Wonten
ing lakuning jaman globalisasi menika, sejatosipun bangsa indonesia sampun
kenging inggih menika ingkang dipunwastani icalipun nilai budayanipun. Budaya
menika saged nginggilaken cara anggenipun mikir saha raos cipta siptaning
ingkang sae. Budaya ugi saged dadosaken ngrisak cara mikiripun bangsa menawai
mboten trep kaliyan cak – cakanipun. Tuladhanipun korupsi,tawuran siswa lsp.
Sedayanipun
menika klentu menawai sampun dados nyawiji wonten ing badanipun bangsa non
inggih icalipun budaya bangsa. Saha prelu dipuncekel minangka saking
rumiyinipun kabudaya menika ingkang paling sae inggih menika gesang kaliyan
sesaminipun utawi gotong – royong. Gotong – royong inggih menika cirri ingkang saged
nylametaken saha nggugah bangsa minangka saking klentunipun wonten ing cak-
cakan utawi saking majengipun jaman.
Gotong
– royong wonten ing bangsa utawi masyarakat menika minangka ciri khas ingkang
inggil wonten ing panggesangan manugsa.Buktinipun, amargi saking gotong royong
menika Negara Indonesia saged medal saking jajahaning walandi. Gotong – royong
ingkang dipunlandesi kanthi sengkutipun paseduluran . Menika minangka dhasaring
nilai saha tilaran saking tiyang rumiyin lajeng dipunlajengaken kaliyan wayahipun
ngantos samenika. Miturut Bung Karno, gotong royong saha “semangat kekeluargaan” inggih menika
saripatining saking nilai – nilai Indonesia, saha budaya patimuran ingkang
dados pondasining panggesangan sarta dados nilai nasionalisme bangsa. Nilai menika ingkang dadosaken nyawijining
bangsa minangka nagara menika kathah sanget bentenipun budaya – budaya ananging
saged gesang nyawiji saha tetrem.
Amargi
katah sanget wonten ing masyarakat ingkang mapan wonten ing kutha, sampun
mboten asring ketigal budaya gotong royongipun. Amargi wonten mrika menika
inggih kathah ingkang mboten tepang kaliyan tanggi sak kiwa tengenipun saha
kathah kepentingan ingkang sipatipun pribadi. Tuladhanipun menawi woten tanggi
ingkang nembe gadhah gawe kathah kathahipun sampun mboten nyuwun pambiyantu
saking kiwa tengenipun ananging biasanipun nyuwun saking WO (Wedding
Orgeniser). Lajeng menawi wonten tiyang ingkang miyos wonten ing mergi, kathah
– kathahipun menika mboten sami mangertos amargi kirang raos paseduluranipun. Lajeg
menawi wonten ingkang ical piranti wonten ing dalem amargi boten mangertos
tiyang ingkang miyos wau inggih sakngertosipun inggih kanca utawi sederek
saking tanggi menika ,menawi menika wau pandung inggih dadosaken raos mboten
tentrem wonten ing papan menika. Menika wau ingkang saged ndadosaken budaya
menika saged ical saking panggesangan manungsa.
Budaya
gotong royong menika ingkang tesih kenthel sanget inggih menika wonten ing
desa. Kathah sanget kegiatan kegiatan ingkang tasih raket kaliyan budaya gotong
royong menika. Amargi para sesepuh ingkang mandegani saha para pangembating
praja wonten ing mriku tasih nyekel saking para leluhur. Kados menika, sampun
mbalung sumsum wonten ing badan saha sampun wonten raos nguri uri supados putu
utawi buyut menika mangertos kegiatan gotong royong menika. Salajengipun para
sesepuh saha pagembating praja utawi
masyarakat wonten ing desa menika sampun kagungan raos kedah dipun wajibaken
menawi badhe mbagun, tiyang ingkang kagungan gawe, saha menapa kemawon ingkang
sipatipun sosial. Lajeng wonten ing mriku sampun wonten hukum adat menawi boten
ndherek kegiatan menika lajeng gadhah raos ewuh pakewuh.
Budaya
gotong – royong menika kedah dipun uri – uri supados boten ical saking
panggesangan manungsa. Menika tuladha saking budaya gotong royong ingkang badhe dipunrembag inggih menika kerja
bakti damel mesjid wonten ing dhusun. Kathah sanget tiyang – tiyang ingkang
sengkut menawi nderek wonten ing kegiatan menika. Saking tiyang alit ngantos
para sesepuh Ingkang tumut .
Kathah
sanget masalah ingkang wonten kemawon
saking kegiatan menika amargi katah ingkang iren kaliyan sasanesipun. Mila
prelu dipungatosaken menawi wonten kegiatan gotong royong menika. Amargi gotong
royong menika saking 2 tembung inggih menika gotong kaliyan royong, ingkang
nggadhahi teges minangka manungsa menika dipuncipta dhateng ingkang maha kuwaos
menika gadah benten- benten kekirangan saha kaluwihan. Mila minangka wonten
kagiatan menika menawi wonten tiyang menika gadah kaluwihan kedah mboten meksa
dhateng tiyang ingkang gadah kaluwihan, saha kasak wangsulipun ingkang gadah
kekirangan menika kedah paring pambiyantu menapa kemawon anggenipun kerja
bakti.
Amargi
menawi salah satunggaling wonten ingkang boten remen kaliyan ingkang dhateng
tiyang ingkang kagungan kekirangan menika saged ndadosaken congkrah wonten ing
masyarakat. Kathah ingkang padhudon wonten ing mriku saha wonten ing
sakbibaripun kagiatan menika. Lajeng menika wau saged dadosaken masyarakat
gadhah masalah ingkang dangu utawi saget mboten rujuk.
Saking
menika wau miturut sejarah, tiyang gesang rumiyin ingkang tasih kenthel kaliyan
raos kekeluargaan saha raos paseduluran.
Saged dadosaken masyarakat ingkang guyup rukun tanpa wonten congkrah menawi
kula lan panjenengan sami saged jagi raos
ngormati marang sinten kemawon. Lajeng saking menika wau saged ningkataken
panguripan manungsa menika makmur.
Wonten
ing kegiatan gotong – royong menika saged kita tingali menawi kegiatan menika
kados semut. Semut menika menawi kerja inggih sami paring pambiyantu saking
semut setunggal saha setunggalipun. Menika kedah dipuntuladhani amargi saking
menika kita saged mendhet cara anggenipun semut menika kerja. Inggih saking
kompakipun saha cara organisasinipun kanthi sae. Salajengipun semut menika
inggih saget paring tuladha sanesipun inggih menika mboten adigang, ngemot
saged ngraketaken paseduluran saha saged milah antawisipun kepentingan sosial
saha pinyambak.
Manpangat
saksanesipun inggih menika :
·
Pakaryan menika saget dipun pungkasi
kanthi cepet tanpa medalaken biaya ingkang kathah menawi menika nembe damel
mesjid
·
Talining paseduluran menika raket saha
mboten wonten raos ing antawisipun sugih kaliyan mlarat, ingkang buruh, ingkang
dodol lsp
·
Lajeng saged ngraosaken aman amargi raos
paseduluran menika raket lajeng menawi wonten tiyang ingkang mboten tepang
saged mangertos
·
Saged ngraosaken tentrem amargi kita
saged ngraosaken peduli tumrap sesama
Wonten ing kegiatan gotong royong
menika wonten prinsipipun. Kegiatan menika dipunlakoni dening para anggota wonten
ing desa , dhusun lsp. Saking menika kathah ingkang dados “penggagas” utawi
ingkang dipun dadosaken pilar wonten ing kempalan organisasi. Tuladhanipun
karang taruna kampug menika gadah semangat kangge nglajengaken peninggalan
saking para leluhur ingkang sampun ngrumiyini.Lajeng mboten ngantos para taruna
menika gadah pikiran ingkang ngemu menawi gotong – royong menika namung
kegiatan ingkng buang wekdal saha kino.
Wonten ing kegiatan gotong royong
menika menawai wonten warga ingkang mboten dherek inggih menawi saged dipunajak
anang wonten cak cakanipun inggih menika bilih
kita kedah saged ngormati saha
mboten meksa bilih dipunajak nembe wonten acara menapa nembe mboten kersa
ndherek. Lajeng menawi saged, menawi wonten kagiayatan menika ingkang paling becik inggih menika tumut
saking raos manahipun.
Saking
kegiatan gotong royong menika warga utawi masyarakat menika meres kringet
paring pambiyantu kaliyan sinten kemawon. Ingkang tumut gotong – royong menika
biasanipun boten nyuwun dipunbayar amargi menika kegiatan social ingkang sampun
turun – temurun saking tilaraipun para tiyang rumiyin. Para kakung ingkang
gotog royong saha dipun pambiyantu saking para alit saha para putri sami damel
dhaharan kangge dhahar siang. Menika katon ketingal raos paseduluranipun
ingkang raket lajeng nedahaken bilih kabudayan menika kedah dipunlestantunaken
supados boten ical saha kalindhes jaman saha para putu turanipun saged jagi
ngantos tuwuh penerusipun.
Widha Pratama
10205244005
0 komentar:
Posting Komentar