WONOKROMO, GUMEBYAR TAKBIR

Posted by Jagading Wacana Label:



doc. Widha Prastawa
  Malem takbiran wonten ing Desa Wonokromo Kecamatan Pleret Bantul, Yogyakarta (26/10/2012) ingkang dipun sengkuyung saking Karang Taruna Desa Wonokromo, Pemerintah Desa saha fatigon menika kraos gumebyar sanget. Amargi kathah arak – arakannipun kanthi benten – benten tema saking dusun setunggal kaliyan dhusun sanesipun.
   “Maskot” ingkang dipunarak inggih sae saha “kreatif” sanget. Miturut ketua panitia inggih menika Mas Ardiansyah rute ingkang dingge takbiran menika saking Demangan ingkang paripurna wonten ing Balaidesa Wonokromo. Saking Demangan ngantos Balaidesa Wonokromo kirang luwihipun 3 km.  
doc. Widha Prastawa
   Takbiran menika ingkang ndherek inggih menika saking dhusun Ketonggo, Jati, Pandes 1, Pandes 2 saha Brajan. Ingkang dherek wonten ing malem takbir menika gratis mboten dipun suwuni arta. Juara saking menika wau dipun pendhet  juara 1,2,3 saha juara harapan 1 saha 2. Ingkang Dasos “kriteria” samangke ingkang dados juara inggih menika: lafal takbir,  Keatifitas, ketertiban, saha kompakipun. Acara samenika kathah ingkang mirsani saking para balita dumugi para sepuh. Kathahipun ingkang mirsani inggih menika saking pinggiring mergi ingkang sami jejer saking Demangan dumugi Balaidesa Wonokromo. Acara ingkang dipunwonteni saking pengurus Desa Wonokromo menika sae saha saget ngolah kreatifitas ingkang tumut wonten ing acara menika.


Pawartos
Dening : Widha Prastawa (10205244005)



0 komentar:

Posting Komentar