Gmbr. Aksara Jawa |
Salah satunggaling ciri bangsa ingkang ageng
inggih menika majengipun kasusastraan
basa wonten daerah menika. Jawa inggih menika kagolong papan ingkang kathah
sanget kasusastraanipun. Salah satunggaling kasusastraan wonten ing Jawi inggih
menika nyerat aksara Jawa. Wonten ing jaman rumiyin pujangga-pujangga Jawi
menika kathahipun anggenipun nyerat karya sastra ngginakaken aksara Jawa. Perkawis
kados mekaten nggambaraken menawi peradhaban wonten ing Jawa menika sampun
ngginggil babagan sastra. Ampun Ngaku panjenengan menika tiyang Jawi menawi
boten kenal kaliyan aksara Jawa. Wonten ing jaman sakmenika kathah tiyang
ingkang ngakunipun tiyang Jawi, tresna kaliyan budaya Jawa seneng karya sastra
Jawa ananging mboten mangertos aksara Jawa.
Sakderengipun nglajengaken andharan menika,
langkung rumiyin badhe sakedhik dipunandharaken babagan aksara Jawa. Aksara
Jawa menika kadadosan saking kalihdasa aksara. Urut-urutanipun aksara Jawa dipunsebat
Dentawyanjana. Saben satunggal aksara Jawa menika ngandut teges ingkang benten-benten.
Ha na ca ra ka inggih menika tegesipun ana utusan, da ta sa wa la tegesipun
padha suwala, pa dha ja ya nya tegesipun padha digdhayane lan ma ga ba ta nga
tegesipun padha dadi bathang. Nyerat aksara Jawa menika saking kiwa manengen,
papanipun wonten ing sangandhaping garis, menawi dlancangipun wonten garisipun.
Aksara Jawa menika saged dipuntingali wonten
ing naskah-naskah kuno. Gaya panyeratan aksara Jawa saben-saben naskah menika
benten-benten tergantung kaliyan panganggitipun. Rikala jaman semanten aksara
jawa dipun ginakaken tiyang Jawi menika wonten ing padintenan. Ananging
bibaripun pemerintah Jepang menika, boten marengake ngginakaken aksara Jawa. Akasara
Jawa menika dipungantos kaliyan akasara latin. Larangan menika lajeng damel
aksara Jawa sansaya ical. Aksara Jawa sakmenika badhe ical amargi kirangipun
perhatian tiyangipun piyambak. Ngenes.. wonten ing ati, menawi aksara Jawa
ambruk wonten ing asalipun piyambak.
Aksara Jawi menika sampun kagolong dumados
bagian gesangipun tiyang jawi. Aksara jawa ugi sampun dumados budaya wonten ing
Jawi. Ananging sansaya dangu menika aksara Jawa sansaya dipun tilaraken lan
dipun laliaken. Kirang gregetipun tiyang enem menika nyaris mboten wonten,
namung wonten sakglintir tiyang enem ingkang remen lan purun gladhen aksara
Jawa. Sanajan Baasa Jawa sampun dumados
muatan lokal wajib kangge SD, SMP lan SMA ananging boten saged nyegah icalipun
aksara Jawa wonten ing masyarakat. Menawi cara nglestantunaken aksara Jawa
menika namung netepake Basa Jawa minangka mata pelajaran wajib, cara mekaten
dipunraos kirang efektif. Menawi tanpa ngangge media ingkang dukung, narik
minat masyrakat kangge gladhen aksara Jawa menika radi angel.
Kula menika nate ngetes kanca-kancanipun kula
ingkang asli tiyang Jawi kangge nyerat aksara Jawi. Lajeng kanca-kanca kula
serempak matur boten saged. Miris sanget menawi ningali langsung kedadean kados
mekaten. Rikala semanten wonten ing SD nggih sampun diajarke ananging sakmenika
sampun kesupe. Tasih boten patiya kaget menawi tiyang awam ingkang mboten
mangertos ananging menawi mahasiswa jurusan sastra utawi pendidikan bahasa jawa
ingkang boten saged menika rasanipun langkung miris. Icalipun aksara Jawa
menika saged dipunsebabake pemikiranipun tiyang enem, menawi gladhen nulis Jawa
menika boten gadhah orientasi masa depan dibandingaken kaliyan gladhen
sanesipun. Sasanesipun tiyang enem, tiyang sepuh ugi kathah ingkang boten saged basa Jawa menapa malih
nyerat aksara Jawa. Saengga tiyang sepuh menika ugi jarang paring piwulang
lare-larenipun ingkang taksih alit gladhen nyerat aksara Jawa. Menawi tiyang
Jawi menika boten gladhen nglestantunaken aksara Jawi menika wiwit samenika, sansaya
dangu aksara menika punah lan namung dados bahan kajian penelitian naskah-naskah
kuno.
Miturut berita wonten ing radar jogja 3
September 2012, kritikan kangge Pemkot Jogja babagan gantosipun papan nama ingkang kangge tanda dalan malioboro.
Papan menika rikala semanten nginaken aksara Jawa dipungantos kaliyan tulisan
latin biyasa. Menawi aksara Jawa wonten ing papan menika dipungantos saged
ngilangake unsur estetika lan jati diri papan menika. Nah,, menawi akasar Jawa ical
wonten ing papanipun piyampak inggih menika jawi, sami mawon jawi menika
kelangan jati dirinipun. Justru tiyang asing utawi luar negeri ingkang gadhah
perhatian kusus lan minat ingkang kathah kangge gladhen aksara Jawa. Kedadean
kados mekaten kabukteaken nalika wonten ing Belanda lan Inggris dipunbikak
kelas kusus kangge gladen budaya Jawa kanthi kathahipun ingkang minat.
Cara-cara ingkang saged dipun ginakaken
kangge nyegah ilangipun akasara Jawi inggih menika (1) damel media pembelajaran
ingkang menarik supados siswa menika saged tertarik kaliyan aksara Jawi. (2)
dipunbetahaken minimal setunggal minggu sepisan siswa-siswa menika bener-bener nyerat
aksara Jawi. (3) pembelajaran tiyang sepuhipun dhateng larenipun ingkang tasih alit supados tepang
kaliyan aksara Jawi. (4) damel media pengenalan ingkang komunikatif, kreatif
lan menarik kangge pembelajaran aksara jawi wonten ing masyarakat umum. Ampun
ngantos aksara Jawa menika dipunklaim kaliyan negara sanesipun.
OPINI
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)
0 komentar:
Posting Komentar