Ketiban Cecak

Posted by Jagading Wacana Label:



Sawijining sore ning dhuwur lincak ngarep omah, simbok lan Pras anake lanang lagi gayeng rembugan
“lho le..simbok ngematke awit mau koq raiumu katon suntrut, dheleg-dheleg. opo mau bar didukani Bu Guru ning sekolah? …hayooo”
“eh..simbok, mboten yo..mosok sih?”
“halah ra sah sulaya aku ki wis apal ogh karo lageyanmu” simbok ngendikan sambi nggujeng
“hehe…mboten wonten punapa-punapa koq, tapi Pras lagi kepikiran dadine ora jenak ning ati”
“lha kenapa to le sakjane?”
“niku lho mbok, jare wong jaman mbiyen nek ono sing ketiban cecak bakal nemahi bilahi, lha ndilalahe dhek isuk pras pas arep njupuk klambi ki ketiban cecak mbok” pungkasane Pras crita karo simbok
“weleh weleh…kuwi to le sing marai kowe sajak ora tentrem ngono, lha awakmu percaya ora?”
“nggih percaya nggih mboten mbok” jawabe Pras
***
“kene le tak kandhani yo, sing jenenge cilaka orane wong siji lan sijine ki ora gumantung marang cecak, kuwi ming gugon tuhon
gugon tuhon ki napa to mbok?” pitakone Pras
“apa yo le?..hmm kuwi nek basa keren e semacam keyakinan irasional, takhayul ngono kuwi lho” jawab simbok rada ilmiah
“woo…dadi mboten bener nggih, nek menawa ono wong ketiban cecak njur bakal sial?”
“yo jelas big no no to le ora bener iku, wong dhewe ki lak nduwe Gusti, kabeh pitulungan ki saka kana, dadi ora amarga hal sepele wong dadi cilaka, iki lak meh padha karo yen ana wong nabrak kucing njuk ora dirumat terus iso dadi sial, padahal ora mengkono sebenere”
“lha pripun sakjane mbok?”
“yo kabeh kedadeayan ning ndonya ki asline sebab akibat le, masiya ngono sing jenenge takdir yo tetep ora iso diendhani, nanging jejer kita iki menungsa ya dadia wong kang becik lan ngati-ati ojo sembrana lan ora nuruti aturan supaya urip e ki tentrem, eling a sapa sing nandur bakal ngundhuh”
“hmm..mekaten nggih mbok intine…Pras mudeng sakniki”
“lha yo ngono kuwi le…nah amarga kowe wis mudheng, dadi saiki wayahe awakmu mijeti simbok, sikilku pegel kabeh sedina iki dodolan mubeng ndesa”
“oke deh mbok…siappppp”

CERKAK
DENING : FAIZAL RAHMAT (08205244001)

0 komentar:

Posting Komentar