Tiyang Sepuh Kulina Dhahar Mengkudu

Posted by Jagading Wacana Label:


Gambar.  mengkudu wonten ing dalemipun Mbah Maryati
KEBUMEN- Mengkudu inggih punika salah satunggaling jinising woh ingkang kagolong kathah sanget pigunanipun. Sasanesipun dipunmangertosi amargi pigunanipun, woh mengkudu menika ugi dipunmangertosi amargi ambu lan raosipun ingkang kirang ecoh.  Amargi mambu lan raosipun ingkang kirang ecoh menika, kathahipun tiyang menika langkung remen dhahar mengkudu ingkang sampun dipunolah dumados pil utawa kapsul kangge pikantuk kasiatipun.
Kahanan kados mekaten benten sanget, kalihan pakulinanipun tiyang sepuh wonten ing Dusun Tamanwinangun Kecamatan Kebumen. Tiyang sepuh menika kulina dhahar woh mengkudu kangge njagi kasarasanipun. Tiyang sepuh menika langkung remen dhahar mengkudu ingkang taksih awujud woh tinimbang sampun awujud olahan pil utawa kapsul. Menawi dipuntakeni raosipun woh mengkudu menika, tiyang sepuh wonten ing Dusun Tamanwinangun kathahipun ngendhika menawi dhahar ingkang kapisanan menika raosipun boten ecoh ananging menawi sampun dangu lan kulina raos menika dumados ecoh.
Gambar. Mbah Maryati
Salah satunggaling tiyang sepuh ingkang namanipun Mbah Maryati ngendhika “kula menika sampun mangan pace (mengkudu) menika awit tasih enem. Pas rikala semanten kula nggih mboten remen amargi ambu lan raosipun boten ecoh ananging bapak lan ibu dhawuhi kula mangan woh menika. Lajeng kula asring mangan woh pace menika. Kasilipun kula ngraos, awakipun kula sehat lan seger saknajan yuswa kula sampun tuwa.” Mengkudu wonten ing Dusun Tamanwinangun ugi kasebut pace.
Wonten ing dalemipun tiyang sepuh ing dusun Tamanwinangun menika kathah ingkang gadah wit mengkudu. Saknajan yuswanipun tiyang sepuh menika sampun sepuh ananging awakipun taksih katingal seger lan sehat. Tiyang sepuh menika kathahipun mboten mangertos kandungan menapa kemawon ingkang kawontenan ing mengkudu. tiyang sepuh menika namung mangertos menawi mengkudu menika sae kangge kasarasan. Menawi saweg mumet, pegel, kesel lan lemes, tiyang sepuh menika ngobati penyakit menika kanthi dhahar mengkudu.
Sakjatosipun mengkudu menika ngandut zat nutrisi ingkang jangkep ingkang dipunperluake awak, kadosta protein, vitamin, lan mineral. Selenium menika salah satunggaling mineral wonten ing mengkudu kagolong antioksidan ingkang sae. Mengkudu menika ugi ngandut zat anti kanker, lajeng senyawa scolopetin kangge anti peradangan lan anti alergi, saha zat terpenoid kangge pambiyantu pemulihanipun sel-sel awak. 

Feature
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)

0 komentar:

Posting Komentar