“Katrok” Vs “Gaul”

Posted by Jagading Wacana Label:


“Katrok” Vs “Gaul”
Menapa panjenengan tiyang Jawi? Lan kagolong mahasiswa kados dene kula? Kula badhe nyuwun pirsa dhumateng panjenengan. Menapa panjenengan ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan? Menapa para tiyang wonten ing sakiwa tengene panjenengan ugi ngginakake basa Jawi wonten ing padintenan? Lan  setunggal malih, menapa tiyang sepuh ipun panjenengan mulang utawa ngulinakaken basa padintenan panjenengan ngginakake basa Jawi? Menapa malah basa padintenan ingkang dipunginakaken panjenengan lan tiyang-tiyang wonten ing sakiwa tengene panjenengan nginakake basa Indonesia menapa malah basa Manca? Sami kemawon kaliyan tiyang sepuh ing jaman sakmenika menapa taksih ngulinakake utawa mulangake basa padintenan menika basa Jawi? Kula kinten boten. Wonten nanging namung sakedik,lan cacahe kalah kaliyan ingkang ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca.
Leres nggih? Lan panjenengan kula kinten ugi sampun boten rumaos ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan. Langkung remen ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca ingkang langkung rumaos “Gaul”, tinimbang ngginakaken basa Jawi ingkang dipunanggep sampun boten trep kaliyang jaman sakmenika utawi tiyang sakmenika asring nyebat basa menika “ndesa” utawi “katrok.” Leres? Panjenengan mboten prelu rumaos boten sekeca, nampi pitakenan-pitakenan menika. Kadospundi? Amargi kula minangka mahasiswa ugi rumaos gagal, boten saged ngginakeken basa Jawi ingkang sae lan trep kaliyan undha usuking basa wonten ing padintenan. Tiyang sepuh kula uga sami, boten saged ngulinakake lan mulang kula ngginakaken basa Jawi ingkang leres lan trep kaliyan undha usuking basa Jawi menika. Wonten ing sak kiwa tengenipun kula inggih mekaten, tiyang menika rumaos gengsi menawi ngginakaken basa Jawi menika.
Kahanan kados mekaten menapa badhe kalajengaken? Menawi inggih, kados pundi nasibipun  basa Jawi menika? Menapa saged lestantun lan sakmangke putra putri kula lan panjenengan utawi generasi saklajengipun saged micara basa Jawi kanthi sae lan trep kaliyan undha usuking basa lan boten rumaos lingsem ngginakake basa menika? Menawi kula lan panjenengan gengsi ngginakaken basa menika amargi katingal “katrok,” sinten malih ingkang badhe nglestantunaken basa Jawi menika satemah boten katilep dening wolak-waliking jaman? Katlindes dening basa Indonesia lan basa Manca ingkang katingal langkung sae utawi “Gaul.” Saged dipuntingali menawi wonten ing  jaman sakmenika boten tiyang sepuh boten tiyang nem kathah ingkang boten saged micara basa Jawi ingkang trep kaliyan undha usuking basa menika. Basa ingkang asring dipunginakaken wonten ing padintenan inggih menika basa Jawi ngoko utawi basa Indonesia lan basa Manca. Boten usah tebih-tebih wonten ing Jawi kemawon, mliginipun wonten ing Yogyakarta lan daerah Jawa Tengah ingkang raket lan kethel kaliyan basa menika, nanging kahtah ingkang boten saged basa Jawi kanthi sae. Kulo asring rumaos lingsem kaliyang tiyang saking Manca ingkang purun nyinau basa Jawi lan saged ngginakaken basa Jawi kanthi undha usuking basa ingkang trep ugi sae. Tiyang Jawi menika malah rumaos lingsem lan boten purun ngginakake basa Jawi amargi boten purun dipunsebat tiyang “katrok.” Panganggepe basa Indonesia lan basa Manca  menika langkung “gaul.” Lare-lare jaman sakmenika ugi kathah ingkang boten saged basa. Raos lingsem taksih ageng wonten ing diri tiyang Jawi. Para tiyang sepuh uga mboten ngginakaken basa Jawi menika kangge basa Ibu utawi basa padintenan wonten ing griyo. Kahanan menika boten saged dipunpenggalihaken dhumateng pemerentah kemawon amargi basa Jawi menika boten dipunwulangaken wonten ing tingkat SMA. Menawi wonten SD lan SMP ugi dereng trep kurikulumipun. Lunturing basa menika boten tanggeljawabipun pemerentah kemawon nanging ingkang langkung wigatos tiyang sepuhipun ingkang kedah ngulinakaken lan mulang basa Jawi menika wonten ing padintenan kanthi ngicalaken raos lingsem lan “katrok” dhumateng  lare-larenipun. Malah kedah nuwuhaken raos bingah,gadhah lan bangga marang basa Jawi.
 Perkawis ingkang dipunadhepi wonten ing jaman sakmenika inggih menika raos lingsem lan boten pede ngginakaken basa Jawi menika ingkang sampun kabanjur katingal “katrok.” Kirang tanggepipun tiyang sepuh kangge ngulinakake basa Jawi menika dhumateng putra-putrinipun amargi gadhah raos gengsi. Basa Indonesia lan basa Manca  langkung katingal “gaul.” Menawi mekaten langkung-langkung basa Jawi  mesthi bakal kagusur kaliyan basa “gaul” utawi basa Indonesia lan basa Manca wau. Basa Jawi bakal ical lan namung kantun crita lan namung dados guneman. Kahanan kados mekaten mboten namung dipunadhepi dening basa Jawi. Nanging ugi basa-basa daerah sanesipun ing Indonesia ugi mekaten. Kula nelangsa ngenginggi kahanan kuwi. Basa daerah menika bakal ical lan bangsa Indonesia sakmangke boten gadhah identitas bangsa malih wonten ing sangajenge negara manca. Basa Jawi menika nalika sakmangke sampun boten wonten tiyang ingkang purun ngginakaken lan ugi nglestantunaken basa menika saged dipunaku-aku dening negara sanes. Kaya dene batik, reog, masakan rendhang lan ugi lagu daerah  Sumatra. Menawi sampun sakmenika kahanane, sakmangke enggal-enggal kathah tiyang ingkang sadar lan boten saged nampi menawi basa menika utawi kabudayane dipunaku-aku dening nagara sanes. Raos gadhah, tuwuh nalika ningali prekawis menika.
Miturut UNESCO, basa wonten ing dunya menika ingkang langkung kathah punah utawi sampun boten wonten penuturipun inggih menika kathah-kathahipun wonten ing Indonesia. Saking 742 basa daerah ing Indonesia, namung 13 basa ingkang gadhah penutur langkung saking seyuta. Perkawis menika gadhah teges wonten 729 basa daerah sanesipun ingkang jumlah penuturipun wonten ing sangandhaping seyuta. Wonten ing antawisipun 729 basa daerah, 169 basa daerah kaancem bakal punah utawi ical amargi jumlahipun penutur kirang saking 500 tiyang. Perkawis menika langkung nggegirisi wonten ing 10 taun menika. Basa daerah bakalan ical. Babagan menika kedah dipunwigatosaken dening kula lan panjenengan ugi pamerentah supados basa Jawi menika mboten ical.
Wonten kathah panyebab ingkang ndadosaken basa daerah kaanggep “katrok” salah satunggalipun wontenipun basa Indonesia ingkang langkung “gaul.”  Basa Indonesia sampun dados saingan ingkang awrat kangge basa daerah. Wonten kapitadosan basa Indonesia menika “modern” lan “gaul.” Lan basa daerah mliginipun basa Jawi menika “katrok,” “ndesa” lan kuna. Kathah tiyang ingkang miyos lan ageng wonten ing kutha boten saged micara ngginakaken basa Jawi. Tiyang menika lingsem ngginakakeken basa Ibu. Tiyang sepuh langkung remen ngginakaken basa Indonesia utawi basa Manca kangge komunikasi kaliyang putra-putrinipun amargi tiyang sepuh menika gadhah pitadosan menawi kedah saged maju, putra-putrinipun kedah saged basa Indonesia utawi basa Manca, sanes basa Jawi. Ing jaman sakmenika kathah tiyang ingkang langkung bangga micara basa Indonesia utawi basa Manca. Boten namung ing kutha-kutha nanging ugi wonten ing dhusun-dhusun. Boten namung golonganipun tiyang piyayi nanging ugi tiyang biyasa. Wonten ing Sekolah Dasar ugi kathah guru ingkang mulangaken basa Jawi nangging basa ingkang dipunginakaken kangge mulang basa Indonesia. Kathah media massa kados dene  koran, radio lan televisi ingkang nyengkuyung lan ugi ndamel basa Jawi menika sajatosipun inggih “katrok,” “ndesa,” lan kuna.
Ngenginggi perkawis menika kita minangka generasi nem kedah saged nyengkuyung supados basa Jawi menika boten ical kanthi cara paling boten ngginakaken basa Jawi wonten ing padintenan. Boten namung generasi nem, nanging tiyang sepuh ugi kedah sami nyengkuyung lan nyinau sesarengan kangge nglestantunaken basa Jawi. Wontenipun wadhah ingkang saged mulangaken lan ngulinakaken dhumateng masarakat Jawi kangge ngginakaken basa Jawi. Kadosta lembaga-lembaga sosial ingkang preduli kaliyan basa Jawi, sanggar-sanggar basa lan seni, lan ugi sanesipun. Nuwuhaken raos nggadhahi lan boten wonten raos lingsem kangge micara basa Jawi. Ngicalaken anggepan “katrok,” “ndesa,” lan “kuna” ingkang sampun kabanjur tumempel wonten ing basa Jawi. Satemah sakmangke boten wonten basa “katrok” lan basa “gaul.” Basa jawi saged kalestantunaken saking kahanan ingkang saged ndamel basa Jawi menika ical. Dudutanipun ingakang saged kapetik saking perkawis menika inggih menika basa Jawi kedah dipunlestanunaken amargi basa menika salah satunggaling titikan bangsa Indonesia wonten ing sangajengipun negara manca. Raos lingsem micara basa Jawi kedah dipunicalaken. Satemah boten wonten malih anggepan “katrok.” Lan basa Indonesia uga basa Manca boten katingal langkung sae lan “gaul.” 



OPINI
Dening WIJI BUDI LESTARI (10205244021)

0 komentar:

Posting Komentar