Tiyang Sanes Menika Nyebut Kula “Pahlawan Tanpa Tanda Jasa”

Posted by Jagading Wacana Label:



Bapak Samidi saweg maringi penghargaan kangge siswa teladhan
Pendidikan menika kagolong kabetahan ingkang pokok. Pendidikan menika saged beta kemajenganipun Bangsa tumuju arah ingkang langkung sae. Kados mekaten kinten-kinten prinsip ingkang kiyat ingkang dipunkagungi kaliyan sosok priya ingkang naminipun Bapak Samidi. Bapak Samidi kagolong sosok ingkang majengaken pendidikan mliginipun sekolah-sekolah dasar wonten ing Kabupaten Kebumen. Boten namung wonten ing dunnya pendidikan, Bapak Samidi ugi peduli sanget kaliyan bidang kemasyarakatan. Bapak Samidi lair wonten ing Sleman tanggal 4 Desember 1957, piyambakipun anak ketiga saking gangsal paseduluran. Bapak Samidi menika Bapak saking sekawan putra lan putri inggih menika Mei, Prabowo, Yuli lan Setya. Garwanipun inggih mneika Ibu Hartati, ingkang sami-sami makarya wonten ing pendidikan mliginipun ugi sekolah dasar.
Bapak Samidi menika alumni taun 1997 saking Universitas Negeri Surakarta (UNS) kanthi mendhet jurusan Pendidikan Sekolah Dasar. Bapak Samidi ngendhika “lare-lare menika tunas-tunas bangsa ingkang langkung wigati sanget kangge kemajenganipun bangsa. Menawi pendidikan sekolah dasaripun sampun majeng, insyallah kangge pendidikan ingkang salajengipun langkung sae.” Putra saking almarhum Parto Wiharjo kalian almarhum Ibu Suratmi menika ngendhika menawi piyambakipun gadhah pepenginan kangge majengaken pendidikan kanthi dalan dados guru amargi rikala rumiyin Bapak Samidi tasih alit menika pagesangan ekonominipun kirang. Piyambakipun sampun dipuntilar Ibu minangka kelas sekawan sekolah dasar. Amargi kekirangan ekonomi menika piyambakipun nate badhe boten nglajengaken sekolah dasar. Ananging almarhum Ibunipun nate ngendhika menawi Bapak Samidi menika kedah sekolah ngantos inggil. Amargi mekaten piyambakipun gadhah tekat ingkang kiyat kangge nglajengaken sekolah dumugi perguruan tinggi.

Kegiatan lare-lare sekolah dasar

Bapak Samidi nalika maringi penghargaan kangge karyawan berprestasi
Sakmenika Bapak Samidi ngasto wonten ing Sekolah Dasar Negeri 2 Kalirejo kanthi jabatan Kepala Sekolah. Bapak Samidi anggenipun jabat dados kepala sekolah menika sampun periode kaping kalih. Periode pertama wonten ing Sekolah Dasar Negeri 1 Depokrejo. Amargi kinerjanipun ingkang sae, piyambakipun dipunangkat malih dados kepala sekolah. Bab mekaten dados bungahing manahipun Bapak Samidi amargi pengangkatan kepala sekolah periode kalih, wonten ing Kabupaten Kebumen menika namung kalih tiyang  ingkang dipunangkat malih dados kepala sekolah. Salah satunggalipun inggih menika Bapak Samidi. Ibu Muslihatun Salah stunggaling guru SD Negeri 1 Depokrejo ngendhika “Bapak Samidi inggih menika sosok kepala sekolah ingkang sae. Rumuyin sekolah menika kondisinipun saged dipunsebat prihatin sanget. Kathah tiyang sepuhipun lare-lare alit ingkang badhe nyekolahaken lare-lare boten pitados pendidikan larenipun wonten ing sekolah menika. Aninging rikala Bapak Samidi jabat dados kepala sekolah kondisinipun sekolah menika sansaya sae. Samenika kathah tiyang sepuh ingkang pitados pendidikan larenipun wonten ing sekolah menika. Wonten kejadian ingkang boten kula supeaken inggih menika rikala lare-lare alit sami daftar mlebet sekolah, kathah sanget ingkang daftar.
Bapak Samidi nalika rapat musyawarah dhusun wonten ing kelurahan

         Prestasi-prestasi ingkang sampun dipunpikatuk kaliyan Bapak Samidi inggih menika taun 2009 menika piyambakipun dados juara kalih guru teladan tingkat sekolah dasar wonten ing Kabupaten Kebumen. Bapak Samidi ugi asring dipun percaya dados ketua panitia lan panitia wonten ing seminar-seminar utawi pelatihan kangge guru-guru tingkat sekolah dasar. Piyambakipun ugi dipunpercaya dados pengelola keuangan kopersi guru-guru sekolah dasar. Wonten ing periode kalih menika Bapak samidi ugi saged beta sekolahipun inggih menika SD Negeri 2 Kalirejo wonten arah ingkang sae. Sekolah menika saged pikantuk juara kalih tingkat kabupaten sekolah teladan lan sekolah tuladha kangge sekolah-sekolah dasar se-Kabupaten Kebumen.
          Bapak samidi ugi dipunpercaya dados komite wonten ing Taman Kanak-Kanak Tamansari lan SMP N 4 Kebumen. Boten namung terkenal wonten ing pendidikan piyambakipun ugi dados tuladha wonten ing masyarakat. Piyambakipun sampun dipercaya kaliyan masyarakat dados ketua RT kirang langkung 25 taun. Wonten ing dhusunipun Bapak Samidi ugi saged nyuksesake program-program pemerintah kadosta PMPM Mandiri, Program Usaha Tani lan Program bantuan kangge kaluwarga boten gadhah.

BIOGRAFI TOKOH 
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)

0 komentar:

Posting Komentar