Kanggo Pakurmatan lan Ngiring Latihan Perang

Posted by Jagading Wacana Label:




Ing kraton kuwi gamelan dadi piranti sing penting kanggo ngiringi upacara-upacara sing wes baku dadi pranatan. Ana gamelan sekaten kanggo upacara sekaten ing sasi Mulud. Ana gamelan rancak pepak laras pelog slendrokanggo ngiring gendhing, tari lan wayang. Ana siji maneh yaiku sing diarani Gamelan Carabalen.
Gamelan carabalen uga tinemu ing Kraton Yogyakarta, Pura Mangkunagaran lan Pura Pakualaman. Nanging yen ana Mangkunagaran lan Pakualaman ora nduweni gamelan sekaten amarga gamelan iki mung dadi kagungan Dalem karaton Surakarta apadene Ngayogjakarta.
Wujud cakrike gamelan iki ora beda kaya liyane. Mung bae yen liyane bisa saka tembaga utawa perunggu nanging Gamelan Carabalen saka wesi ules ireng lan garapane rada kasar. Dene rancakane dumadi saka gambyongan, kenong, kendhang wadon, klenangan lan gong. Larase kanggo laras pelog. Kendhang wadon kuwi meh sairib kaya kendhang Bali lan unine monoton.
Nganti saiki Gamelan Carabalen isih tetep digunakakekanggo ngiringi upacara-upacara tradhisi sing wis dadi pranatan karaton apadene pura. Nanging wis ora kaya biyen maneh. Yen saiki paling-paling mung kanggo ngiring metune gunungan sekaten apadene ing upacara jumenengan lan tingalan dalem sang nata.
Gamelan Carabalen sing ana Kasunan lan Mangkunagaran kuwi beda banget cakrike. Yen ing Mangkunagaran luwih gedhe. Saben gamelan rancakane digawemligi sing bisa dipikul kanggo ngiring yen ana acara metu saka kadhaton apadene pura. Mula saka kuwi ing rancakane iki mesthi ana wesine la nana slup-slupane kanggo nglebokake pring sing kanggo pikulan.
“Gamelan Carabalen iki senajan ora pepak kaya gamelan sing umum nanging duweni kelungguhan mligi sing ora kalah penting”, mangkono katrangane Ngabehi Wiromartono, sawijining abdi langen Praja Mangkunagaran marang PS> Ngabehi Wiromartono utawa jeneng asline karan Mbah gimin nambahaken Manawa Gamelan Carabalen iki larase sanajan pelog nanging rada beda. Rada ngungkung lan rada gedhe.iki ana sambung rapete karo kawibawane sang nata utawa kanjeng Gusti.
nalika upacara Grebeg Mulud, Grebeg Pasa, aln Grebeg Besar gaemelan sing dipikul kanggo ngiring metune gunungan. Anggone mikul nganti teka plataran Masjid Agung. Semono uga nalika bali angadhaton gamelan iki tetep diunekake amarga ana gunungan sing dikersakake bali menyang kadhaton saperlu dipurak para sentana lan abdi dalem.
Ing jaman biyen nalika pinuju ana tamu saka gupermen ngestreni jumenengan pranatane gamelan Carabalen diunekake ngungkung dijumbuhkake urut-urutane lakune kangjeng Tuan Residen apadene Kangjeng Tuan Gubernur, sakliyane gamelan Carabalen lan kodhok ngorek sing mapan ana Kasunanan lan Mangkunagaran sejatine isih ana maneh gamelan kanggo maleman ing Sriwedari. Gamelan iki mung diunekake mung setaun sapisan suwene seminggu nalika Maleman Sriwedari wiwit malem 21 ing sasi Pasa. Gamelan yasan Dalem Sinuhun Pakubuwana X iki wis ora pepak maneh. Sebageyan wis murca ora karuwan dununge.
Gamelan maleman iki statuse pancen ora jelas lan mung dipapanake ana gudhang dadi siji karo barang-barang abrakan liyane. Gamelan iki cetha duweke kadhaton apa wis mlebu ing inventaris pengelola Taman sriwedari. Mula nalika ilang ora ana sing ngerti lan nganti saiki  sajake isih tetp kelangan lacak during bali menyang papane sekawit.

Faizal Rahmat (08205244001)

0 komentar:

Posting Komentar