Dolanan Layangan nang Tambakagung, Klirong, Kebumen

Posted by Jagading Wacana Label:

Salah sijine dolanan sing ana ing mangsa ketiga kuwe layangan. Kaya dene pas dina Setu wingi, cah-cah desa Tambakagung, Klirong, Kebumen pada meng sawah, dolanan layangan. Kuwi kira-kira jam 16.00 an.
“Biasane sih nek sore pada pit-pitan golet maghrib, ning wong siki jamane ketiga dolanan layangan lewih nyenegi,” kuwi kandhane cah-cah desa Tambakagung Klirong Kebumen sing lagi pada layangan.
Ora mung bocah-bocah desa Tambakagung, Klirong, Kebumen, cah-cah desa liyane uga akeh sing layangan. Saiki yen wayah sore, yen mandeng nduwur ana wektu sore weruh layangan mabur. Macem-macem bentuke, ana sing biasa, kaya dene layangan petekan gedug layangan blapangan, lan layangan sing aneh-aneh bentuk karo jenenge.
Ana ing desa Kebadongan, Klirong, Kebumen saumpamane, malah ana layangan sing ana lampune. Layangane mabure ana wayah wengi, sekang ngisor keton lampune kerlip-kerlip. Dudu amung balon, sendarene (kaya sirine) uga meraung-raung. Monine kaya motor mabur lan yen dipandeng karo dirungokna asih banget.
Yen mandeng layangan sing werna-werna kuwi, jelas sing dolanan layangan ora mung cah cilik. Ananging wong tua uga akeh sing layangan. Ana ing kasunyatan, layangan kuwi ora ngenal umur, bocah cilik, wong enom karo wong tua uga pada dolanan layangan.
Layangan pancen hiburan rakyat tenanan, misale ana sing gawe kegiatan lomba layangan, ora perlu internasional internasionalan, nanging antar desa wae, kayake apik. Bisa dadi wisata sing bisa kanggo hiburan, tur mendidik.
FEATURE
Dening
Budi Sih Yuliarini( 10205244011)

2 komentar:

  1. Weningkulo

    Maca cerita iki dadi kemutan lagi aku cilik,sekitar th 70an.usum panen ngurup pari karo dewet nang sawah...

  1. Unknown

    bagus...

Posting Komentar