Kampung Magic Community (KMC)

Posted by Jagading Wacana Label:



Kampung magic community yaiku salah satunggaling  paguyuban ingkang wonten ing Kebumen, mliginipun babagan magic utawa sulap. Ingkang dados  anggotanipun inggih menika tiyang ingkang remen kaliyan sulap lan saged dolanan sulap. KMC ngadeg taun 2010. Ingkang ngedegaken yaiku Mas Damar Baros lan dipunketuani dening Bapak John Silombo. Dumugi saniki KMC kirang langkung sampun gadhah anggota 50 tiyang. KMC gadhah motto “Kampung Magic The Miracelle of Live.”
KMC menika ngadeg awit saking wontenipun Kampung Cina ing daerah Kebumen, mliginipun Sedayu Gombong. Papan kangge nglumpuk anggota KMC wonten ing Alun-alun Kebumen. Sadurunge wonten Alun-alun, papanipu wonten Radio Bima Sakti Kebumen.
Acara ingkang sampun kulina dipunlampahi yaiku magic street. Magic street yaiku para pweulap dolanan sulap wonten ing margi kangge nglipur tiyang ingkang sami mlampah tanpa bayaran. Magic street  asring saged dipuntingali saben minggu ndalu ing Alun-alun Kebumen. Acara menika gadhah ancas kangge nggladhi mental lan supaya saya kulina kaliyan  sulap ingkang dipun badhe  tontonaken. Wonten magic street sulap ingkang ssaged dipuntingali yaiku sulap ingkang sampun umum lan entheng, langkung asring dolanan kartu, koin lan tongkat. Sanesipun magic street, KMC ugi nderek lomba-lomba sulap, kayata “Tegal Magic Competition.”

FEATURE 
DENING : WIJI BUDI LESTARI (10205244021)

0 komentar:

Posting Komentar