Semut lan Kepompong

Posted by Jagading Wacana Label:



Ana ing salah sawijining alas ingkang rengked, kewan-kewan urip kanthi tentrem. Kewan-kewan iku kayata semut, gajah, macan, manuk, badak, kupu-kupu, lan liya-liyane. Ana ing salah sawijinging dina, ana badai sing gedhe banget. Badai kuwi teka, saengga gawe panik kabeh kewan ing alas mau. Kabeh kewan panik lan mloya-mlayu kanthi keweden kanggo ngindari badai kuwi.
Dina sesuke, srengenge njedul kanthi sumorot kang gawe anget lan manuk-manuk padha ngoceh kang gawe endah dirungoke. Nanging opo kang kadadeyan? Akeh wit-witan ing alas mau padha rubuh kang nggawe alas mau dadi alas kang ora rupa wujude.
Ana kepompong kang lagi nangis lan sedih merga wit-witan padha rubuh. “huu..huuu…kita dhewe sedih banget, ana badai lan saiki ora ana papan kanggo ngiyub…huuu…huuu…” tangise kepompong karo nggrenyem werna-werna.
Seka ngisor lemah, ana semut nongol lan kanthi dumeh dheweke ngomong, “hai kepompong, delenga aku, aku slamet seka badai wingi kae, ora kaya kowe kang ana ing ndhuwur lemah, deleng awakmu, kowe mung bisa nempel neng wit sing rubuh lan ora bisa slamet seka badai.” Omonge semut kang dumeh banget.
Semut saya dumeh lan terus ngomong kaya kuwi mau marang kabeh kewan sing ana ing alas , nganti tekan salah sawijining dina semut mlaku ana ing ndhuwur endut (lumpur hidup). Semot ora ngerti nek dheweke mlaku ana ing nduwur endut kang bisa nelen lan narik dheweke mlebu ing njero lempung.
“tulunggg….tuluuuuuung…..aku kejebak nang nduwur endut…..tuuullluuungg,” semut njaluk tulung. “kayane kowe lagi kesusahan yo, semut?” semut ndeleng ndhuwur lan nggoleti asal suwara mau, lan jebul suwara mau asale saka Kupu-kupu sing lagi mabut ana ing nduwur endut mau.
“Sapa kowe?”pitakone semut kang lagi bingung. “aku iki kepompong sing wektu kae dieloke kowe.” Jawabe si Kupu-kupu. Semut ngrasa isin banget lan njaluk tulung Kupu-kupu nulung dheweke seka endut. “ Tulungi aku Kupu-kupu, aku njaluk ngapura wektu kae aku wis dumeh megra bisa slamet seka badai mung jalaran umpetan nang ngisor lemah.” Si Kupu-kupu ahire nulung Semut, saengga Semut slamet lan Semut janji, dheweke ora arep ngeloke kabeh mahkluk gaweane Gusti Allah kang ana ing njero alas.
Nah, piwulang kang bisa dijupuk seka dongeng ing nduwur yaiku, dhewek kudu ngormati lan ngasihi kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh. Intine kabeh mahkluk gaweane Gusti Alloh kudu dikasihi lan ora kena ngeloke mahkluk liyane.
Kapethik saka wayankatel.com kanthi perubahan

Dening WIJI BUDI LESTARI
10205244021/G

0 komentar:

Posting Komentar