Gombong
inggih menika salah satunggaling nama kecamatan wonten ing Kabupaten Kebumen.
Papanipun wonten ing sisih kulon, sisih kidule kecamatan Kuwarasan, wetane
kecamatan Karanganyar lan sisih kulone
Kecamatan Sempor. Gombong ugi sakmenika dados ibukota kecamatan lan kota
ingkang paling rame sasampunipun Kebumen.
Wonten
masa perjuanganipun Pangeran Diponegoro (1825-1830) nama Gombong dereng wonten,
nanging namanipun inggih menika dukuh Giyombong. Nama dukuh kasebat kadadosan
saking nama kepala dukuhipun inggih menika Kyai Gombong Wijaya ingkang
sejatosipun saking Banyumas. Kyai Giombong menika bekas prajurit Pangeran
Diponegoro ingkang berjuang wonten ing Banyumas.
Amargi
daerah Banyumas sampun dipunkuasai Kompeni Belanda, Kyai Gombong Wijaya kesah
saking Banyumas dhateng salah satunggaling daerah ingkang boten wonten ingkang
gadhah inggih menika daerah ing sisih kilenipun desa Kemit. Kyai Gombong Wijaya
minangka ketua rombongan, lan ugi dados bekel utawi kepala dukuh. Salajengipun
Kyai Gombong dipunsebat Kyai Giyombong. Kathah tiyang ingkang dugi wonten ing
dukuh Giyombong kangge dados rayat dukuh Giyombong lan ugi wonten ingkang
namung mampir. Tiyang-tiyang kasebat ngungsi saking daerang ingkang sampun
boten aman amargi daerahipun sampun dipunkuasai Belanda.
Saking
Banyumas, Belanda sampun kalah lan mundhut siasat kanthi mbangun pertahanan
wonten ing dukuh Giyombong ingkang sampun rame dening rakyat lan dereng kathah
dipun mangertosi kawontenanaipun. Belanda mbangun Benteng ingkang samangke
badhe dipun ginakaken kangge ngayomi pasukanipun ingkang kepepet saking
paprangan wonten ing sakiwa tengene Banyumas inggih menika wonten ing sakiwa
tengene Banyumas lan Ngijo (samenika dados Ijo).
Nalika
mbangun benteng, Belanda nyuwun kanthi paksa masarakat dukuh Giyombong kangge
kerja rodi utawi keja paksa mbangun benteng tanpa dipun paringi upah. Samange
benteng kasebat dipun paringi nama Benteng Van Der Wijck. Samenika Benteng
kasebat dados salah satunggaling obyek wisata ingkang kondhang wonten ing
Kebumen. Kyai Gombong utawi bekel dukuh Giyombong rumaos nlangsa lantrenyuh
mirsani rakyatipun saben dinten kerja rodi tanpa dipunparingi upah. Rakyat
Giyombong kerja rodi saking enjang dumugi sonten, ingkang ndadosaken kirang
pangan ing pundi-pundi amargi sawahipun boten wonten ingkang ngolah lan sedaya
gabah, jagung, kedele lan sanesipun sampun dipunpundhut dening Belanda. Kahanan
mengkana wau ndadosaken rakyat dukuh Giyombong urip sengsara.
Nanging,
nalika Kyai Gombong mireng babagan kemenanganipun pasukan Mataram kaliyan
kompeni Belanda wonten ing Ayah, Kyai Gombong ndamel siasat kangge nyuwun
pangayoman saking Mataram supados masarakat Gombong ucul saking kasengsaran.
Lajeng Kyai Gombong sowan wonten ing pasukan Mataram ingkang gadhah markas
ing Bukit Indrakila. Panyuwunipun Kyai Gombong dipuntampi, lajeng pasukan
Mataram pindhah markas wonten ing daerah Dapuran Pring wonten ing sisih kidul
dukuh Giyombong.
Paprangan
siang lan ndalu wonten ing daerah Giyombong boten saged kaidarna, rakyat sampun
boten kerja rodi kaliyan Belanda, nanging dipun dhawuhi dening bekel dukuh
Giyombong kangge nyengkuyung sesarengan pasukan Mataram nglawan Kompeni
Belanda. Kompeni belanda mundur saking benteng pertahananipun, lan paprangan
pasukan mataram dipunlajengaken wonten ing sisih wetanipun Giyombong.
Kangge
ngenang jasanipun Kyai Gombong, dukuh ingkang saya rame menika, samenika
dados ibukota kecamatan ingkang kondhang kanthi nama kota Gombong. Dumugi
samenika, masarakat Gomong taksih pitados piweling Kyai Gombong, inggih
menika “Eling-eling, mbesuk jaman rame, ing Giyombong (Gombong) ora bakal ana
peperangan/rerusuhan maneh, nanging sing ana yaiku godhane mung main lan royal wadonan.” (narasumber : H.R Sunarto/Suara
Merdeka).
Dening WIJI BUDI LESTARI
NIM 10205244021/G
0 komentar:
Posting Komentar