Posted by Jagading Wacana Label:

JIWA SENI ING SANUBARI SLAMET HARYADI TANSAH MUBAL
Foto Bp. Slamet Haryadi ingkang nembe dados dalang
Bapak Slamet utawi jangkepipun Bapak Slamet Haryadi S.pd ingkang gadhah raos jiwa seni wonten salebeting sanubari ingkang sampun rinaket kawit rumiyin. Kelairanipun Bapak Slamet Haryadi menika wonten Gunung Kidul, 12 september 1953 ingkang asli saking tlatah dhusun Wiladeg, desa Wiladeg karangmojo Gunung Kidul Yogyakarta.
Bapak Slamet Haryadi kawit cilik menika ngangsu kawruh wonten ing SD taun 1966. Lajeng dipun lajengaken wonten ing SMP taun 1969 saha wonten SMA taun 1972. Amargi pendidikan menika wigati sanget tumrap bapak Slamet Haryadi nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing IKIP Kristen Satyawacana Salatiga taun 1976, mboten mandeg wonten ing sarjana muda bapak Slamet Haryadi nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing IKIP Yogyakarta taun 2000 ingkang samenika sampun dados UNY.
Saking ngangsu kawruhipun bapak Slamet haryadi menika kathah ngelmi-ngelmi ingkang dipun angsalaken saking penidikan utawi jawi pendidikan kangge dipun cak – cakaken dening bapak Slamet Haryadi saha wonten panggesangan social. Alhamdullilahipun amargi saking menika wau bapak Slamet Haryadi saged dados guru wonten ing SPG BOPKRI Ponjong saking taun 1976-1991 lajeng dipun pindah wonten ing SMA Bhinakarya II Wonosari 1991-1992 namung setunggal taun. Bapak Slamet ingkang gadhah dedikasi menika dipun pindah saking guru dados Penilik Kebudayaan Kandepbud Gunungkidul taun 1992 – 2001 (9 taun). Lajeng dipun pindah dados Kepala Cabang Dinas Pendidikan Kecamatan tepus saking taun 2001 – 2007. Wonten ing lampahing wekdal Bapak Slamet Haryadi menika dipundadosaken Kepala UPT TK / SD kecamatan Gedangsari  saking taun 2007 ngantos 2009 lajeng  dipunpindah wonten ing Semanu inggih taksih sami jabatanipun inggih menika dados Kepala UPT TK / SD  saking taun 2009 ngantos purna inggih ( 8 sasi ).
Wonten ing panggesangan saking pendidikan, bapak Slamet Haryadi menika inggih remen kaliyan donya seni budaya saking dhalang, tari, wayang uwong, saha mlebet organisasi ingkang taksih wonten gegayutanipun kaliyan seni budaya. Gegandhengan bapak Slamet Haryadi menika “Multitalenta” wonten ing dalemipun pak Slamet menika wonten sanggar pedalangan pangalasan ingkang samenika deados Pembina saha pendiri saking taun 1999 ngantos samenika.


Foto Sanggar Pedalangan Pangalasan
Salajengipun Bapak Slamet menika inggih dados guru tari saking taun 1974 – 2004 amargi bapak Slamet menika inggih dados pendiri Wayang Wong  “Kendalisada” wonten ing karangmojo saking taun 1995 saha pendiri seni karawita  “Laras Jawi” wiladeg ingkang tasih eksis ngantos samenika.
Foto Sanggar Karawitan “Laras Jawi”
                             
               
                      Foto Bp. Slamet rikala beksan  Ringgit Tiyang
                                                     

                       Foto kethek Ogleng, Bp. Slamet Haryadi wonten ing sisih kiwanipun Kethek Ogleng.

Sasnesipun dados pendiri sanggar Bapak Slamet menika inggih tumut Dalang wayang Purwa saking taun 1984, dalang wayang Beber saking taun 2003, Pelestarian kethek Ogleng, pengurus PEPADI (persatuan pedalangan Indonesia)Komda Gunungkidul, pengurus Dewan Kebudayaan kabupaten Gunungkidul, Pengurus Dewan kesenian kabupaten Gunungkidul. Wonten ing wekdal – wekdal punika asring pentas ringgit tiyang wonten ing taman budaya,Ngayogyakarta saha pentas kethek Ogleng wonten ing kitha – kitha ageng (Jakarta, Surabaya lsp.) . Saking menika wau Para guru MGMP kabupaten Gunungkidul menika asring latihan wonten ing sanggar karawitanipun bapak slamet.
Saking kenthelipun saha remenipun wonten ing donya seni kabudayan menika bapak Slamet Haryadi wonten ing tanggal 12 ngantos 15 januari 2008 menika dipundadosaken Duta Seni Indonesia wonten ing Myanmar wonten ing acara Festival wayang ASEAN inggih menika Pentas Wayang Beber. Saha Pikantuk penghargan saking Menteri Kebudayaan dan Pariwisata Republik Indonesia taun 2008, 10 Desember dados Pelestari dan Penembang Warisan Budaya.


BIOGRAFI TOKOH
Dening : Widha Prastawa (10205244005)



0 komentar:

Posting Komentar