Idul Adha Mbludak

Posted by Jagading Wacana Label:



Jumat 26/10/2012        Suwuk salah satunggaling Pantai ing Kebumen menika, kala riyaya bada Idul Adha rame sanget. Kathah ingkang sami dolan utawa namung refresing sareng kulowarga utawa kanca-kanca. Parkiran mobil lan motor kebak sedanten. Ameh mirip kaliyan kala bada Idul Fitri.

“Nembe lebaran Idul Adha kiye mba. Mule taun kiye rame banget. Kiye ya ora nyangka, malah perkiraan ramene mule dina setu minggu. Adan taun 2012 ya ora rame kaya kiye. Malah sepi.” Ngendikane Pak Yahya minangka Kepala obyek wisata suwuk nalika dipunwawancara.
Pengunjung nalika Idul Adha iki pancen kathah sanget. Petugasipun sami ngantos kuwalahan ngadani para pengunjung wau. Amarga mboten sami nyana menawi dinten menika bakal rame. Dipunbandhingaken kaliyan taun-taun kepungkur, taun 2012 iki paling rame. Asiling karcis nganti 6yuta. Biyasane 4yuta wau asiling karcis seminggu wonten Suwuk. Nanging bada menika 6yuta kanggo asil karcis awit jam 1 ngantos sonten  kinten-kinten jam 5.30. Asiling dana karcis Pantai Suwuk saben taunipun menika saged nutup dana APBD Kabupaten Kebumen saking 9 obyek wisata ingkang wonten. Pantai Suwuk menika pancen saweg kondhang wonten ing Kebumen. Jumlahipun pengunjung saben taun langkung nginggil lan ngluwihi pathokan (target) ingkan dipuntetepaken dening pemerintah daerah.

Pawartos 
Dening : Wiji Budi Lestari (10205244021)

0 komentar:

Posting Komentar