
Bapak Saimin inggih punika carik (sekretaris desa) ingkang
sampun ngabdi kaliyan masarakat awit saking taun 1995 dumugi ngantos sak
punika. Bapak Saimin miyos wonten ing Kebumen 6 Januari 1960. Putra nomer kalih
pasangan Bapak Martodimejo kaliyan Ibu Sukiyem. Bapak Saimin sekolah wonten ing
SD Weton Kulon, lajeng wonten ing SMPN 1 Puring lan pendidikan terakhir wonten
ing SMKN 1 Kebumen. Bapak Saimin ugi nate kuliyah wonten ing UGM (Universitas
Gajah Mada) nanging namung kalih semester amargi Bapakipun boten kiyat
ngragadi. amargi nalika semana mas-ipun Bapak Saimin taksih kuliyah wonten ITB
(Institut Teknologi Bandung). Saderengipun dados carik, piyambakipun sampun
nate makarya wonten ing Kepolisian wonten ing Sulawesi. Nanging piyambakipun
boten betah amargi tebih saking keluwarga lan ugi dipun-papanaken wonten ing
daerah-daerah ingkang terpencil. Sekitar taun 1990 piyambakipun medal saking
padamelanipun lan wangsul wonten ing Kebumen lan dados tani. Nalika wonten
pendaftaran carik wonten ing dhusunipun piyambakipun tumut ndhaftar lan
alhamdulillah dados.

Sanesipun inggih punika wontenipun program Jamban keluarga
taun 2001-2002, program pemugaran rumah tidak layak huni wonten masarakat
kirang mampu taun 2010-2011 lan dana punika saking pemerintah daerah kaliyan
provinsi. Margi dhusun punika nalika taun 1995-1999 punika taksih lemah, taun
2000-2009 sampun dipun makadam lajeng taun 2010-2012 wonten program aspal.
Perkawis punika ndadosaken raga lemah wonten ing sakiwa tengen margi regi nipun
inggil. Listrik ugi sampun wonten awit taun 1996 saking usaha ingkang
katindakaken masarakat kaliyan pemerintah desa kangge ngawontenaken listrik
mlebet dhusun. Ragad ingkang kangge ngawontenaken listrik wonten ing dhusun
punika saking swadaya masarakat, boten wonten dana saking pemerintah daerah lan
pemerintah provinsi.

Prinsipipun Bapak Saimin punika “Nglayani masarakat kanthi
prima 24 jam wonten babagan administrasi kaliyan kemasarakatan”. Nalika kula
nyuwun pirsa babagan susah kaliyan bungahipun dados carik, Bapak Saimin gadhah
wangsulan kados punika, “ sing jenenge pengabdiyan ya akeh suka dukane, sebagai
ujung tombak pemerintahan karo ujung tombok. Kenapa ujung tombok? Ya mergane
apa-apa kurang warang-wurung ya Pamong. Upaeh ya esih nang ngisor UMR, maksude
Bengkok (sawah ingkang dipun-olah nalika njabat dados carik) ora sesuai karo
UMR lan pemerintah ya urung ana perhatian karo masalah kuwe.”
Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021
0 komentar:
Posting Komentar