Sunset ing Klirong Kebumen Ora Kalah karo Pulau Dewata

Posted by Jagading Wacana Label:



S
unset biasane diartekake padha karo sumuruping surya ana ing pesisir. Pangerten kaya kuwi ateges sunset ana ing pikiran umum, ananging satenane kurang trep yen diartekake kaya kuwi amarga sunset kuwi bisa ana ngendi wae. Sumuruping surya kuwi ora kudu dideleng saka pesisir utawa pantai nanging uga bisa dideleng saka sawah. Kaya sore ing dina kepungkur nalika  jam 16.35 WIB, Jum’at, 26 Oktober 2012 sunset tansah endah bunder memet kaya bal seka emas. Ana ing dalan tengah sawah sak Lor-e kantor pos Klirong sunset keton endah kang kaendahane ora kalah karo sunset ana ing Pulau Dewata,  anane sunset tansaya nggawe bombonge ati marang keagungane Gusti Allah kang Maha Endah. Sunset kuwi mau bisa dideleng mawi mripat telanjang ora perlu nganggu alat bantu liyane, serta jelas banget. Sunset kang ana ing Desa Klirong Kebumen bisa mbuktekaken yen taksih akeh alam padusunan kang edi. Apa kang ana kuwi kudu dijaga amarga pansen saktenane kaendahan alam mesti bakal ana gandheng cenenge karo gesange manungsa sahingga ayok dijaga bebarengan kanggo kabecikane kabeh.
STRAIGHT NEWS
Dening
Budi Sih Yuliarini (10205244011)

0 komentar:

Posting Komentar