pengin sekolah kebidanan. Nanging Bapak meksa dheweke kudu mlebu sekolah kuwi. Puji lewih seneng karo jurusan Geografi utawa Sosiologi. Nanging njuk piye maneh, dadi anak kudu nurut karo wong tua. Merga wong tua kang bakal ngragadi sekolahe. Puji mung bisa ngarep lan ndonga marang Gusti Allah, muga-muga atine bapak bisa nrima kekarepane.
Wektu semana Puji kelas 3 SMA lan wis wayahe dheweke golek-golek sekolah kang trep karo atine. Kanca-kancane uga mangkana, wis padha sibuk golek-golek informasi pendaftaran mahasiswa anyar ing Universitas-universitas kekarepane dhewe-dhewe. Nanging kang paling penting uga sinau kanggo ngadhepi ujian nasional. Akeh usaha kang ditindakake seliyane ndonga dhateng Gusti Alloh, uga padha melu les utawa bibel (bimbingan belajar). Supaya kabeh bisa lulus ujian nasional lan UMPTN.
“Ji…rencanane kowe bar SMA arep neruske sekolah apa kerja?” Pitakone Dita.
“Insyaalloh aku ya lanjut sekolah Dit. Lhah kowe piye?” Puji njawab.
“Nek aku langsung lanjut wae. Aku pengin njupuk jurusan Sastra Inggris nang UI.” Lan banjur takon.“Kowe piye?”
“Aku si kepengine njupuk Geografi nek ora ya Sosiologi. Tapi neng Bapakku ora entuk. Aku dikon mlebu kebidanan kaya mbakku.”
“Ooohh…ya coba kowe omongake kekarepanmu marang Bapak. Sapa ngerti bapak bisa ngertuni kekarepanmu.”
Bubar sekolah, Puji langsung bali omah. Dina kuwi Puji ora ana pelajaran tambahan utawa les. Ing omahe Puji ngenteni Bapake kondur. Dheweke ming mlaku ngalor ngidul karo temungkul kaya wong goleki mlinjo. Puji pengin cepet-cepet ketemu Bapak lan ngomongake kekarepane.
Srengenge saya mingslup umpetan neng mburi gunung. Pertandha menawa awan bakal ganti peteng. Puji saya ora sabar. Seka kadohan gremeng-gremeng krungu suwara motore Bapak. Atine bungah banget. Sawise Bapak liren, siram, solat lan dhahar, Puji ngumpulake kabeh rasa wani kang diduweni kanggo ngomong karo Bapak. Sadurunge dheweke wis siap kabeh karo resiko kang bakal tampa.
“Bapak menapa Puji angsal menawi tumut UMPTN?” Pitakone Puji rada wedi.
“Lhah ngapa kowe melu UMPTN? Bapak kan wis ngomong nek kowe mlebu kebidanan wae kaya mbakmu!”
“Nggih Pak, nanging Puji pengin nyobi tumut UMPTN.”
“Ya nek karepmu kaya ngana ya ora apa-apa, cobanen kana melu UMPTN ben kowe ya nduwe pengalaman.” Ngendikane Bapak. “Nangin ya ana sarate, kowe kudu njupuk basa Jawa. Lan kuwi kudu dadi pilihan nomer siji.”
Krungu ngendikane Bapak, Puji seneng banget. Senajan ana sarate, nanging iku ora dadi masalah kang gedhe. Sing penting saiki dheweke bisa melu UMPTN. Sinaune uga dadi tambah rajin saka sadurunge. Semangate pol-polan tenan, ben bisa lulus kanthi biji kang apik lan bisa lolos UMPTN. Sahengga dheweke bisa gawe bangga wongtuane.
Menit kaganti jam, jam kaganti dina. Dina ka ganti minggu lan sasi, nganti tekan titi wancine Puji lulus ujian nasional kanthi biji kang ore ngisin-ngisini. Bapak uga bungah lan bangga marang Puji. Sukur Alhamdulillah banget. Saiki konsentrasine ketuju kanggo sinau UMPTN. Saben dina Puji latian soal-soal ujian masuk perguruan tinggi. Nganti tekan dinane dheweke kudu melu ujian. Puji melu ujian kanthi pangarep-arep bisa ketampa. Pilihan nomer siji Puji njupuk Basa Jawa kaya janjine marang Bapak. Lan pilihan nomer loro dheweke njupuk Geografi. Pelajaran kang paling disenengi Puji.
Sesasi wis keliwatan, dina iki dina senen. Dina pengumuman UMPTN. Puji rasane deg-degan ora karuan. Nang atine kebak pitakonan dheweke ketampa apa ora. Jam 08.00 esuk, Puji lunga neng warnet kanggo niliki pengumuman UMPTN. Lan Puji seneng banget nalika ngerti dheweke bisa lolos UMPTN. Sanajan Puji ketampa ana jurusan sing pilihan pertama yaiku Basa Jawa, Puji tetep seneng banget merga dheweke bisa kuliah ing Universitas lan ora kuliah kebidanan kang ora trep karo atine. Puji langsung bali lan ngandhake marang Bapak Ibune. Ora dinyana-nyana Bapake ngrestoni Puji kanggo kuliah ing Universitas, ora meksa dheweke maneh kuliah ana kebidanan. Allhamdulillah…

Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021

Nama Kula Asih Suwiryo

Posted by Jagading Wacana Label:


Asih Suwiryo menika putri ingkang nomer setunggal saking pasangan Suwiryo kaliyan Retno. Asih menika gadhah adhik ingkang namanipun Prawito Suwiryo. Ibunipun Asih sampun seda gangsal taun kepungkur, rikala nglairake Wito. Amarga Wito tasih alit lan boten wonten ingkang ngurusi Bapakipun Asih lajeng nikah malih kaliyan Sutri. Sutri menika janda ananging boten kagungan putra. Kaluwarganipun Asih kagolong kaluwarga ingkang kagungan. Bapak ipun Asih makarya wonten ing Kalimantan usaha sade batu bara. Amarga kuwi Asih kaliyan Wito asring dipuntilar Bapakke lan tinggal kaliyan Ibu Tirinipun.
Ing dinten menika Asih kalian Wito saweg dolanan. Ananging boten dipunsengaja Wito nyenggol guci ingkang dipunremeni kaliyan Ibu tirinipun.
“Prangggg”, pecah
Asih kaliyan Wito pandeng-pandengan. Wito gemeteran ngrangkul mbakyune kenceng banget. Asih ngraos sanget menawi adhikipun wedos sanget. Lajeng Asih kaliyan Wito sami-sami sepakat boten badhe matur kaliyan Ibu tirinipun.
Bibar Ashar, Ibu menika kondur saking peken. Ibu ningali menawi guci ingkang ngajeng umah menika pecah.
“Asihh... Witoo.... Rene cepet”, pandhawuhe Ibu.
“Nggih Bu,”Wangsulane Wito kaliyan Asih kanthi kamiweden.
“Sopo sing mecahke guci iki?”, Pitakone Ibu kanthi nesu-nesu amarga guci ingkang dipunremeni pecah.
Asih kaliyan Wito namung meneng boten mangsuli piatkenanipun Ibu.
“Nek ora ana sing ngaku, arep tak ukum kabeh, ora ulih do mangan sore iki. Ben do keluwehen.”, Pangucape Ibu kanthi ngancem Asih lan Wito.
“Kula Bu..”, Wangsulanipun Asih. Asih menika boten tegel menawi adhine boten nedha kamangka adhine tasih alit kedah betahaken gizi ingkang cekap. Asih ugi mikir adhine boten bakal kiyat nahan luwe.
“Bukak tanganmu”,  Pandhawuhe Ibu. Ibu sampun siap nyekel sulak .
“Plak..plak..plak...”, sulak menika disabetake ana ing tlapak tangane Asih. Asih netesake luhhe lan lambene ngrintih nahan lara. Wito boten tahan ningali Mbakyune disabeti kaliyan Ibu Tirine. Amarga saking wedine, Wito namung saged nahan nangis lan mlayu wonten ing kamar.
Wengi iku Wito nyuwun pangapura kaliyan mbakyune. Amarga kaluputane mbakyune kudu nanggung resiko kang gedhe. Sanajan tasih alit Wito ngrasa salah kaliyan mbakyune. Dheweke ngrasa yen kudune dheweke kang disabeti wau dudu mbakyune.
“Mbak..”, Pangucape Wito
“Nopo dhe”, wanguslane Asih
“Nyuwun pangapunten nggih Mba. Kedahipun kula kang disabeti Ibu Wau”, Pangucape Wito karo mingseg-mingseg.
“Boten menapa-napa dhik. Mbak menika sampun janji kaliyan almarhum Ibu badhe njagi Wito”, Wangsulane Asih.
Asih kaliyan Wito lajeng rangkulan.
Wektu sansaya mlaku, Wito sansaya gedhe lan kedah mlebet sekolah dasar. Wito menika kagolong lare ingkang pinter kabukten rikala wonten ing Taman Kanak-Kanak, Wito kagolong murid ingkang berprestasi.
Asih tasih kelingan sanget, wektu kuwi saweg jamane krisis moneter. Kathah usaha ingkang gulung tikar, kalebet usahanipun Bapak. Wektu kuwi jam 12.00 wengi, ndilalalah Asih arep mundhut ombe ana ing dapur. Boten dipunsengaja, Asih mireng Bapak kaliyan Ibu padhu amargi masalah dhuwit. Lagi kahanane kaya ngene Ibu ora kepengin nyekolahke Wito ananging Bapak kepengin Wito sekolah lan pikantuk pendidikan.
Asih kepikiran masalah kuwi. Kangge solusi masalah menika, kedah wonten kang ngalah antawisipun Asih kaliyan Wito. Asih mikir yen dheweke boten kenging egois, dheweke ora tegel yen ninggali impenane Wito anggone mlebet sekolah ajur mumur.
“Pak.....”, Pangucape Asih.
“Ana apa Sih”, Wangsulane Bapak.
“Pak Asih boten sah nglajengaken SMA mawon?”, Panjaluke Asih.
“Opo Sih?? Bapak ki kepengin kowe ki luwih pinter saka Bapak luwih bisa dhuwur ekonomine saka Bapak.”
“Ananging Pak..... Sakderenge kula nyuwun pangapunten, wau dalu kula mireng pangandikanipun Bapak kaliyan Ibu. Kula namung boten tegel Pak kaliyan Wito.” Pangucape Asih
“Masalah kuwi ojo mbok pikir. Bapak isih iso mikir kanggo kowe lan Wito. Sing penting saiki, kowe karo Wito bisa sekolah kanthi dhuwur. Kuwi janjiku karo almarhum Ibumu.”Wanguslane Bapak. Bapak boten kiat anggenipun nahan rasa trenyuh amarga krungu pangorbanan ingkang badhe dipuntindakake kaliyan putrinipun.
Masalah Ekonomi wonten ing kaluwaragane Asih sansaya akeh. Bapakke Asih kedah utang kaliyan tiyang kathah kangge nyekolahake Asih kaliyan Wito. Ditambah maneh Ibu tirine Wito kaliyan Asih lunga saking umah amarga boten tahan kaliyan masalah ekonomi ingkang saweg dipunalami. Amargi rikala rumiyin pakulinana urip ingkang kepenak.
Asih sansaya suwe ora tegel ninggali Bapakke pontang-panting kerja. Pasuryane Bapak katon pucet amarga biyen boten biyasa makarya ingkang abot saiki kedah makarya menapa kemawon sing penting pikantuk arta. Lajeng Asih mikir pripun carane kangge mbiyantu Bapak. Asih kepikiran yen dheweke isa gawe les-lesan wonten ing dhusune. Wiwitane Asih rada ora yakin ananging kedah dipuntindakake demi Bapak lan Wito.
Asih nawar-nawarake les-lesane kaliyan tangga sakkiwa tengene. Awale muride namung loro terus saklajengipun nambah lan nambah. Amarga bocah loro mau prestasine sansaya munggah sasampunipun diles kaliyan Asih. Asih anggenipun ngeles bocah-bocah kuwi, Asih boten mathok upah. Kersanipun tiyang sepuhipun lare-lare badhe maringi pinten. Sok-sok wonten tiyang sepuhipun ingkang maringi gula, teh kaliyan kasil panen. Menawi mekaten Asih tetep nampi kanthi ikhlas lan lila legawa.
Saking upah, Asih wiwit nabung kangge modal usaha sanesipun. Tabungane Asih menika dipunperang dados kalih. Setunggale kangge Asih, satunggale malih kangge Wito. Wito rikala semnaten kepengin ngingu pithik.
“Wito, kepengin ngingu pithik to?”, Pitakone Asih.
“Nggih Mbak, badhe Wito ternakke. Mangke menawi pithikke sampun kathah saged dipunsade Mba,” Wanguslane Wito.
“Wah... pinter sanget Wito ki. Tasih alit ananging pikirane kadosta tiyang ageng,” Pangucape Asih.
“Wito kan kepengin kados Mbak Asih”, Wangsulane Wito.
“Hahaha.... Sesuk nek Wito juara setunggal, Mbak janji badhe numbasaken Wito pithik sakpasang,” Janjine Asih.
“Horeeeeee.......”, Wangsulane Wito katon seneng banget.
          Dinten menika Wito nampi rapot. Asih sampun nyiapake pitik wonten ing kandhang wingking. Sanajan Wito boten pikantuk juara setunggal ananging Asih tetep badhe maringi pithik wau. Katon bungah sanget rikala Wito nampi pithik saking Mbakyune, ditambah maneh Wito saged pikantuk juara setunggal wonten ing kelas.
          Tabunganipun Asih kangge usaha sade alat-alat tulis kaliyan jajanan pasar. Alhamdulilah sakmenika Asih saged pambiyantu Bapak ngirangi kabtehan ekonomi. Asih ugi saged paring manpangat kangge masyarakat amarga ngeles lare-lare saengga prestasi wonten ing sekolah menika minggah.

CERKAK 
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)

Posted by Jagading Wacana Label:


DITEKANI NYI RORO KIDUL
 Ana ing sawijining dina aku (Maryani) dilamar karo kakang IP ku(Sumarto) . sakdurunge blabar – blabar, rumiyin Sumarto iku bojone mbak yu ku kang jenenge Risa . Saka kramane Sumarto karo mbak Risa mau wis duwe anak lanang kang jenenge Satria. Satria iki ming anak tunggal . Satrio iku isih TK.
Ana ing tahun 2002 mbakyu ku iki divonis dokter loro kanker. Krungu sedulur sanak kadang, ibu, bapak,mertua kabeh podho kaget mergo kuwi mau . Wes di operasi , digowo nang gone wong pinter  ora mundak . Akhire Bobi  lan sak sedulur e podho pasrah amargo wes ora ana pangarep – arep yen isih bisa nerusake urip ing donya iki .
Ing pertengahan sasi agustus mbayu ku mau wis dipundhut dhateng Pangeran .Kabeh para sedulur lebur dadi siji padha nangsi mbakyu ku mau, amarga akeh tumindak becik kang isih kelingan  tumrap wong sapadha .
Ora let suwe saka tilar donyane mbakyu ku mau, kira – kira ana 10 sasi aku dilamar karo Sumarto mergo satrio  isih cilik lan simbah e wes sepuh  yeng ngewangi Sumarto ing urusan masak lan liya liyane.
 
Sumarto: “Dik Maryani kowe gelem ora nggenteni Risa dadi ibune Satrio?”
Maryani :” heh………………!Mas aku iki adhimu IP! Mengko piye karo Satrio,bapak ibu lan para sedulur?”
Sumarto:” Dik, yen kowe gelem karo aku satrio mesthi bakal narimo raketan bocahe rada nggrudel sethithik, mengko mesthi bakal narimo sautuhe..”
Maryani:”Bapak lan ibu piye mas…?”
Sumarto:”Wes mengko aku tak matur karo bapak yen aku mutus kaya ngene mergo Satrio.”
Maryani:”Y owes mas aku manut panjenengan mawon.”
Ora let suwe mas Sumarto matur karo bapak yen arep nikah karo aku. Mergo ngerti alesan mau, bapak ngrestoni yen aku dipek  mas Sumarto dadi bojone.
Mergo bapak wes ngewenehi restu marang aku lan  mas Sumarto, langsung sasi candake aku ijab karo mas Sumarto. Nanging ana ing tengah wengi rong dino sadurunge aku ijab karo mas Sumarto aku turu, nanging aku krasa ana kang nindihi aku.

Maryani: ”Duh Gusti iki apa ya kok abot banget..!”

Mripat ku delok ing pojokan ana wong wadon nganggo kemben ijo  dhuwurane  warna emas lan nganggo mahkota.
Maryani:”nyuwun ngapunten sinten nggih….!” Suaraku ora iso ngomong sero, nanging lirih lan serak. Aku nekoni wong wadon mau mboh wes ping 5 punjul blas ora nyauri.
Aku langsung nyebut marang gusti  ora let suwe wong wadon mau ilang.Aku langsung gregah, tangi, mbatin apa kang ana ing klamar ku.
Esukke aku ora crita – crita marang sapa wae babagan kuwi. Tekan sadurunge ijab aku durung wani crita marang sapa – sapa.Sawise rampung ijab lan resepsi, aku lagi wani crita marang wong tua lan simbah babagan wong wadon mau.
Maryani:”Pak, bu, mbah ,kula kala 2 dinten saderengipun ijab menika dalunipun kulo mbuh ngimpi menapa boten  kula menika weruh wong wadon ngagem ageman kemben ijem lan inggilipun emas ngagem mahkota menika menapa njih?, saestu kula ngoplok ndeleng menika wau lha lajeng saget ical ngaten e……….!??”
Simbah:”Ooooooooalahhh nok ..!!... kuwi kanjeng ratu kidul…..!!”
Maryani:” haaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa……!!...saestu mbah………..?”
Simbah:” tenan kuwi nok aku yo wes tau ditekani kaya mangkana pas arep rabi karo mbahmu kakung biyen…!
Maryani:”lajeng menika pratandha menapa?”
 Simbah:”Kuwi pratandha becik nok, kuwi tanda yen kowe lan bojomu diparingi restu anggone        bebojoan.”
Maryani:” menapa kok kanjeng ratu menika saged ngaten menika?”
Simbah:”Nah kuwi amarga suargi mbah buyut u iku isih keturunane Kraton.”
Maryani:” oalah ngaten to ..!!”
Amarga dicritani karo simbah atiku banjur ayem lan aku batin jebulane ngono kuwi ta sejarahe kok aku iso ditekani karo kanjeng ratu.
CERKAK
Dening:Widha prastawa
NIM    :10205244005
                        G

Ketiban Cecak

Posted by Jagading Wacana Label:



Sawijining sore ning dhuwur lincak ngarep omah, simbok lan Pras anake lanang lagi gayeng rembugan
“lho le..simbok ngematke awit mau koq raiumu katon suntrut, dheleg-dheleg. opo mau bar didukani Bu Guru ning sekolah? …hayooo”
“eh..simbok, mboten yo..mosok sih?”
“halah ra sah sulaya aku ki wis apal ogh karo lageyanmu” simbok ngendikan sambi nggujeng
“hehe…mboten wonten punapa-punapa koq, tapi Pras lagi kepikiran dadine ora jenak ning ati”
“lha kenapa to le sakjane?”
“niku lho mbok, jare wong jaman mbiyen nek ono sing ketiban cecak bakal nemahi bilahi, lha ndilalahe dhek isuk pras pas arep njupuk klambi ki ketiban cecak mbok” pungkasane Pras crita karo simbok
“weleh weleh…kuwi to le sing marai kowe sajak ora tentrem ngono, lha awakmu percaya ora?”
“nggih percaya nggih mboten mbok” jawabe Pras
***
“kene le tak kandhani yo, sing jenenge cilaka orane wong siji lan sijine ki ora gumantung marang cecak, kuwi ming gugon tuhon
gugon tuhon ki napa to mbok?” pitakone Pras
“apa yo le?..hmm kuwi nek basa keren e semacam keyakinan irasional, takhayul ngono kuwi lho” jawab simbok rada ilmiah
“woo…dadi mboten bener nggih, nek menawa ono wong ketiban cecak njur bakal sial?”
“yo jelas big no no to le ora bener iku, wong dhewe ki lak nduwe Gusti, kabeh pitulungan ki saka kana, dadi ora amarga hal sepele wong dadi cilaka, iki lak meh padha karo yen ana wong nabrak kucing njuk ora dirumat terus iso dadi sial, padahal ora mengkono sebenere”
“lha pripun sakjane mbok?”
“yo kabeh kedadeayan ning ndonya ki asline sebab akibat le, masiya ngono sing jenenge takdir yo tetep ora iso diendhani, nanging jejer kita iki menungsa ya dadia wong kang becik lan ngati-ati ojo sembrana lan ora nuruti aturan supaya urip e ki tentrem, eling a sapa sing nandur bakal ngundhuh”
“hmm..mekaten nggih mbok intine…Pras mudeng sakniki”
“lha yo ngono kuwi le…nah amarga kowe wis mudheng, dadi saiki wayahe awakmu mijeti simbok, sikilku pegel kabeh sedina iki dodolan mubeng ndesa”
“oke deh mbok…siappppp”

CERKAK
DENING : FAIZAL RAHMAT (08205244001)