Joko menika tiyang ingkang boten remen sanget menawi
makarya. Padamelanipun saben dinten inggih menika namung turu, mangan lan
dolan. Bapak lan Ibunipun Joko boten nglarang amargi saking kaluwarga ingkang
gadhah. Sedaya kemawon ingkang dipunremeni lan dipunpengini Joko mesthi keturutan.
Enjing menika Joko dolan wonten ing alas. Wonten ing
tengahing alas menika Joko ketemu kaliyan tiyang sepuh ingkang beta gangsal kanthong
ingkang abot.
“Mas! Nyuwun pangapunten nganggu, kula badhe nyuwun
pambiyantunipun panjenengan beta kanthong menika dumugi wonten ing kutha?”, Panyuwunipun
tiyang sepuh.
Mireng panyuwunipun tiyang sepuh menika, Jaka namung
mlengos tetep mlampah sinambi ngamati tetuwuhan wonten ing alas.
“Mas, menawi panjenengan purun pambiyantu, kula badhe
maringi salah satunggaling kanthong menika ingkang mas remeni. Monggo
dipunpilih!” pangandikanipun tiyang sepuh.
Jaka tetep tasih boten gagas pangandikanipun tiyang
sepuh menika. Huh! Wau nyuwun tulung saiki malah arep maringi kanthong.
Paling-paling isinipun sampah.” Batinipun Jaka.
“Mas, kanthong kula ingkang werninipun abrit menika isinipun
tetuwuhan ingkang saged ngobati sedaya penyakit, menawi kanthong ingkang werninipun
biru menika isinipun palawija unggulan. Uatawi panjenengan badhe ngersakaken
kanthong ingkang werninipun pethak? Kanthong menika isinipun sutera, ingkang
kanthong werni ijem menika isinipun maneka jinising sandangan, lan kanthong
ingkang werninipun kuning isinipun emas permata. Panjenengan saged milih salah
satunggaling kanthong menika.” Pangandikanipun tiyang sepuh.
“Nggih kula badhe paring pambiyantu panjenengan ananging
kula ngersakaken kanthong ingkang werni kuning menika.” Panyuwunipun Jaka.
“Menapa panjenengan yakin kanthong menika saged beta
kabegjan kangge panjenengan Mas?” Pitakonipun tiyang sepuh.
“Kula langkung yakin. Cepet paringaken kanthong
menika. Kula mpun boten sabar beta wangsul kanthong menika.” Panyuwunipun Jaka.
Tiyang sepuh menika maringaken kanthong ingkang werni
kuning. Jaka langsung beta kanthong menika lunga tanpa ngucapake matur nuwun
kaliyan tiyang sepuh menika. Sasampunipun radi tebih, Jaka bikak kanthong
menika. Jaka langkung bungah sanget amargi ningali kanthong menika isinipun
kathah sanget emas. Jaka lajeng nglajengaken wangsul.
...............................
Tanpa diduga-duga
“Pokoke menawi ketemu tiyang gadhah menika, rampok
mawon.” Pangandikanipun salah satunggaling tiyang.
Jaka ingkang krungu suara menika, langsung cepet-cepet
ngumpet. Bibar kalih tiyang menika tindhak, Jaka langsung medal saking papan
kangge ngumpet menika. lajeng nerasaken wangsul kaliyan gugup lan wedhos.
Dumugi wonten ing pinggir kali. Papan menika katingal sepi. Namung wonten
tigang tiyang ingkang narik prahu.
“sepi sanget dinten menika.” Pangandikanipun tiyang
ingkang awakipun alit
“Leres, boten kados dinten-dinten biyasa.”
Wangsulanipun tiyang ingkang rambut kriting.
Pripun menawi kita rampok mawon tiyang nyebrang
ingkang ngginakaken prahu menika.” Pitakonipun tiyang ingkang awakipun kekar.
Tiga tiyang ingkang narik prahu menika nguyu
kamikelen. Mireng kados mekaten Jaka tambah kewedhen. Saking wedosipun, Jaka
lajeng njegur kali lan renang dumugi pinggir kali. Saweg wonten ing
tengah-tengah kali, wonten baya mlaku tumuju Jaka.
Tanpa ragu-ragu. Jaka ngebug moncong baya menika
ngginakaken kanthong ingkang dipunbeta. Baya menika lajeng bikak moncongipun.
Lajeng, boten mikir dhawa Jaka langsung nguncalke kanthong ingkang isinipun
emas wonten arahipun baya. Uncalan menika pas banget tiba wonten ing sajroning
monconging baya saengga baya menika kangelan anggenipun mangan. Ningali kados
mekaten, Jaka langsung renang tumuju pinggir kali.
Sasampunipun kadadean menika, Jaka dados sadar menawi
emas menika boten damel kabegjan kangge piyambakipun. Ananging palah damel
tumekaning memala. Sasampunipun kadadean menika Jaka dados rajin lan wicaksana.
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)
0 komentar:
Posting Komentar