Pahlawan Hamster

Posted by Jagading Wacana Label:


Wayah esuk muput wonten ing kandang hamster ingkang endah sanget. Kandang menika dados istananipun hamster. Salebeting istana kathah pirantos-pirantos kangge kabetahan gesangipun hamster. Wonten dolanan puter-puteran, wonten bathup ugi wonten omah-omahan alit ingkang lucu sanget kalihan wonter slosoran, ugi boten kesupen wonten kwaci setunggal mangkong hamster kangge pangan. Setunggal keluarga menika wonten 3 hamters ingkang gesang sesarengan. Ingkang pethak naminipun Hapi, ingkang cemeng naminipun Hami, lajeng ingkang coklat naminipun Haso. Sedaya menika gadhah watek ingkang benten-benten, Hapi menika hamster wadon ingkang paling pinter, lajeng Hami inggih menika hamster jaler kang bagus tur gadhah watek ingkang sae, menawa Haso menika hamster wadon kang ayu ananging gadhah sifat kang kirang sae.
Wayah jam 8 ndalu, Hami, Hapi, lan Haso pada tangi. Hapi muter-muter wonten kandhang, bingung badhe punapa. Hami boten sengaja ningali Hapi ingkang lagi muter-muter kala wau. Lajeng kaloro wau kekandhahan lan sami gojegan, ketingal rukun sanget. Ananging nalika Hami kaliyan Hapi kala wau sami ngendikan, Haso ngintip saking wingking umah-umahan alit. Haso ngraos boten remen kaliya Hapi amargi Hapi langkung caket kalihan Hami.
Gegojegan Hami lan Hapi dipunlajengaken dolanan sesarengan wonter kitiran, kakalih wau ketingal bungah saget. Kitiran muter lelet. “ser ser ser ser….” Kados ngaten mungelipun kitiran. Nalika Hami lan Hapi sami dolanan wonten kitiran, Haso nyeraki kekalihe. “Punapa kula pareng tumut dolanan punapa boten?” pitakenanipun  Haso.  “ Ayo dolanan sesarengan….. numpake gantosan nggih…. Bibar kula lajeng panjenengan” ngendikanipun Hami kanthi mesem. Rikala dumugi giliranipun Haso, Haso dolanan kanthi mempeng sanget. Muter selelet lelete. Ananging boten kaduga, kitiran  kang saweg ditumpaki Haso copot saking porosipun. Haso dhawah, medal getihipun kathah sanget. Hami wekdal menika saweg tindak mundhut pangan kangge Hapi lan Haso. “ Pi, menika kados pundi? Haso semaput, kala wau kitiranipun risak lajeng Haso dhawah, kita kedah kados pundi?” Hami bingung nalika ningali Haso semaput wonten ing panggenan. “ Sampun to nduk… boten napa-napa, ayo dibeto menyang umah-umahan mawon” pangajake Hapi.
Wonten ing mriku Hami lan Hapi nenggo kanthi sabar ngantos Haso sadar. Sanalika Haso sadar, mbikak netranipun.
“Lungo kowe Mi, kowe wis nyilakakna aku ! Lunga! Lunga! ” kanthi suara ingkang seru sanget Haso ngurak Hapi. Haso nyariosaken carios ingkang lepat dhumateng Hami, ananging Hami ingkang boten mangertos menawi Haso menika sampun ngapusi hapi boten purun nglawan amargi kengetan menawi Haso tembe mawon sadhar, Hapi nyobi ngendika dhumateng Hami ananging Haso mboten purun ngalah, sahingga Hapi nrima meneng. lan cilakanipun, kathi kadadosan menika Hami ngraos boten remen dening Hapi. Hapi anamung nampi duka amargi boten dipercaya nalika crita ingkang leres dhumateng Hami. Ananging Hapi boten saged punapa-punapa. Hapi pasrah lan terus ndunga marang Gusti supaya penapa ingkang becik saged ketingal.
Wonten pinten-pinten minggu Hapi dipuntilar dening Hami, lajeng Hami dolanan lan punapa kemawon sareng kalihan Haso. Hami badhe menapa kemawon piyambak.  Sedaya ingkang dipunfitnahaken dening Haso dhumateng Hapi boten dilebetaken manah amargi Hapi menika boten remen mendhem dhendhem marang kanca.
Wonten satunggaling dinten wonten kedadean ingkang boten dinyana-nyana. Haso nalika saweg dhahar kwaci kaselek kelaran laran. Boten ngertos punapa ingkang kedah dipunlakokaken. Haso namung saged nangis. Nalika Haso nangis, Hapi nyeraki lan taken punapa sebabipun Haso nangis. Tanpa pikir dawa, Hapi langsung mundhutaken wedang kangge Haso. “Dipun unjuk So…mesti bakal mantun sakitipun ” prentahipun Hapi dhumateng Haso. Haso lajeng ngunjuk unjukan ingkang dipun paringi dening Hapi. “ Lho kok aku bisa mari?”  Pitakone Haso. Hapi namung mesem. “ Matur nuwun nggih Pi, panjenengan sampun paring pitulungan kula” Haso matur kalih nangis. “Lho ngopo So… kok nangis?” pitakenipun Hapi. “Kula lepat kalihan panjenengan, kula sampun mitnah panjenengan  wonten ngajengipun Hami, ananging panjenengan tesih purun paring pitulung dhateng kula” cariosipun Haso. “Inggih…boten dados punapa, kita kedah sami-sami paring pambiyantu dhumateng sepada-sapa, kedah urip rukun amargi kita sedulur, masalah ingkang rumiyin kalih kula sapmun boten usah dipun penggalih, kula sampun paring maaf awit rumiyin dhateng panjenengan” ngendikanipun Hapi kanthi tumemen. Nalika Haso lan Hapi saweg kekandhahan, Hami teka. Hami gumun menapa Hapi lan Haso katingal rukun sanget. Lajeng Hapi nyariosaken kadadean ingkang tembe kalampahan, lan nyariosaken sedaya kalepatan Haso dhumateng Hapi kala rumiyin. Hami saged nampi Haso, boten wonten prasangka kang boten sae, amargi Haso sampun purun paring carios punapa sawontenipun.
Ing akhir carios, Hapi, Hami, kalihan Haso sami urip rukun, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Hapi lan Hami palakrama lajeng gadhah putra ingkang naminipun Mipi. Amargi saking gagahe Mipi dipun remeni Haso kang ugi tesih ayu. Cekaking carios, Haso ugi palakrama kalihan Mipi. Sedaya urip seneng.

                                                              DONGENG
                                                              Budi Sih Yuliarini(10205244011)

0 komentar:

Posting Komentar