Tampilkan postingan dengan label Legenda. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Legenda. Tampilkan semua postingan

JAKA TARUB

Posted by Jagading Wacana Label:



Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
                Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
                Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.


LEGENDA
DENING : FAIZAL RAHMAT (08205244001)


Asal usul pedhukuhan Maladan

Posted by Jagading Wacana Label:


Asal usulipun menika saking tiyang ingkang pagaweanipun nderes nira klapa lajeng saking deresan menika dipunolah dados gendhis, karana saking tiyang menika kalebet tiyang ingkang mboten gadhah, tiyang menika dipunwastani dening masyarakat  “Ki Patungmlarat”. Ananging tiyang sanes  ingkang tepang kaliyan Ki Patungmlarat menika nganggep Ki Tukangmlarat gadhah pribadi ingkang kiat tirakat/tapa brata, satemah dadosaken tiyang ingkang luhur budinipun saha sekti ilmunipun. Amargi menika dipundadosaken sesepuh wonten ing tlatah menika.
Wonten ing sawijining dinten nalika Ki Tukang mlarat nembe minggah wit kangge nderes nira,wonten tiyang ingkang rawuh non inggih tiyang ingkang alim saha nyuwun pirsa” kisanak, menapa sebabipun panjenengan badhe nderen nira menika kedah nyebat ukara “ clontang clantung, wong nderes buntute bumbung, apa gelem ora?” lajeng Ki Tukang mlarat jawab” menika mantra supados hasilipun saged kathah,….ah, ingkang dipun ucapaken menika lepat” jawabipun tiyang alim, lepat saha kirang lepat? Jawabipun Ki Tukangmlarat,jenengan menika dereng tepang kaliyan kula. Kula menika tiyang ingkang deres nira kawit alit.menika ngelmi saking warisan turun temurun saking leluhur saha mantra menika maton. Leres kisanak, ananging wonten mantra ingkang linuwih,ingkang saged ngangsilaken nira ingkang kathah”,jawabipun tiyang alim, cobi panjenengan buktikaken!” panjalukipun Ki Tukangmlarat,nggih, keparenga kula mirsani panjenengan anggenipun ngolah nira menika. Lajeng Ki Tukangmlarat menika nedahaken kadospundi caranipun damel gendhis. Tiyang  wau inggih nyetak gendhis aren setunggal tangkep lajeng dipun cetak dipunparingaken dateng Ki Tukangmlarat lajeng nilar pesan supados mboten dipunbikak  saderengipun tiyang alim menika kesah.
Lajeng KI Tukangmlarat menika mbikak cetakan gendhis hasilipun saking tiyang alim menika. Netranipun kaget karana wosing sampun sanes gendhis ananging emas. Ki Tukangmlarat menika menggalih bilih tiyang alim menika tiyang ingkang sekti, lajeng Ki Tukangmlarat menika nguyak tiyang alim menika lajeng katututan lajeng kepanggih malih kaliyan tiyang wau amargi tiyang alim menika sunan kalijaga ingkang kawentar wonten ing tiyang mlarat. Amargi taksih kepingin mangertos kaliyan tiyang wau lajeng KI Tukang mlarat menika nyuwun dipunwulang mantra sekti wau. Lajeng kersa dados muridipun sunan kalijaga saha dipun ajari syahadad. Saking menika wau Ki Tukangmlarat dipun ajak Sunan Kalijaga ngembara wonten setunggal papan saha papan sanesipun sinambi nyebaraken dakwah islam.
Wonten ing sawijining dinten, Sunan Kalijaga pamit dating Ki Tukangmlarat, Sunan Kalijaga badhe sembahyang wonten mekah (wonten ing versi sanesipun  menika wonten demak). Lajeng Ki Tukangmlarat menika dipundawuhi kangge njagi tongkatipun Sunan Kalijaga.
Ki Tukangmlarat menika lenggah sila, saking dangunipun badan saking KI Tukangmlarat menika ngantos kebak suket saha alang alang. Papan ingkang dingge tapa menika dados kathah tetuwuhan ingkang kathah sanget inggih menika tetuwuhan ingkang dipun sebat grumbulan. Wonten ing papan asanesipun Sunan Klijaga kemutan bilih Sunan Kalijaga menika sampun nilaraken muridipun, lajeng Sunan Kalijaga menika rawuh wonten ing papanipun Ki Tukangmlarat saha tongkatipun.
Sasampunipun dugi wonten ing papan kasebut sampun wonten tetuwuhan ingkang kathah, lajeng tetuwuhan menika dibun bakara kaliyan Sunan Kalijaga ngantos telas,ananging Ki Tukangmlarat menika mboten sakit ,mboten kenging agni menika naming kulitipun dados cemeng. Karana cemeng (geseng), lajeng sunan kalijaga menika maringi gelar kangge Ki Tukangmlarat dados Sunan Geseng. Lajeng saking sunan geseng menika dipunbakar dadosaken nama dusun wonten ing desa jatimulya dlingo bantu inggih menika dusun maladan menika saking tembung mulad  (agni ingkang mulad mulad).

LEGENDA
Dening : Widha Prastawa (10205244005)

Legenda Kamandaka Lan Goa Jatijajar

Posted by Jagading Wacana Label:


Gua Jatijajar menika salah satunggaling papan pariwisata wonten ing Kabupaten Kebumen. Dawanipun gua menika kirang langkung 250 meter kanthi dhuwuripun 15 meter lan ambanipun kirang langkung 25 meter.  Wonten ing Gua Jatijajar menika wonten kali lan sekawan sendang inggih menika kantil, mawar, jombor lan puser bumi. Wonten ing gua menika ugi wonten kathah patung-patung saukuranipun manungsa ingkang nyariosaken Raden Kamandaka utawi Lutung Kasarung.
Arya Kamandaka utawi Lutung Kasarung inggih menika salah satunggaling putranipun Prabu Siliwangi, Raja Kerajaan Pajajaran. Wonten ing wekdal menika Raja sampun sepuh saengga raja menika badhe nganggkat Putra Mahkota kangge ngantosaken Prabu Siliwangi menika. Prabu Siliwangi menika gadhah tiga putra lan setunggal putri. Kalih putra inggih menika Banyak Cotro lan Banyak Ngampar saking permaisuri ingkang kaping setunggal. Ananging permaisuri menika sampun seda. Putra lan putri sanesipun inggih menika Banyak Blabur lan Dewi Pamungkas menika saking permaisuri ingkang kaping kalih inggih menika Dewi Kumudaningsih. Ananging Prabu Siliwangi menika gadah janji menawi putranipun Dewi Kumudaningsih ingkang badhe dipundadosaken Raja.
Wonten ing sawijining dinten menika Prabu Siliwangi nimbali calon putra mahkotanipun inggih menika Banyak Cotro lan Banyak Blabur kangge pinanggih kalih piyambakipun. Prabu Siliwangi menika badhe nganggkat putranipun kangge nggantosaken dados Raja. Ananging saking kalih putra menika boten wonten ingkang purun dados raja wonten ing Pajajaran. Banyak cotro menika dereng siap amargi dereng gadhah ilmu ingkang cekap lan dereng pikantuk sisihan. Banyak Cotro, badhe nikah menawi pasuryanipun tiyang estri menika sami kaliyan pasuryaning Ibunipun ingkang sampun seda. Lajeng Banyak Cotro nyuwun idin badhe kesah saking Pajajaran kangge nggolet tiyang estri menika.
Banyak Cotro menika lajeng pinanggih kaliyan pendeta Ki Ajar Winarong  ingkang dados Pertapa wonten ing Gunung Tangkuban Perahu.  Pendeta menika ngendhika menawi Banyak Cotro pengin pinanggih kaliyan Tiyang estri menika, Banyak Cokro menika kedah rila boten ngangge ageman Kerajaan lan kedah dipungantos kaliyan ageman rakyat biayasa. Lan Banyak Cotro ugi kedah ngginakake nama bedha inggih menika Arya Kamandaka. Sasampunipun mlampah madinten-dinten, Arya Kamnadaka dumugi wonten ing Kadipaten Pasir Luhur. Wonten ing mrika Arya Kamandaka dipunangkat anak kaliyan Patih wonten ing Kadipaten Pasir Luhur inggih menika Reksonoto.
Kamandaka lan Dewi Ciptoroso
     Wonten ing pasir luhur menika Arya Kamandaka saged nemokake tiyang estri ingkang pasuryanipun sami kaliyan ibunipun. Dewi Ciptoroso namanipun, putri bungsu Adipati Kanandoho ing wekdal menika mimpin Kadipaten Pasir Luhur. Arya Kamandaka tresna kaliyan Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso ugi tresna kaliyan Arya Kamandaka. Lajeng Arya Kamandaka lan Dewi Ciptoroso menika ketemu secara langsung wonten ing  Kaputren Kadipaten Pasir Luhur. Ananging pertemuan menika dipunmangertosi kaliyan para prajurit Kadipaten. Mireng kadosmekaten Adipati Kandandoho lajeng nesu sanget kaliyan Arya Kamandaka. Rikala dikejar kaliyan Pasukan Kadipaten Pasir Luhur, Arya Kamandaka terjun wonten ing kali. Pasukan lan Adipati Kanandoho ngirra menawi Arya Kamandaka sampun seda.
     Sasampuninipun dangu saking kedadean mekaten, Adipati kandandoho mireng menawi Arya Kamandaka menika tasih urip. Arya Kamandaka menika wonten ing Dhusun Panagih lan diangkat anak kaliyan Mbok Kertosuro. Wonten ing wekdal menika wonten pemuda ingkang namanipun Silihwarni. Silihwarni menika badhe ngabdiaken piyambakipun kangge Adipati Pasir Luhur. Adipati menika badhe nrima ananging saged mateni Arya Kamandaka. Kangge bukti Silihwarni kedah beta getih lan atinipun Arya Kamandaka. Sajatosipun Silihwarni menika nama sanesipun Banyak Ngampar, rayinipun Arya Kamandaka. Silihwarni lajeng memburu Arya Kamandaka dumugi wonten ing Dhusun Karang Luas. Wonten ing papan menika Kamandaka lan Silihwangi pinanggih. Ananging boten sami kenal amargi ngginakaken ageman rakyat biyasa. Arya Kamandaka lan Silihwangi lajeng gelut. Wonten ing gelut menika Arya Kamandaka ketusuk Keris Kujang Pamungkas silihwangi. Ananging Kamandaka saged nglolosake piyambak.
 Lajeng Arya Kamandaka terus mlayu dumugi goa. Wonten ing goa menika Arya Kamandaka leren lan ngumpet saking Silihwarni. Silihwarni kelangan jejakipun Arya Kamnadaka, lajeng Silihwarni nantang Arya Kamandaka. Mireng tantanganipun lajeng Arya Kamandaka ngendhika sinten piyambakipun ingkang sebenarnya. Silihwarni ugi ngendhika indentisaipun piyambak. Lajeng Arya Kamandaka lan Silihwarni rangkulan lan saling memaafkan, Goa menika lajeng dipun paringi nama Goa Jatijajar. Arya kamandaka lajeng tapa wonten ing Goa Jatijajar. Wonten ing goa menika Arya Kamandaka pikantuk petunjuk menawi badhe kaleksana niatipun bebrayan kaliyan Dewi Ciptoroso menawi Arya kamandaka sampun pikantuk ageman Lutung. 

LEGENDA
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)

Legenda Kecamatan Gombong

Posted by Jagading Wacana Label:



Gombong inggih menika salah satunggaling nama kecamatan wonten ing Kabupaten Kebumen. Papanipun wonten ing sisih kulon, sisih kidule kecamatan Kuwarasan, wetane kecamatan Karanganyar lan sisih kulone  Kecamatan Sempor. Gombong ugi sakmenika dados ibukota kecamatan lan kota ingkang paling rame sasampunipun Kebumen.
Wonten masa perjuanganipun Pangeran Diponegoro (1825-1830) nama Gombong dereng wonten, nanging namanipun inggih menika dukuh Giyombong. Nama dukuh kasebat kadadosan saking nama kepala dukuhipun inggih menika Kyai Gombong Wijaya ingkang sejatosipun saking Banyumas. Kyai Giombong menika bekas prajurit Pangeran Diponegoro ingkang berjuang wonten ing Banyumas.
Amargi daerah Banyumas sampun dipunkuasai Kompeni Belanda, Kyai Gombong Wijaya kesah saking Banyumas dhateng salah satunggaling daerah ingkang boten wonten ingkang gadhah inggih menika daerah ing sisih kilenipun desa Kemit. Kyai Gombong Wijaya minangka ketua rombongan, lan ugi dados bekel utawi kepala dukuh. Salajengipun Kyai Gombong dipunsebat Kyai Giyombong. Kathah tiyang ingkang dugi wonten ing dukuh Giyombong kangge dados rayat dukuh Giyombong lan ugi wonten ingkang namung mampir. Tiyang-tiyang kasebat ngungsi saking daerang ingkang sampun boten aman amargi daerahipun sampun dipunkuasai Belanda.
Saking Banyumas, Belanda sampun kalah lan mundhut siasat kanthi mbangun pertahanan wonten ing dukuh Giyombong ingkang sampun rame dening rakyat lan dereng kathah dipun mangertosi kawontenanaipun. Belanda mbangun Benteng ingkang samangke badhe dipun ginakaken kangge ngayomi pasukanipun ingkang kepepet saking paprangan wonten ing sakiwa tengene Banyumas inggih menika wonten ing sakiwa tengene Banyumas lan Ngijo (samenika dados Ijo).
Nalika mbangun benteng, Belanda nyuwun kanthi paksa masarakat dukuh Giyombong kangge kerja rodi utawi keja paksa mbangun benteng tanpa dipun paringi upah. Samange benteng kasebat dipun paringi nama Benteng Van Der Wijck. Samenika Benteng kasebat dados salah satunggaling obyek wisata ingkang kondhang wonten ing Kebumen. Kyai Gombong utawi bekel dukuh Giyombong rumaos nlangsa lantrenyuh mirsani rakyatipun saben dinten kerja rodi tanpa dipunparingi upah. Rakyat Giyombong kerja rodi saking enjang dumugi sonten, ingkang ndadosaken kirang pangan ing pundi-pundi amargi sawahipun boten wonten ingkang ngolah lan sedaya gabah, jagung, kedele lan sanesipun sampun dipunpundhut dening Belanda. Kahanan mengkana wau ndadosaken rakyat dukuh Giyombong urip sengsara.
Nanging, nalika Kyai Gombong mireng babagan kemenanganipun pasukan Mataram kaliyan kompeni Belanda wonten ing Ayah, Kyai Gombong ndamel siasat kangge nyuwun pangayoman saking Mataram supados masarakat Gombong ucul saking kasengsaran. Lajeng Kyai Gombong sowan wonten ing pasukan Mataram ingkang gadhah markas ing Bukit Indrakila. Panyuwunipun Kyai Gombong dipuntampi, lajeng pasukan Mataram pindhah markas wonten ing daerah Dapuran Pring wonten ing sisih kidul dukuh Giyombong.
Paprangan siang lan ndalu wonten ing daerah Giyombong boten saged kaidarna, rakyat sampun boten kerja rodi kaliyan Belanda, nanging dipun dhawuhi dening bekel dukuh Giyombong kangge nyengkuyung sesarengan pasukan Mataram nglawan Kompeni Belanda. Kompeni belanda mundur saking benteng pertahananipun, lan paprangan pasukan mataram dipunlajengaken wonten ing sisih wetanipun Giyombong.
Kangge ngenang jasanipun Kyai Gombong, dukuh ingkang saya rame menika, samenika dados ibukota kecamatan ingkang kondhang kanthi nama kota Gombong. Dumugi samenika, masarakat Gomong taksih pitados piweling Kyai Gombong, inggih menika “Eling-eling, mbesuk jaman rame, ing Giyombong (Gombong) ora bakal ana peperangan/rerusuhan maneh, nanging sing ana yaiku godhane mung main lan royal wadonan.” (narasumber : H.R Sunarto/Suara Merdeka).


Dening WIJI BUDI LESTARI 
NIM 10205244021/G

Legendha Karang Bolong

Posted by Jagading Wacana Label:



Wonten ing satunggaling dinten, abad ingkang sampun kapengker, kerajaan Kartasura. Kasultanan dipuncobi, amargi permaisuri ingkang dipuntresnani gerah ingkang tumemen. Sajatosipun Pangeran ugi sampun  pados obat wonten pundi kemawon ananging dereng saged kepanggih ingkang dipun padosi. Pangeran ugi sampun pados tabib ananging ugi boten wonten ingkang saged nambani.
Tansaya dangu Permaisuri tansaya kuru, kuru aking kadosta boten gadhah daging. Masarakat Kasultanan Kartasura kagungan penggalih turut prihatos dhumateng kasarasanipun Permaisuri, amargi mergi babagan menika pamarentah kasultanan dados boten keteta sae, boten mlampah kanthi sae. “ Menawi miturut pamrayogi kula, panjenengan menika kedah pados panggenan ingkang sepen kangge pados pituduh saking Gusti kangge kasarasanipun Permaisuri” ngendikanipun Penasehat Istana. Boten patosa dangu Pangeran Kartasura nindhakaken tapa. Godaan-godaan ingkang dipunalami saged dipunlampahi. Wonten ing sawijining wengi kanjeng Pangeran mireng suanten gaib. “ Wis, aja dilanjutake semedimu, jupuka kembang karang ana ing Laut Kidul, kanthi kembang karang kuwi permaisuri bakal mari”. Lajeng, Pangeran Kartasura kondur dhateng istana lan tanglet babagan suanten gaib dhumateng penasehatipun. “ Laut Kidul menika jembar sanget Pangeran, ananging miturut kula, lan kula saestu yakin menawi ingkang dipunmaksud menika wonten ing Karang Bolong, amargi wonten ing Karang Bolong menika kathah sanget gua karang ingkang saklebetipun ugi kathah kembang karang,” ngendikanipun penasehat istana kanthi yakin.
Pangeran Kartasura paring dhawuh dhumateng Adipati Surti kangge mundhut kembang karang ingkang dipunmaksud dening tabib. Adipati Surti nyuwun tulung dhumateng Sanglar kalihan Sunglur kangge ngancani.
Dinten saklajengipun, Pangeran Kartasura paring dhawuh dhumateng Adipati Surti, lajeng Adipati Surti nyuwun dipunkancani kalihan Sanglar lan Sanglur. Sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, akhire dumugi wonten ing Karang Bolong, ingkang ing lebetipun wonten gua. Adipati Surti lajeng tapa wonten gua menika. Sesampunipun tapa kangge pinten-pinten dinten Adipati Surti menika miring suantenipun tiyang asing. “ ora susah kalanjutaken semedimu, apa kang dadi kepenginan panjenengan bakal tak turuti, ananging panjengan kudu nglampahi pisaratan saking kula”. Adipati Surti mbikak paningalanipun lajeng mriksani tiyang estri igkang ayu sanget, mirip kalihan dewi saking  kahyangan,  tiyang estri ingkang ayu menika naminipun Suryawati. Suryawati menika abdi Nyi Roro Kidul ingkang mbaureksa Laut Kidul. Syarat ingkang dipun suwun kalihan Suryawati inggih menika Adipati kedah manggen sesarengan Suryawati wonten ing Laut  Kidul. Adipati sarujuk kalihan sarat menika. Sesampunipun Adipati sarujuk kalihan sarat menika, Suryawati njuluraken astanipun teras pinuju panggenan ingkang dipuntuju. Wonten wekdal menika nalika Suryawati nyepengi astanipun Adipati, raosipun Adipati inggih menika anamung rohipun ingkang tumut ananging raganipun tesih tetep jumeneng wonten ing mriku. “Menika kembang karang ingkang saged kangge pelantaran dhanganipun Permaisuri”, ngeendikanipun Suryawati kalihan nuduhanken sarang manuk lawet. Menawi dipunmasak, sarang manuk lawet menika obat ingkang faedahipun ageng sanget. Adipati Surti kathi cepet mundhut sarang manuk lawet wonten jumlah ingkang kathah. Adipati lajeng kondur dhateng panggenan semedi. Roh Adipati menika kondur wonten raganipun. Lajeng Adipati kalihan 2 pengawalipun kondur dhateng Kartasura. Pangeran Kartasura bingah sanget amargi obat kangge Permaisuri sampun kepanggih. “Tulung digaweaken obate yoo…” dhawuhipun pangeran dhateng abdi kerajaan. Sesampunipun pinten-pinten dinten ngunjuk ramuan sarang manuk lawet, Permaisuri saged dhangan, kados sederengipun gerah amargi penyakitipun ical. Kaluarga kasultanan kalihan sedaya rakyatipun bingah sanget amargi Permaisuri sampun boten gerah. Wonten ing tengah-tengahing kabingahan kasebut Adipati Surti eling dhateng janjinipun marang Suryawati, satemah Adipati nyuwun ijin dhumateng Pangeran badhe tindak wonten Karang Bolong kanthi alesan kangge njagi kalihan nglestantunaken sarang manuk lawet menika. Tindakipun Adipati dipunbarengi kalihan tangisaning para abdi istana, amargi Adipati Surti tiyangipun apikan. Adipati sareng kalihan Sanglar lan Sanglur tindak.  Dumugi Karang Bolong, Adipati damel griya ingkang sederhana. Lajeng semedi. Semedi namung sekedhap ananging Adipati sampun saged misahaken roh kalihan raganipun. “ Kula wangsul kangge nyekapi janji ingkang rumiyin Nyi…” ngendikanipun Adipati sesampunipun ningali Suryawati wonten ngajengipun Adipati Surti.
Adipati Surti lajeng wanakrama kalihan Suryawati, tiyang kekalih gesang wonten gua, gesang kanthi bingah, kalihan ekonomi ingkang kecekapan amargi sarang manuk lawet tambah dinten reginipun ugi tambah awis.
                                                                       LEGENDHA
                                                                       Budi Sih Yuliarini( 10205244011)