Asih
Suwiryo menika putri ingkang nomer setunggal saking pasangan Suwiryo kaliyan
Retno. Asih menika gadhah adhik ingkang namanipun Prawito Suwiryo. Ibunipun
Asih sampun seda gangsal taun kepungkur, rikala nglairake Wito. Amarga Wito
tasih alit lan boten wonten ingkang ngurusi Bapakipun Asih lajeng nikah malih
kaliyan Sutri. Sutri menika janda ananging boten kagungan putra. Kaluwarganipun
Asih kagolong kaluwarga ingkang kagungan. Bapak ipun Asih makarya wonten ing
Kalimantan usaha sade batu bara. Amarga kuwi Asih kaliyan Wito asring dipuntilar
Bapakke lan tinggal kaliyan Ibu Tirinipun.
Ing dinten
menika Asih kalian Wito saweg dolanan. Ananging boten dipunsengaja Wito
nyenggol guci ingkang dipunremeni kaliyan Ibu tirinipun.
“Prangggg”,
pecah
Asih kaliyan
Wito pandeng-pandengan. Wito gemeteran ngrangkul mbakyune kenceng banget. Asih
ngraos sanget menawi adhikipun wedos sanget. Lajeng Asih kaliyan Wito sami-sami
sepakat boten badhe matur kaliyan Ibu tirinipun.
Bibar Ashar, Ibu
menika kondur saking peken. Ibu ningali menawi guci ingkang ngajeng umah menika
pecah.
“Asihh...
Witoo.... Rene cepet”, pandhawuhe Ibu.
“Nggih Bu,”Wangsulane
Wito kaliyan Asih kanthi kamiweden.
“Sopo sing
mecahke guci iki?”, Pitakone Ibu kanthi nesu-nesu amarga guci ingkang
dipunremeni pecah.
Asih kaliyan
Wito namung meneng boten mangsuli piatkenanipun Ibu.
“Nek ora ana sing
ngaku, arep tak ukum kabeh, ora ulih do mangan sore iki. Ben do keluwehen.”, Pangucape
Ibu kanthi ngancem Asih lan Wito.
“Kula Bu..”, Wangsulanipun
Asih. Asih menika boten tegel menawi adhine boten nedha kamangka adhine tasih
alit kedah betahaken gizi ingkang cekap. Asih ugi mikir adhine boten bakal
kiyat nahan luwe.
“Bukak tanganmu”,
Pandhawuhe Ibu. Ibu sampun siap nyekel
sulak .
“Plak..plak..plak...”,
sulak menika disabetake ana ing tlapak tangane Asih. Asih netesake luhhe lan
lambene ngrintih nahan lara. Wito boten tahan ningali Mbakyune disabeti kaliyan
Ibu Tirine. Amarga saking wedine, Wito namung saged nahan nangis lan mlayu
wonten ing kamar.
Wengi iku Wito
nyuwun pangapura kaliyan mbakyune. Amarga kaluputane mbakyune kudu nanggung
resiko kang gedhe. Sanajan tasih alit Wito ngrasa salah kaliyan mbakyune. Dheweke
ngrasa yen kudune dheweke kang disabeti wau dudu mbakyune.
“Mbak..”, Pangucape
Wito
“Nopo dhe”,
wanguslane Asih
“Nyuwun
pangapunten nggih Mba. Kedahipun kula kang disabeti Ibu Wau”, Pangucape Wito
karo mingseg-mingseg.
“Boten menapa-napa
dhik. Mbak menika sampun janji kaliyan almarhum Ibu badhe njagi Wito”, Wangsulane
Asih.
Asih kaliyan
Wito lajeng rangkulan.
Wektu
sansaya mlaku, Wito sansaya gedhe lan kedah mlebet sekolah dasar. Wito menika
kagolong lare ingkang pinter kabukten rikala wonten ing Taman Kanak-Kanak, Wito
kagolong murid ingkang berprestasi.
Asih
tasih kelingan sanget, wektu kuwi saweg jamane krisis moneter. Kathah usaha
ingkang gulung tikar, kalebet usahanipun Bapak. Wektu kuwi jam 12.00 wengi,
ndilalalah Asih arep mundhut ombe ana ing dapur. Boten dipunsengaja, Asih
mireng Bapak kaliyan Ibu padhu amargi masalah dhuwit. Lagi kahanane kaya ngene
Ibu ora kepengin nyekolahke Wito ananging Bapak kepengin Wito sekolah lan
pikantuk pendidikan.
Asih kepikiran
masalah kuwi. Kangge solusi masalah menika, kedah wonten kang ngalah
antawisipun Asih kaliyan Wito. Asih mikir yen dheweke boten kenging egois,
dheweke ora tegel yen ninggali impenane Wito anggone mlebet sekolah ajur mumur.
“Pak.....”,
Pangucape Asih.
“Ana apa Sih”,
Wangsulane Bapak.
“Pak Asih boten
sah nglajengaken SMA mawon?”, Panjaluke Asih.
“Opo Sih?? Bapak
ki kepengin kowe ki luwih pinter saka Bapak luwih bisa dhuwur ekonomine saka
Bapak.”
“Ananging Pak.....
Sakderenge kula nyuwun pangapunten, wau dalu kula mireng pangandikanipun Bapak
kaliyan Ibu. Kula namung boten tegel Pak kaliyan Wito.” Pangucape Asih
“Masalah kuwi
ojo mbok pikir. Bapak isih iso mikir kanggo kowe lan Wito. Sing penting saiki,
kowe karo Wito bisa sekolah kanthi dhuwur. Kuwi janjiku karo almarhum Ibumu.”Wanguslane
Bapak. Bapak boten kiat anggenipun nahan rasa trenyuh amarga krungu pangorbanan
ingkang badhe dipuntindakake kaliyan putrinipun.
Masalah
Ekonomi wonten ing kaluwaragane Asih sansaya akeh. Bapakke Asih kedah utang
kaliyan tiyang kathah kangge nyekolahake Asih kaliyan Wito. Ditambah maneh Ibu
tirine Wito kaliyan Asih lunga saking umah amarga boten tahan kaliyan masalah
ekonomi ingkang saweg dipunalami. Amargi rikala rumiyin pakulinana urip ingkang
kepenak.
Asih
sansaya suwe ora tegel ninggali Bapakke pontang-panting kerja. Pasuryane Bapak
katon pucet amarga biyen boten biyasa makarya ingkang abot saiki kedah makarya menapa
kemawon sing penting pikantuk arta. Lajeng Asih mikir pripun carane kangge
mbiyantu Bapak. Asih kepikiran yen dheweke isa gawe les-lesan wonten ing
dhusune. Wiwitane Asih rada ora yakin ananging kedah dipuntindakake demi Bapak
lan Wito.
Asih
nawar-nawarake les-lesane kaliyan tangga sakkiwa tengene. Awale muride namung
loro terus saklajengipun nambah lan nambah. Amarga bocah loro mau prestasine
sansaya munggah sasampunipun diles kaliyan Asih. Asih anggenipun ngeles
bocah-bocah kuwi, Asih boten mathok upah. Kersanipun tiyang sepuhipun lare-lare
badhe maringi pinten. Sok-sok wonten tiyang sepuhipun ingkang maringi gula, teh
kaliyan kasil panen. Menawi mekaten Asih tetep nampi kanthi ikhlas lan lila
legawa.
Saking
upah, Asih wiwit nabung kangge modal usaha sanesipun. Tabungane Asih menika
dipunperang dados kalih. Setunggale kangge Asih, satunggale malih kangge Wito.
Wito rikala semnaten kepengin ngingu pithik.
“Wito, kepengin
ngingu pithik to?”, Pitakone Asih.
“Nggih Mbak,
badhe Wito ternakke. Mangke menawi pithikke sampun kathah saged dipunsade Mba,”
Wanguslane Wito.
“Wah... pinter
sanget Wito ki. Tasih alit ananging pikirane kadosta tiyang ageng,” Pangucape
Asih.
“Wito kan
kepengin kados Mbak Asih”, Wangsulane Wito.
“Hahaha....
Sesuk nek Wito juara setunggal, Mbak janji badhe numbasaken Wito pithik
sakpasang,” Janjine Asih.
“Horeeeeee.......”,
Wangsulane Wito katon seneng banget.
Dinten menika Wito nampi rapot. Asih
sampun nyiapake pitik wonten ing kandhang wingking. Sanajan Wito boten pikantuk
juara setunggal ananging Asih tetep badhe maringi pithik wau. Katon bungah
sanget rikala Wito nampi pithik saking Mbakyune, ditambah maneh Wito saged
pikantuk juara setunggal wonten ing kelas.
Tabunganipun Asih kangge usaha sade
alat-alat tulis kaliyan jajanan pasar. Alhamdulilah sakmenika Asih saged
pambiyantu Bapak ngirangi kabtehan ekonomi. Asih ugi saged paring manpangat
kangge masyarakat amarga ngeles lare-lare saengga prestasi wonten ing sekolah
menika minggah.
CERKAK
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)
CERKAK
DENING : LENI TRI YULIANINGSIH (10205244016)
0 komentar:
Posting Komentar