Terong inggih menika salah
satunggaling desa ingkang papanipun wonten ing sak kidulipun pathuk wonosari
saha sak wetanipun Pleret .Desa ingkang alamatipun wonten ing Terong Dlingo
Bantul Yogyakarta menika gadah sejarah anggenipun dados desa menika.

Papanipun alasterong menika wonten
ing pereng sasa tebih sanget kaliyan negara (kerajaan mataram), lajeng menika
dipun pilih nyi Jopotro kagge papan anggenipun nglajengaken gesangipun kaliyan
putranipun. Dangu – dangu papan menika (alas terong) dipun tekani kaliyang
tiyang – tiyang ingkang badhe gesang wonten ing alas terong. Kathah – katahipun
saking sisih kilen utawi ler sami kempal dados warga ing alas terong menika.
Putranipun Nyi Jopotro menika
angsal kaliyan tiyang ingkang gesang wonten ing mriku lajeng gadah putra kalih
inggih menika Trosentono kaliyan Tromenggolo. Lajeng menika Tononggo dipun dadosaken
bekel wonten ing alas terong menika.
Amargi sampun sepuh, lajeng Trosentono dipun pilih dening Trononggo
dados bekel nggantosaken ramanipun.
Feature
Dening: Widha Prastawa (10205244005)
0 komentar:
Posting Komentar