Tarling Ngrameaken Wengi Idhul Adha

Posted by Jagading Wacana Label:


Gambar kahanan
KEBUMEN- Siswa sekolah dasar wonten ing Kecamatan Kebumen ndherek ngrameaken wengi Idhul Adha wonten ing tarling utawa takbir keliling. Takbir keliling ingkang kalangsungaken Rabu, 25 Oktober 2012 kawontenaken ing UPT Dinas DIKPORA unit Kecamatan Kebumen. Takbir keliling menika inggih salah satunggaling rangkaian saking adicara Idhul Adha. Kawontenanipun acara menika inggih saking kasilipun rapat musyawarah guru pendidikan agama Islam sak-Kecamatan Kebumen tanggal 6 Oktober 2012 wonten ing SD Panjer 2 Kebumen. 
       Takbir keliling dipunwiwiti wanci 18.30 WIB kanthi  budhalipun wanci 19.30 WIB. Rute ingkang dipunginakaken inggih menika saking UPT Dinas DIKPORA unit Kecamatan Kebumen tumuju dalan pemuda, lajeng dalan cendrawasih, dalan Kutoarjo, dalan cincin kota, dalan mertokondo, ingkang pungkasan mbalik malih wonten ing UPT Dinas DIKPORA unit Kecamatan Kebumen ing dalan Pemuda. Wonten ing takbir keliling menika kita saged mriksani maneka warni kendaraan ingkang dipunginakaken sekolah-sekolah dasar kasebut. Wonten ingkang ngginakaken mini bus, mobil bak, lan mobil biyasa. Wonten sekolah-sekolah dasar ingkang mbeta obor lan alat-alat rebana.
      Ketua kalih acara kasebut, Bapak Maskhur A.Ma ngendhika “ancasipun acara kasebut inggih menika kangge ningkataken iman lan takwa mring Gusti Allah SWT salah satunggalipun kanthi cara ngawontenaken adicara Idhul Adha. Salah satunggalipun acara kasebut ingggih menika takbir keliling. Dana acara kasebut asalipun saking infak siswa-siswi SD sak-Kecamatan Kebumen, infak guru-guru Agama utawi kepala sekolah wonten ing Kecamatan Kebumen lan infak karyawan karyawati UPT Dinas Dikpora Unit Kecamatan Kebumen.”
Gambar Kahanan 
       Adicara ingkang saben taunipun dipunkawontenaken menika ingkang ndherek udakara 1800 siswa sekolah dasar wonten ing Kecamatan Kebumen. Acara takbir keliling punika dipunwiwiti kanthi pambuka, pambagya harja saking ketua panitia ingkang dipunwakilaken kalian ketua II, pambagyaharja camat Kebumen, lajeng pemberangkatan kanthi dipunpimpin doa. Wonten ing takbir keliling menika ugi dipun kawontenaken doorprize sasampunipun para peserta takbir keliling dumugi malih wonten ing UPT Dinas Dikpora unit Kecamatan Kebumen antawispun wanci 20.30 WIB. Sasampunipun acara doorprize kasebut, acara takbir punika lajeng dipunpungkasi wanci 21.00 WIB. 
   Wonten ing wengi sakderengipun, inggih punika Rabu 24 Oktober 2012 sampun dipunkawontenaken Mujahadah wonten ing Mushola UPT Dinas Dikpora Kecamatan Kebumen. Sedaya adicara Idhul Adha menika dipun pungkasi kalian penyembelihan kewan kurban. Daging kewan kurban punika badhe dipunbagekaken kangge siswa-siswi SD wonten ing Kecamatan Kebumen. Ketua kalih acara kasebut, Bapak Maskhur A.Ma ngendhika “Saben SD pikantuk 5 kantong plastik”.

Pawartos 
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)

0 komentar:

Posting Komentar