Legenda Kamandaka Lan Goa Jatijajar

Posted by Jagading Wacana Label:


Gua Jatijajar menika salah satunggaling papan pariwisata wonten ing Kabupaten Kebumen. Dawanipun gua menika kirang langkung 250 meter kanthi dhuwuripun 15 meter lan ambanipun kirang langkung 25 meter.  Wonten ing Gua Jatijajar menika wonten kali lan sekawan sendang inggih menika kantil, mawar, jombor lan puser bumi. Wonten ing gua menika ugi wonten kathah patung-patung saukuranipun manungsa ingkang nyariosaken Raden Kamandaka utawi Lutung Kasarung.
Arya Kamandaka utawi Lutung Kasarung inggih menika salah satunggaling putranipun Prabu Siliwangi, Raja Kerajaan Pajajaran. Wonten ing wekdal menika Raja sampun sepuh saengga raja menika badhe nganggkat Putra Mahkota kangge ngantosaken Prabu Siliwangi menika. Prabu Siliwangi menika gadhah tiga putra lan setunggal putri. Kalih putra inggih menika Banyak Cotro lan Banyak Ngampar saking permaisuri ingkang kaping setunggal. Ananging permaisuri menika sampun seda. Putra lan putri sanesipun inggih menika Banyak Blabur lan Dewi Pamungkas menika saking permaisuri ingkang kaping kalih inggih menika Dewi Kumudaningsih. Ananging Prabu Siliwangi menika gadah janji menawi putranipun Dewi Kumudaningsih ingkang badhe dipundadosaken Raja.
Wonten ing sawijining dinten menika Prabu Siliwangi nimbali calon putra mahkotanipun inggih menika Banyak Cotro lan Banyak Blabur kangge pinanggih kalih piyambakipun. Prabu Siliwangi menika badhe nganggkat putranipun kangge nggantosaken dados Raja. Ananging saking kalih putra menika boten wonten ingkang purun dados raja wonten ing Pajajaran. Banyak cotro menika dereng siap amargi dereng gadhah ilmu ingkang cekap lan dereng pikantuk sisihan. Banyak Cotro, badhe nikah menawi pasuryanipun tiyang estri menika sami kaliyan pasuryaning Ibunipun ingkang sampun seda. Lajeng Banyak Cotro nyuwun idin badhe kesah saking Pajajaran kangge nggolet tiyang estri menika.
Banyak Cotro menika lajeng pinanggih kaliyan pendeta Ki Ajar Winarong  ingkang dados Pertapa wonten ing Gunung Tangkuban Perahu.  Pendeta menika ngendhika menawi Banyak Cotro pengin pinanggih kaliyan Tiyang estri menika, Banyak Cokro menika kedah rila boten ngangge ageman Kerajaan lan kedah dipungantos kaliyan ageman rakyat biayasa. Lan Banyak Cotro ugi kedah ngginakake nama bedha inggih menika Arya Kamandaka. Sasampunipun mlampah madinten-dinten, Arya Kamnadaka dumugi wonten ing Kadipaten Pasir Luhur. Wonten ing mrika Arya Kamandaka dipunangkat anak kaliyan Patih wonten ing Kadipaten Pasir Luhur inggih menika Reksonoto.
Kamandaka lan Dewi Ciptoroso
     Wonten ing pasir luhur menika Arya Kamandaka saged nemokake tiyang estri ingkang pasuryanipun sami kaliyan ibunipun. Dewi Ciptoroso namanipun, putri bungsu Adipati Kanandoho ing wekdal menika mimpin Kadipaten Pasir Luhur. Arya Kamandaka tresna kaliyan Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso ugi tresna kaliyan Arya Kamandaka. Lajeng Arya Kamandaka lan Dewi Ciptoroso menika ketemu secara langsung wonten ing  Kaputren Kadipaten Pasir Luhur. Ananging pertemuan menika dipunmangertosi kaliyan para prajurit Kadipaten. Mireng kadosmekaten Adipati Kandandoho lajeng nesu sanget kaliyan Arya Kamandaka. Rikala dikejar kaliyan Pasukan Kadipaten Pasir Luhur, Arya Kamandaka terjun wonten ing kali. Pasukan lan Adipati Kanandoho ngirra menawi Arya Kamandaka sampun seda.
     Sasampuninipun dangu saking kedadean mekaten, Adipati kandandoho mireng menawi Arya Kamandaka menika tasih urip. Arya Kamandaka menika wonten ing Dhusun Panagih lan diangkat anak kaliyan Mbok Kertosuro. Wonten ing wekdal menika wonten pemuda ingkang namanipun Silihwarni. Silihwarni menika badhe ngabdiaken piyambakipun kangge Adipati Pasir Luhur. Adipati menika badhe nrima ananging saged mateni Arya Kamandaka. Kangge bukti Silihwarni kedah beta getih lan atinipun Arya Kamandaka. Sajatosipun Silihwarni menika nama sanesipun Banyak Ngampar, rayinipun Arya Kamandaka. Silihwarni lajeng memburu Arya Kamandaka dumugi wonten ing Dhusun Karang Luas. Wonten ing papan menika Kamandaka lan Silihwangi pinanggih. Ananging boten sami kenal amargi ngginakaken ageman rakyat biyasa. Arya Kamandaka lan Silihwangi lajeng gelut. Wonten ing gelut menika Arya Kamandaka ketusuk Keris Kujang Pamungkas silihwangi. Ananging Kamandaka saged nglolosake piyambak.
 Lajeng Arya Kamandaka terus mlayu dumugi goa. Wonten ing goa menika Arya Kamandaka leren lan ngumpet saking Silihwarni. Silihwarni kelangan jejakipun Arya Kamnadaka, lajeng Silihwarni nantang Arya Kamandaka. Mireng tantanganipun lajeng Arya Kamandaka ngendhika sinten piyambakipun ingkang sebenarnya. Silihwarni ugi ngendhika indentisaipun piyambak. Lajeng Arya Kamandaka lan Silihwarni rangkulan lan saling memaafkan, Goa menika lajeng dipun paringi nama Goa Jatijajar. Arya kamandaka lajeng tapa wonten ing Goa Jatijajar. Wonten ing goa menika Arya Kamandaka pikantuk petunjuk menawi badhe kaleksana niatipun bebrayan kaliyan Dewi Ciptoroso menawi Arya kamandaka sampun pikantuk ageman Lutung. 

LEGENDA
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)

2 komentar:

  1. Unknown

    matur nuwun mba Leni sampun medharaken ngagem basa jawa :-)
    ijin copy kanggo tugas mata kuliah mba hehe

  1. Unknown

    matur suwun mbak leni, artikelnya sangat bermanfaat:)
    izin copy ditugas ya mba

Posting Komentar