Asal usul pedhukuhan Maladan

Posted by Jagading Wacana Label:


Asal usulipun menika saking tiyang ingkang pagaweanipun nderes nira klapa lajeng saking deresan menika dipunolah dados gendhis, karana saking tiyang menika kalebet tiyang ingkang mboten gadhah, tiyang menika dipunwastani dening masyarakat  “Ki Patungmlarat”. Ananging tiyang sanes  ingkang tepang kaliyan Ki Patungmlarat menika nganggep Ki Tukangmlarat gadhah pribadi ingkang kiat tirakat/tapa brata, satemah dadosaken tiyang ingkang luhur budinipun saha sekti ilmunipun. Amargi menika dipundadosaken sesepuh wonten ing tlatah menika.
Wonten ing sawijining dinten nalika Ki Tukang mlarat nembe minggah wit kangge nderes nira,wonten tiyang ingkang rawuh non inggih tiyang ingkang alim saha nyuwun pirsa” kisanak, menapa sebabipun panjenengan badhe nderen nira menika kedah nyebat ukara “ clontang clantung, wong nderes buntute bumbung, apa gelem ora?” lajeng Ki Tukang mlarat jawab” menika mantra supados hasilipun saged kathah,….ah, ingkang dipun ucapaken menika lepat” jawabipun tiyang alim, lepat saha kirang lepat? Jawabipun Ki Tukangmlarat,jenengan menika dereng tepang kaliyan kula. Kula menika tiyang ingkang deres nira kawit alit.menika ngelmi saking warisan turun temurun saking leluhur saha mantra menika maton. Leres kisanak, ananging wonten mantra ingkang linuwih,ingkang saged ngangsilaken nira ingkang kathah”,jawabipun tiyang alim, cobi panjenengan buktikaken!” panjalukipun Ki Tukangmlarat,nggih, keparenga kula mirsani panjenengan anggenipun ngolah nira menika. Lajeng Ki Tukangmlarat menika nedahaken kadospundi caranipun damel gendhis. Tiyang  wau inggih nyetak gendhis aren setunggal tangkep lajeng dipun cetak dipunparingaken dateng Ki Tukangmlarat lajeng nilar pesan supados mboten dipunbikak  saderengipun tiyang alim menika kesah.
Lajeng KI Tukangmlarat menika mbikak cetakan gendhis hasilipun saking tiyang alim menika. Netranipun kaget karana wosing sampun sanes gendhis ananging emas. Ki Tukangmlarat menika menggalih bilih tiyang alim menika tiyang ingkang sekti, lajeng Ki Tukangmlarat menika nguyak tiyang alim menika lajeng katututan lajeng kepanggih malih kaliyan tiyang wau amargi tiyang alim menika sunan kalijaga ingkang kawentar wonten ing tiyang mlarat. Amargi taksih kepingin mangertos kaliyan tiyang wau lajeng KI Tukang mlarat menika nyuwun dipunwulang mantra sekti wau. Lajeng kersa dados muridipun sunan kalijaga saha dipun ajari syahadad. Saking menika wau Ki Tukangmlarat dipun ajak Sunan Kalijaga ngembara wonten setunggal papan saha papan sanesipun sinambi nyebaraken dakwah islam.
Wonten ing sawijining dinten, Sunan Kalijaga pamit dating Ki Tukangmlarat, Sunan Kalijaga badhe sembahyang wonten mekah (wonten ing versi sanesipun  menika wonten demak). Lajeng Ki Tukangmlarat menika dipundawuhi kangge njagi tongkatipun Sunan Kalijaga.
Ki Tukangmlarat menika lenggah sila, saking dangunipun badan saking KI Tukangmlarat menika ngantos kebak suket saha alang alang. Papan ingkang dingge tapa menika dados kathah tetuwuhan ingkang kathah sanget inggih menika tetuwuhan ingkang dipun sebat grumbulan. Wonten ing papan asanesipun Sunan Klijaga kemutan bilih Sunan Kalijaga menika sampun nilaraken muridipun, lajeng Sunan Kalijaga menika rawuh wonten ing papanipun Ki Tukangmlarat saha tongkatipun.
Sasampunipun dugi wonten ing papan kasebut sampun wonten tetuwuhan ingkang kathah, lajeng tetuwuhan menika dibun bakara kaliyan Sunan Kalijaga ngantos telas,ananging Ki Tukangmlarat menika mboten sakit ,mboten kenging agni menika naming kulitipun dados cemeng. Karana cemeng (geseng), lajeng sunan kalijaga menika maringi gelar kangge Ki Tukangmlarat dados Sunan Geseng. Lajeng saking sunan geseng menika dipunbakar dadosaken nama dusun wonten ing desa jatimulya dlingo bantu inggih menika dusun maladan menika saking tembung mulad  (agni ingkang mulad mulad).

LEGENDA
Dening : Widha Prastawa (10205244005)

0 komentar:

Posting Komentar