Tampilkan postingan dengan label Feature. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Feature. Tampilkan semua postingan

Kanggo Pakurmatan lan Ngiring Latihan Perang

Posted by Jagading Wacana Label:




Ing kraton kuwi gamelan dadi piranti sing penting kanggo ngiringi upacara-upacara sing wes baku dadi pranatan. Ana gamelan sekaten kanggo upacara sekaten ing sasi Mulud. Ana gamelan rancak pepak laras pelog slendrokanggo ngiring gendhing, tari lan wayang. Ana siji maneh yaiku sing diarani Gamelan Carabalen.
Gamelan carabalen uga tinemu ing Kraton Yogyakarta, Pura Mangkunagaran lan Pura Pakualaman. Nanging yen ana Mangkunagaran lan Pakualaman ora nduweni gamelan sekaten amarga gamelan iki mung dadi kagungan Dalem karaton Surakarta apadene Ngayogjakarta.
Wujud cakrike gamelan iki ora beda kaya liyane. Mung bae yen liyane bisa saka tembaga utawa perunggu nanging Gamelan Carabalen saka wesi ules ireng lan garapane rada kasar. Dene rancakane dumadi saka gambyongan, kenong, kendhang wadon, klenangan lan gong. Larase kanggo laras pelog. Kendhang wadon kuwi meh sairib kaya kendhang Bali lan unine monoton.
Nganti saiki Gamelan Carabalen isih tetep digunakakekanggo ngiringi upacara-upacara tradhisi sing wis dadi pranatan karaton apadene pura. Nanging wis ora kaya biyen maneh. Yen saiki paling-paling mung kanggo ngiring metune gunungan sekaten apadene ing upacara jumenengan lan tingalan dalem sang nata.
Gamelan Carabalen sing ana Kasunan lan Mangkunagaran kuwi beda banget cakrike. Yen ing Mangkunagaran luwih gedhe. Saben gamelan rancakane digawemligi sing bisa dipikul kanggo ngiring yen ana acara metu saka kadhaton apadene pura. Mula saka kuwi ing rancakane iki mesthi ana wesine la nana slup-slupane kanggo nglebokake pring sing kanggo pikulan.
“Gamelan Carabalen iki senajan ora pepak kaya gamelan sing umum nanging duweni kelungguhan mligi sing ora kalah penting”, mangkono katrangane Ngabehi Wiromartono, sawijining abdi langen Praja Mangkunagaran marang PS> Ngabehi Wiromartono utawa jeneng asline karan Mbah gimin nambahaken Manawa Gamelan Carabalen iki larase sanajan pelog nanging rada beda. Rada ngungkung lan rada gedhe.iki ana sambung rapete karo kawibawane sang nata utawa kanjeng Gusti.
nalika upacara Grebeg Mulud, Grebeg Pasa, aln Grebeg Besar gaemelan sing dipikul kanggo ngiring metune gunungan. Anggone mikul nganti teka plataran Masjid Agung. Semono uga nalika bali angadhaton gamelan iki tetep diunekake amarga ana gunungan sing dikersakake bali menyang kadhaton saperlu dipurak para sentana lan abdi dalem.
Ing jaman biyen nalika pinuju ana tamu saka gupermen ngestreni jumenengan pranatane gamelan Carabalen diunekake ngungkung dijumbuhkake urut-urutane lakune kangjeng Tuan Residen apadene Kangjeng Tuan Gubernur, sakliyane gamelan Carabalen lan kodhok ngorek sing mapan ana Kasunanan lan Mangkunagaran sejatine isih ana maneh gamelan kanggo maleman ing Sriwedari. Gamelan iki mung diunekake mung setaun sapisan suwene seminggu nalika Maleman Sriwedari wiwit malem 21 ing sasi Pasa. Gamelan yasan Dalem Sinuhun Pakubuwana X iki wis ora pepak maneh. Sebageyan wis murca ora karuwan dununge.
Gamelan maleman iki statuse pancen ora jelas lan mung dipapanake ana gudhang dadi siji karo barang-barang abrakan liyane. Gamelan iki cetha duweke kadhaton apa wis mlebu ing inventaris pengelola Taman sriwedari. Mula nalika ilang ora ana sing ngerti lan nganti saiki  sajake isih tetp kelangan lacak during bali menyang papane sekawit.

Faizal Rahmat (08205244001)

Dolanan Layangan nang Tambakagung, Klirong, Kebumen

Posted by Jagading Wacana Label:

Salah sijine dolanan sing ana ing mangsa ketiga kuwe layangan. Kaya dene pas dina Setu wingi, cah-cah desa Tambakagung, Klirong, Kebumen pada meng sawah, dolanan layangan. Kuwi kira-kira jam 16.00 an.
“Biasane sih nek sore pada pit-pitan golet maghrib, ning wong siki jamane ketiga dolanan layangan lewih nyenegi,” kuwi kandhane cah-cah desa Tambakagung Klirong Kebumen sing lagi pada layangan.
Ora mung bocah-bocah desa Tambakagung, Klirong, Kebumen, cah-cah desa liyane uga akeh sing layangan. Saiki yen wayah sore, yen mandeng nduwur ana wektu sore weruh layangan mabur. Macem-macem bentuke, ana sing biasa, kaya dene layangan petekan gedug layangan blapangan, lan layangan sing aneh-aneh bentuk karo jenenge.
Ana ing desa Kebadongan, Klirong, Kebumen saumpamane, malah ana layangan sing ana lampune. Layangane mabure ana wayah wengi, sekang ngisor keton lampune kerlip-kerlip. Dudu amung balon, sendarene (kaya sirine) uga meraung-raung. Monine kaya motor mabur lan yen dipandeng karo dirungokna asih banget.
Yen mandeng layangan sing werna-werna kuwi, jelas sing dolanan layangan ora mung cah cilik. Ananging wong tua uga akeh sing layangan. Ana ing kasunyatan, layangan kuwi ora ngenal umur, bocah cilik, wong enom karo wong tua uga pada dolanan layangan.
Layangan pancen hiburan rakyat tenanan, misale ana sing gawe kegiatan lomba layangan, ora perlu internasional internasionalan, nanging antar desa wae, kayake apik. Bisa dadi wisata sing bisa kanggo hiburan, tur mendidik.
FEATURE
Dening
Budi Sih Yuliarini( 10205244011)

Kampung Magic Community (KMC)

Posted by Jagading Wacana Label:



Kampung magic community yaiku salah satunggaling  paguyuban ingkang wonten ing Kebumen, mliginipun babagan magic utawa sulap. Ingkang dados  anggotanipun inggih menika tiyang ingkang remen kaliyan sulap lan saged dolanan sulap. KMC ngadeg taun 2010. Ingkang ngedegaken yaiku Mas Damar Baros lan dipunketuani dening Bapak John Silombo. Dumugi saniki KMC kirang langkung sampun gadhah anggota 50 tiyang. KMC gadhah motto “Kampung Magic The Miracelle of Live.”
KMC menika ngadeg awit saking wontenipun Kampung Cina ing daerah Kebumen, mliginipun Sedayu Gombong. Papan kangge nglumpuk anggota KMC wonten ing Alun-alun Kebumen. Sadurunge wonten Alun-alun, papanipu wonten Radio Bima Sakti Kebumen.
Acara ingkang sampun kulina dipunlampahi yaiku magic street. Magic street yaiku para pweulap dolanan sulap wonten ing margi kangge nglipur tiyang ingkang sami mlampah tanpa bayaran. Magic street  asring saged dipuntingali saben minggu ndalu ing Alun-alun Kebumen. Acara menika gadhah ancas kangge nggladhi mental lan supaya saya kulina kaliyan  sulap ingkang dipun badhe  tontonaken. Wonten magic street sulap ingkang ssaged dipuntingali yaiku sulap ingkang sampun umum lan entheng, langkung asring dolanan kartu, koin lan tongkat. Sanesipun magic street, KMC ugi nderek lomba-lomba sulap, kayata “Tegal Magic Competition.”

FEATURE 
DENING : WIJI BUDI LESTARI (10205244021)

Terong , PIYE TA?

Posted by Jagading Wacana Label:


  Terong inggih menika salah satunggaling desa ingkang papanipun wonten ing sak kidulipun pathuk wonosari saha sak wetanipun Pleret .Desa ingkang alamatipun wonten ing Terong Dlingo Bantul Yogyakarta menika gadah sejarah anggenipun dados desa menika. 
Wonten ing jaman rumiyin wonten salah satunggaling perang. inggih menika prajurit Mataram ingkang nama Ki Potrojiwo ingkang nyingkir wonten ing ngayogyakarta sisih wetan kerajaan Mataram. Sarta mbeta sisihanipun saha putranipun ingkang nama Nyi Jopotro kaliyan putunipun inggih menika Trononggo  non inggih larenipun Nyi Jopotro. Sasampunipun Ki Potrojiwa tilar donya ingkang dipun sarekaken wonten ing gunung sentono ingkang mapan wonten ing Piyungan, Lajeng Nyi Jopotro kaliyan putranipun nyingkir malih radi ngetan saking papan kekuasaanipun kerajaan mataram.Nyi Jopotro kaliyan Putranipun mlebet alas lajeng minggah ardi ingkang samenika dipun sebat Cinomati Sasampunipun wonten ing mriku Nyi Jopotro ningali  bilih kathah sanget wit – witan terong wonten ing mriku, lajeng papan menika dipun sebat alas terong kaliyan Nyi Jopotro.
Papanipun alasterong menika wonten ing pereng sasa tebih sanget kaliyan negara (kerajaan mataram), lajeng menika dipun pilih nyi Jopotro kagge papan anggenipun nglajengaken gesangipun kaliyan putranipun. Dangu – dangu papan menika (alas terong) dipun tekani kaliyang tiyang – tiyang ingkang badhe gesang wonten ing alas terong. Kathah – katahipun saking sisih kilen utawi ler sami kempal dados warga ing alas terong menika.
Putranipun Nyi Jopotro menika angsal kaliyan tiyang ingkang gesang wonten ing mriku lajeng gadah putra kalih inggih menika Trosentono kaliyan Tromenggolo. Lajeng menika Tononggo dipun dadosaken bekel wonten ing alas terong menika.  Amargi sampun sepuh, lajeng Trosentono dipun pilih dening Trononggo dados bekel nggantosaken ramanipun.  



Feature
Dening: Widha Prastawa (10205244005)



Tiyang Sepuh Kulina Dhahar Mengkudu

Posted by Jagading Wacana Label:


Gambar.  mengkudu wonten ing dalemipun Mbah Maryati
KEBUMEN- Mengkudu inggih punika salah satunggaling jinising woh ingkang kagolong kathah sanget pigunanipun. Sasanesipun dipunmangertosi amargi pigunanipun, woh mengkudu menika ugi dipunmangertosi amargi ambu lan raosipun ingkang kirang ecoh.  Amargi mambu lan raosipun ingkang kirang ecoh menika, kathahipun tiyang menika langkung remen dhahar mengkudu ingkang sampun dipunolah dumados pil utawa kapsul kangge pikantuk kasiatipun.
Kahanan kados mekaten benten sanget, kalihan pakulinanipun tiyang sepuh wonten ing Dusun Tamanwinangun Kecamatan Kebumen. Tiyang sepuh menika kulina dhahar woh mengkudu kangge njagi kasarasanipun. Tiyang sepuh menika langkung remen dhahar mengkudu ingkang taksih awujud woh tinimbang sampun awujud olahan pil utawa kapsul. Menawi dipuntakeni raosipun woh mengkudu menika, tiyang sepuh wonten ing Dusun Tamanwinangun kathahipun ngendhika menawi dhahar ingkang kapisanan menika raosipun boten ecoh ananging menawi sampun dangu lan kulina raos menika dumados ecoh.
Gambar. Mbah Maryati
Salah satunggaling tiyang sepuh ingkang namanipun Mbah Maryati ngendhika “kula menika sampun mangan pace (mengkudu) menika awit tasih enem. Pas rikala semanten kula nggih mboten remen amargi ambu lan raosipun boten ecoh ananging bapak lan ibu dhawuhi kula mangan woh menika. Lajeng kula asring mangan woh pace menika. Kasilipun kula ngraos, awakipun kula sehat lan seger saknajan yuswa kula sampun tuwa.” Mengkudu wonten ing Dusun Tamanwinangun ugi kasebut pace.
Wonten ing dalemipun tiyang sepuh ing dusun Tamanwinangun menika kathah ingkang gadah wit mengkudu. Saknajan yuswanipun tiyang sepuh menika sampun sepuh ananging awakipun taksih katingal seger lan sehat. Tiyang sepuh menika kathahipun mboten mangertos kandungan menapa kemawon ingkang kawontenan ing mengkudu. tiyang sepuh menika namung mangertos menawi mengkudu menika sae kangge kasarasan. Menawi saweg mumet, pegel, kesel lan lemes, tiyang sepuh menika ngobati penyakit menika kanthi dhahar mengkudu.
Sakjatosipun mengkudu menika ngandut zat nutrisi ingkang jangkep ingkang dipunperluake awak, kadosta protein, vitamin, lan mineral. Selenium menika salah satunggaling mineral wonten ing mengkudu kagolong antioksidan ingkang sae. Mengkudu menika ugi ngandut zat anti kanker, lajeng senyawa scolopetin kangge anti peradangan lan anti alergi, saha zat terpenoid kangge pambiyantu pemulihanipun sel-sel awak. 

Feature
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)