“Ji…pokoke
kowe sesuk rampung sekolah langsung melu mbakmu! Sekolah kebidanan wae!!”
Ngendikane Bapak.
“Puji
mboten pengen sekolah bidan Pak.”
“Ya,
kudu gelem.”
Bapak
pancen wonge otoriter. Apa kang dadi kekarepane kudu dituruti lan kaleksanan.
Sering wong saomah padha nesu nanging mung dipendhem nang njero ati, merga
ngendikane Bapak utawa nalika Bapak nesu. Nalika Bapak prentah utawa nyuwun
apa-apa, wong saomah ora ana kang wani mbantah. Kabeh padha manut lan nurut
karo Bapak.
Ya
kaya Puji kuwi. Sebenere dheweke ora pengin sekolah kebidanan. Nanging Bapak
meksa dheweke kudu mlebu sekolah kuwi. Puji lewih seneng karo jurusan Geografi
utawa Sosiologi. Nanging njuk piye maneh, dadi anak kudu nurut karo wong tua.
Merga wong tua kang bakal ngragadi sekolahe. Puji mung bisa ngarep lan ndonga
marang Gusti Allah, muga-muga atine bapak bisa nrima kekarepane.
Wektu
semana Puji kelas 3 SMA lan wis wayahe dheweke golek-golek sekolah kang trep
karo atine. Kanca-kancane uga mangkana, wis padha sibuk golek-golek informasi
pendaftaran mahasiswa anyar ing Universitas-universitas kekarepane dhewe-dhewe.
Nanging kang paling penting uga sinau kanggo ngadhepi ujian nasional. Akeh
usaha kang ditindakake seliyane ndonga dhateng Gusti Alloh, uga padha melu les
utawa bibel (bimbingan belajar). Supaya kabeh bisa lulus ujian nasional lan
UMPTN.
“Ji…rencanane
kowe bar SMA arep neruske sekolah apa kerja?” Pitakone Dita.
“Insyaalloh
aku ya lanjut sekolah Dit. Lhah kowe piye?” Puji njawab.
“Nek
aku langsung lanjut wae. Aku pengin njupuk jurusan Sastra Inggris nang UI.” Lan
banjur takon.“Kowe piye?”
“Aku
si kepengine njupuk Geografi nek ora ya Sosiologi. Tapi neng Bapakku ora entuk.
Aku dikon mlebu kebidanan kaya mbakku.”
“Ooohh…ya
coba kowe omongake kekarepanmu marang Bapak. Sapa ngerti bapak bisa ngertuni
kekarepanmu.”
Bubar
sekolah, Puji langsung bali omah. Dina kuwi Puji ora ana pelajaran tambahan
utawa les. Ing omahe Puji ngenteni Bapake kondur. Dheweke ming mlaku ngalor
ngidul karo temungkul kaya wong goleki mlinjo. Puji pengin cepet-cepet ketemu
Bapak lan ngomongake kekarepane.
Srengenge
saya mingslup umpetan neng mburi gunung. Pertandha menawa awan bakal ganti
peteng. Puji saya ora sabar. Seka kadohan gremeng-gremeng krungu suwara motore
Bapak. Atine bungah banget. Sawise Bapak liren, siram, solat lan dhahar, Puji
ngumpulake kabeh rasa wani kang diduweni kanggo ngomong karo Bapak. Sadurunge
dheweke wis siap kabeh karo resiko kang bakal tampa.
“Bapak
menapa Puji angsal menawi tumut UMPTN?” Pitakone Puji rada wedi.
“Lhah
ngapa kowe melu UMPTN? Bapak kan wis ngomong nek kowe mlebu kebidanan wae kaya
mbakmu!”
“Nggih
Pak, nanging Puji pengin nyobi tumut UMPTN.”
“Ya
nek karepmu kaya ngana ya ora apa-apa, cobanen kana melu UMPTN ben kowe ya
nduwe pengalaman.” Ngendikane Bapak. “Nangin ya ana sarate, kowe kudu njupuk
basa Jawa. Lan kuwi kudu dadi pilihan nomer siji.”
Krungu
ngendikane Bapak, Puji seneng banget. Senajan ana sarate, nanging iku ora dadi
masalah kang gedhe. Sing penting saiki dheweke bisa melu UMPTN. Sinaune uga
dadi tambah rajin saka sadurunge. Semangate pol-polan tenan, ben bisa lulus
kanthi biji kang apik lan bisa lolos UMPTN. Sahengga dheweke bisa gawe bangga
wongtuane.
Menit
kaganti jam, jam kaganti dina. Dina ka ganti minggu lan sasi, nganti tekan titi
wancine Puji lulus ujian nasional kanthi biji kang ore ngisin-ngisini. Bapak
uga bungah lan bangga marang Puji. Sukur Alhamdulillah banget. Saiki
konsentrasine ketuju kanggo sinau UMPTN. Saben dina Puji latian soal-soal ujian
masuk perguruan tinggi. Nganti tekan dinane dheweke kudu melu ujian. Puji melu
ujian kanthi pangarep-arep bisa ketampa. Pilihan nomer siji Puji njupuk Basa
Jawa kaya janjine marang Bapak. Lan pilihan nomer loro dheweke njupuk Geografi.
Pelajaran kang paling disenengi Puji.
Sesasi
wis keliwatan, dina iki dina senen. Dina pengumuman UMPTN. Puji rasane
deg-degan ora karuan. Nang atine kebak pitakonan dheweke ketampa apa ora. Jam
08.00 esuk, Puji lunga neng warnet kanggo niliki pengumuman UMPTN. Lan Puji
seneng banget nalika ngerti dheweke bisa lolos UMPTN. Sanajan Puji ketampa ana
jurusan sing pilihan pertama yaiku Basa Jawa, Puji tetep seneng banget merga
dheweke bisa kuliah ing Universitas lan ora kuliah kebidanan kang ora trep karo
atine. Puji langsung bali lan ngandhake marang Bapak Ibune. Ora dinyana-nyana
Bapake ngrestoni Puji kanggo kuliah ing Universitas, ora meksa dheweke maneh
kuliah ana kebidanan. Allhamdulillah…
Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021
0 komentar:
Posting Komentar