Tampilkan postingan dengan label Dongeng. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Dongeng. Tampilkan semua postingan

Gathutkaca Dadi Jagone Dewa

Posted by Jagading Wacana Label:

          


Gathutkaca kuwi putrane Raden Wrekudara, Ibune asmane Dewi Arimbi. Raden Gathutkaca jenenge ora mung siji, jeneng liyane ya kuwi : Tutuka, Purubaya, Arimbiatmaja, Krincingwesi, Guruputra, Surya Narada, Senaputra, Bendarares. . Kasatriyane ing Munggulpawenang. Raden Harya Wrekudara duwe sadulur lima sadheweke. Kang barep jenenge Puntadewa, angka loro Bhima, angka telu Premadi ya Raden Harjuna, papat Raden Nakula Ian kalima Raden Sadewa. Kadang lelima kuwi diarani Satriya Pandhawa. Pandhawa tegese putrane Prabu Pandhu. Dewi Arimbi putrane Prabu Tremboko ing Negara Pringgadani. Tunggale ya ana lima, yakuwi : Arimba, Arimbi, Brajadenta, Brajamusthi Jarnusthi Ian Kala Bendana.
Nalika lair, Gathutkaca awujud buta. Raden Wrekudara sakadang Pandhawa padha lingsem, dene duwe anak kok wujud buta. Penggalihe padha susah. Mula, banjur ambudi daya bisane malih dadi bagus, ora wujud buta. Cara saiki diusadani ngganggo oprasi plastik.
Kacarita, ing Kahyangan para dewa padha susah asline. Prabu Pracona kepengin gawe rusake Kahyangan. Dielikake ora kena. Ditandhingi perang, para dewi ora kuwawa ( kalah ). Sang Hyang Bathara Guru banjur nimbali kabeh para dewa. Kabeh kadhawuhan ngupaya jago kang bisa ngundurake Kala Pracona, syukur bisa nyirnakake memala. Kabeh ora oleh wewengan pangesthine Dewa, yakuwi Bathara Narada, kadhawuhan nganglang jahad, bokmanawa ana satriya kang gentur tapane, kuwawa nyirnakake Kala Pracona. Sang Hyang Narada terus budhal menyang ngarcapada nggolek jago.
Satriya Pandhawa padha gentur tapa, honing tapa kang disuwun muga sirnaa kang dadi memala. Mernalane yakuwi jabang bayi kang awujud reksasa. Samono uga Dewi Arimbi. Dewi Arimbi gentur tapa sinambi nunggoni jabang bayine. Putrane dijenengake Raden Tutuka. Saking gesturing tapane satriya Pandhawa, nuwuhake gara – gara. Sang Hyang Narada weruh saka ngakasa tejane wong gentur tapa. Langit kelap – gelap, bumine gonjing, gunung manggut – rnanggut. Segera kocak, udan salah mangsa. Kaprabawan anane gara-gara, Sang Hyang Narada bae ora bisa mudhun ing ngarcapada. Bareng priksa yen kang menu Brata Satriya Pandhawa, Ing didhawuhi anjugarake tapane. Pangesthine katarima ing dewa. Panyuwune diijabahi derung Bathara.

Faizal Rahmat (08205244001)

Pahlawan Hamster

Posted by Jagading Wacana Label:


Wayah esuk muput wonten ing kandang hamster ingkang endah sanget. Kandang menika dados istananipun hamster. Salebeting istana kathah pirantos-pirantos kangge kabetahan gesangipun hamster. Wonten dolanan puter-puteran, wonten bathup ugi wonten omah-omahan alit ingkang lucu sanget kalihan wonter slosoran, ugi boten kesupen wonten kwaci setunggal mangkong hamster kangge pangan. Setunggal keluarga menika wonten 3 hamters ingkang gesang sesarengan. Ingkang pethak naminipun Hapi, ingkang cemeng naminipun Hami, lajeng ingkang coklat naminipun Haso. Sedaya menika gadhah watek ingkang benten-benten, Hapi menika hamster wadon ingkang paling pinter, lajeng Hami inggih menika hamster jaler kang bagus tur gadhah watek ingkang sae, menawa Haso menika hamster wadon kang ayu ananging gadhah sifat kang kirang sae.
Wayah jam 8 ndalu, Hami, Hapi, lan Haso pada tangi. Hapi muter-muter wonten kandhang, bingung badhe punapa. Hami boten sengaja ningali Hapi ingkang lagi muter-muter kala wau. Lajeng kaloro wau kekandhahan lan sami gojegan, ketingal rukun sanget. Ananging nalika Hami kaliyan Hapi kala wau sami ngendikan, Haso ngintip saking wingking umah-umahan alit. Haso ngraos boten remen kaliya Hapi amargi Hapi langkung caket kalihan Hami.
Gegojegan Hami lan Hapi dipunlajengaken dolanan sesarengan wonter kitiran, kakalih wau ketingal bungah saget. Kitiran muter lelet. “ser ser ser ser….” Kados ngaten mungelipun kitiran. Nalika Hami lan Hapi sami dolanan wonten kitiran, Haso nyeraki kekalihe. “Punapa kula pareng tumut dolanan punapa boten?” pitakenanipun  Haso.  “ Ayo dolanan sesarengan….. numpake gantosan nggih…. Bibar kula lajeng panjenengan” ngendikanipun Hami kanthi mesem. Rikala dumugi giliranipun Haso, Haso dolanan kanthi mempeng sanget. Muter selelet lelete. Ananging boten kaduga, kitiran  kang saweg ditumpaki Haso copot saking porosipun. Haso dhawah, medal getihipun kathah sanget. Hami wekdal menika saweg tindak mundhut pangan kangge Hapi lan Haso. “ Pi, menika kados pundi? Haso semaput, kala wau kitiranipun risak lajeng Haso dhawah, kita kedah kados pundi?” Hami bingung nalika ningali Haso semaput wonten ing panggenan. “ Sampun to nduk… boten napa-napa, ayo dibeto menyang umah-umahan mawon” pangajake Hapi.
Wonten ing mriku Hami lan Hapi nenggo kanthi sabar ngantos Haso sadar. Sanalika Haso sadar, mbikak netranipun.
“Lungo kowe Mi, kowe wis nyilakakna aku ! Lunga! Lunga! ” kanthi suara ingkang seru sanget Haso ngurak Hapi. Haso nyariosaken carios ingkang lepat dhumateng Hami, ananging Hami ingkang boten mangertos menawi Haso menika sampun ngapusi hapi boten purun nglawan amargi kengetan menawi Haso tembe mawon sadhar, Hapi nyobi ngendika dhumateng Hami ananging Haso mboten purun ngalah, sahingga Hapi nrima meneng. lan cilakanipun, kathi kadadosan menika Hami ngraos boten remen dening Hapi. Hapi anamung nampi duka amargi boten dipercaya nalika crita ingkang leres dhumateng Hami. Ananging Hapi boten saged punapa-punapa. Hapi pasrah lan terus ndunga marang Gusti supaya penapa ingkang becik saged ketingal.
Wonten pinten-pinten minggu Hapi dipuntilar dening Hami, lajeng Hami dolanan lan punapa kemawon sareng kalihan Haso. Hami badhe menapa kemawon piyambak.  Sedaya ingkang dipunfitnahaken dening Haso dhumateng Hapi boten dilebetaken manah amargi Hapi menika boten remen mendhem dhendhem marang kanca.
Wonten satunggaling dinten wonten kedadean ingkang boten dinyana-nyana. Haso nalika saweg dhahar kwaci kaselek kelaran laran. Boten ngertos punapa ingkang kedah dipunlakokaken. Haso namung saged nangis. Nalika Haso nangis, Hapi nyeraki lan taken punapa sebabipun Haso nangis. Tanpa pikir dawa, Hapi langsung mundhutaken wedang kangge Haso. “Dipun unjuk So…mesti bakal mantun sakitipun ” prentahipun Hapi dhumateng Haso. Haso lajeng ngunjuk unjukan ingkang dipun paringi dening Hapi. “ Lho kok aku bisa mari?”  Pitakone Haso. Hapi namung mesem. “ Matur nuwun nggih Pi, panjenengan sampun paring pitulungan kula” Haso matur kalih nangis. “Lho ngopo So… kok nangis?” pitakenipun Hapi. “Kula lepat kalihan panjenengan, kula sampun mitnah panjenengan  wonten ngajengipun Hami, ananging panjenengan tesih purun paring pitulung dhateng kula” cariosipun Haso. “Inggih…boten dados punapa, kita kedah sami-sami paring pambiyantu dhumateng sepada-sapa, kedah urip rukun amargi kita sedulur, masalah ingkang rumiyin kalih kula sapmun boten usah dipun penggalih, kula sampun paring maaf awit rumiyin dhateng panjenengan” ngendikanipun Hapi kanthi tumemen. Nalika Haso lan Hapi saweg kekandhahan, Hami teka. Hami gumun menapa Hapi lan Haso katingal rukun sanget. Lajeng Hapi nyariosaken kadadean ingkang tembe kalampahan, lan nyariosaken sedaya kalepatan Haso dhumateng Hapi kala rumiyin. Hami saged nampi Haso, boten wonten prasangka kang boten sae, amargi Haso sampun purun paring carios punapa sawontenipun.
Ing akhir carios, Hapi, Hami, kalihan Haso sami urip rukun, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Hapi lan Hami palakrama lajeng gadhah putra ingkang naminipun Mipi. Amargi saking gagahe Mipi dipun remeni Haso kang ugi tesih ayu. Cekaking carios, Haso ugi palakrama kalihan Mipi. Sedaya urip seneng.

                                                              DONGENG
                                                              Budi Sih Yuliarini(10205244011)

Manuk Blekok Lan Penyu

Posted by Jagading Wacana Label:


Wonten ing jaman rumiyin, ing telaga wonten salah sijining kewan kang urip yaiku penyu. Manuk blekok uga urip wonten ing sakiwa tengening telaga. Kewan menika dados konco ingkang celak sanget. Wonten ing sawijining dina wonten mapinten pinten tukang golek iwak inglang badhe pados penyu saha ulam. Wonten ing wekdal ngkang sami para penyu menika mangertos ingkang dipunngendikakaken saking para tukang golek ulam menika. Lajeng penyu menika kandha kaliyan manuk blekok,”apa kowe krungu kang diomongake dening para tukang golek iwak mau lan apa kang kudu dilakoni saiki? ”
“aku sakbisa bisane tak ewangi awak mu”.”aku wis kulina ngrasakke wektu wektu kang medeni”. Kandha si penyu.
Dadi isa apa ora kowe ngewangi aku lunga seko telaga iki?”
“Ananging cara iki ora aman kanggo awakmu yeng kowe namung mbrangkang saka telaga iki menyang telaga liyane?”. Kandha si manuk blekok.
“ya, kowe isa ngangkat aku ora lan nunut awakmu mabur kanggo pindhah ing telaga liyane” kandha si penyu karo raine seneng banget.
“Piye carane?“ pitakone manuk blekok.
“Kowe golek pang uwit kang wis gagrak saka wit lan ceker mu nyekel pang kuwi, mengko aku nyokot pang kuwi mau. Salajenge yen kowe mabur aku iso melu karo kowe.” Kandha si penyu.
“Wah apik tenan kuwi”. Kandha manuk blekok. “ananging ya, medeni banget kuwi yen kowe ngomong rikala mabur, kowe isa tiba.”
“Apa kowe ngira aku bodho pa?” pitakon penyu.
Lajeng wektu blekok iku mabur sinambi ngangkat si penyu nganggo pang kayu. Dheweke ketok karo wong wong kang lagi angon sapi ing ngisor.
 Amarga kaget, para wong kang angon iku ngomong,” wah kok aneh banget kae. Delokken kae! Manuk kang lagi nggawa penyu ing telaga liyane.” 
“Wah, yen mangkono penyu kae iso tibo iso dinggo bakaran. ” kandha salah sijining angon sapi.
“Aku arep tak dadekake dai cilik cilik terus tak pangan,” kandha wong angon sapi liyane.
Krungu saka suarane para angon sapi kang panas ana ing kuping, penyu lali menawa penyu lagi nyokot pang kayu kang lagi digawa mabur karo manuk blekok langsung mbengok nesu. “kowe arep mangan aku!”
Dheweke pas mbukak tutuke,dheweke lali anggone nyokot pang kayu mau lan dheweke tibo kebanting ing lemah saha dijukuk para angon sapi lan langsung dibakar.
Manuk blekok ora kuwat nyawang penyu kang mati kedahipun penyu mirengaken wasita saking manuk blekok supados mboten buka tutukipun.
Mila wasita ingkang sae menika kedah dipun tindakaken.

DONGENG
Dening : Widha Prastawa (10205244005)


Kanthong Mala

Posted by Jagading Wacana Label:


Joko menika tiyang ingkang boten remen sanget menawi makarya. Padamelanipun saben dinten inggih menika namung turu, mangan lan dolan. Bapak lan Ibunipun Joko boten nglarang amargi saking kaluwarga ingkang gadhah. Sedaya kemawon ingkang dipunremeni lan dipunpengini Joko  mesthi keturutan.
Enjing menika Joko dolan wonten ing alas. Wonten ing tengahing alas menika Joko ketemu kaliyan tiyang sepuh ingkang beta gangsal kanthong ingkang abot.
“Mas! Nyuwun pangapunten nganggu, kula badhe nyuwun pambiyantunipun panjenengan beta kanthong menika dumugi wonten ing kutha?”, Panyuwunipun tiyang sepuh.
Mireng panyuwunipun tiyang sepuh menika, Jaka namung mlengos tetep mlampah sinambi ngamati tetuwuhan wonten ing alas.
“Mas, menawi panjenengan purun pambiyantu, kula badhe maringi salah satunggaling kanthong menika ingkang mas remeni. Monggo dipunpilih!” pangandikanipun tiyang sepuh.
Jaka tetep tasih boten gagas pangandikanipun tiyang sepuh menika. Huh! Wau nyuwun tulung saiki malah arep maringi kanthong. Paling-paling isinipun sampah.” Batinipun Jaka.
“Mas, kanthong kula ingkang werninipun abrit menika isinipun tetuwuhan ingkang saged ngobati sedaya penyakit, menawi kanthong ingkang werninipun biru menika isinipun palawija unggulan. Uatawi panjenengan badhe ngersakaken kanthong ingkang werninipun pethak? Kanthong menika isinipun sutera, ingkang kanthong werni ijem menika isinipun maneka jinising sandangan, lan kanthong ingkang werninipun kuning isinipun emas permata. Panjenengan saged milih salah satunggaling kanthong menika.” Pangandikanipun tiyang sepuh.
“Nggih kula badhe paring pambiyantu panjenengan ananging kula ngersakaken kanthong ingkang werni kuning menika.” Panyuwunipun Jaka.
“Menapa panjenengan yakin kanthong menika saged beta kabegjan kangge panjenengan Mas?” Pitakonipun tiyang sepuh.
“Kula langkung yakin. Cepet paringaken kanthong menika. Kula mpun boten sabar beta wangsul kanthong menika.” Panyuwunipun Jaka.
Tiyang sepuh menika maringaken kanthong ingkang werni kuning. Jaka langsung beta kanthong menika lunga tanpa ngucapake matur nuwun kaliyan tiyang sepuh menika. Sasampunipun radi tebih, Jaka bikak kanthong menika. Jaka langkung bungah sanget amargi ningali kanthong menika isinipun kathah sanget emas. Jaka lajeng nglajengaken wangsul.
                                                            ...............................
Tanpa diduga-duga
“Pokoke menawi ketemu tiyang gadhah menika, rampok mawon.” Pangandikanipun salah satunggaling tiyang.
Jaka ingkang krungu suara menika, langsung cepet-cepet ngumpet. Bibar kalih tiyang menika tindhak, Jaka langsung medal saking papan kangge ngumpet menika. lajeng nerasaken wangsul kaliyan gugup lan wedhos. Dumugi wonten ing pinggir kali. Papan menika katingal sepi. Namung wonten tigang tiyang ingkang narik prahu.
“sepi sanget dinten menika.” Pangandikanipun tiyang ingkang awakipun alit
“Leres, boten kados dinten-dinten biyasa.” Wangsulanipun tiyang ingkang rambut kriting.
Pripun menawi kita rampok mawon tiyang nyebrang ingkang ngginakaken prahu menika.” Pitakonipun tiyang ingkang awakipun kekar.
Tiga tiyang ingkang narik prahu menika nguyu kamikelen. Mireng kados mekaten Jaka tambah kewedhen. Saking wedosipun, Jaka lajeng njegur kali lan renang dumugi pinggir kali. Saweg wonten ing tengah-tengah kali, wonten baya mlaku tumuju Jaka. 
Tanpa ragu-ragu. Jaka ngebug moncong baya menika ngginakaken kanthong ingkang dipunbeta. Baya menika lajeng bikak moncongipun. Lajeng, boten mikir dhawa Jaka langsung nguncalke kanthong ingkang isinipun emas wonten arahipun baya. Uncalan menika pas banget tiba wonten ing sajroning monconging baya saengga baya menika kangelan anggenipun mangan. Ningali kados mekaten, Jaka langsung renang tumuju pinggir kali.
Sasampunipun kadadean menika, Jaka dados sadar menawi emas menika boten damel kabegjan kangge piyambakipun. Ananging palah damel tumekaning memala. Sasampunipun kadadean menika Jaka dados rajin lan wicaksana.

Dongeng
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016) 

Semut lan Kepompong

Posted by Jagading Wacana Label:



Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked, kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana ing salah sawijinging dina, ana badai sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe panik kabeh kewan ing alas mau. Kabeh kewan panik lan mloya-mlayu kanthi keweden kanggo ngindari badai kuwi.
Dina sesuke, srengenge njedul kanthi sumorot kang gawe anget lan manuk-manuk padha ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang kadadeyan? Akeh wit-witan ing alas mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas kang ora rupa wujude.
Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…” tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna.
Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh dheweke ngomong, “hai kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae, ora kaya kowe kang ana ing ndhuwur lemah, deleng awakmu, kowe mung bisa nempel neng wit sing rubuh lan ora bisa slamet seka badai.” Omonge semut kang dumeh banget.
Semut saya dumeh lan terus ngomong kaya kuwi mau marang kabeh kewan sing ana ing alas , nganti tekan salah sawijining dina semut mlaku ana ing ndhuwur endut (lumpur hidup). Semot ora ngerti nek dheweke mlaku ana ing nduwur endut kang bisa nelen lan narik dheweke mlebu ing njero lempung.
“tulunggg….tuluuuuuung…..aku kejebak nang nduwur endut…..tuuullluuungg,” semut njaluk tulung. “kayane kowe lagi kesusahan yo, semut?” semut ndeleng ndhuwur lan nggoleti asal suwara mau, lan jebul suwara mau asale saka Kupu-kupu sing lagi mabut ana ing nduwur endut mau.
“Sapa kowe?”pitakone semut kang lagi bingung. “aku iki kepompong sing wektu kae dieloke kowe.” Jawabe si Kupu-kupu. Semut ngrasa isin banget lan njaluk tulung Kupu-kupu nulung dheweke seka endut. “ Tulungi aku Kupu-kupu, aku njaluk ngapura wektu kae aku wis dumeh megra bisa slamet seka badai mung jalaran umpetan nang ngisor lemah.” Si Kupu-kupu ahire nulung Semut, saengga Semut slamet lan Semut janji, dheweke ora arep ngeloke kabeh mahkluk gaweane Gusti Allah kang ana ing njero alas.
Nah, piwulang kang bisa dijupuk seka dongeng ing nduwur yaiku, dhewek kudu ngormati lan ngasihi kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh. Intine kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh kudu dikasihi lan ora kena ngeloke mahkluk liyane.
Kapethik saka wayankatel.com kanthi perubahan

Dening WIJI BUDI LESTARI
10205244021/G