KORUPTOR LAN PENJUDI NYEKEL PANGUWASA

Posted by Jagading Wacana Label:




Katone aneh lan ora tinemu nalar. Kaya lakon ing jero dongeng wae. Nanging pranyata ing jaman saiki, lan ing nagara kita dhewe, Republik Indonesia. Kahanan iki diungkapake dening Ketua Umum PB NU KH Hasyim Muzadi dina selasa ing Surabaya.
Akhir-akhir iki KH hasyim Muzadi pancen kanthi gencar nggelar kampanye gerakan “anti korupsi busuk”. Lan ungkapane Hasyim Muzadi mau dudu waton omong, nanging didhasari fakta-fakta ing lapangan.
Miturut muzadi, wektu iku kekuwasaan ing Indonesia kena diarani wis ora ana ing tangane parpol (partai politik), nanging ana ing tangane para koruptor lan penjudi. Oknum-oknum iku kang saiki nemtokake kekuwasaan ing Negara kita. Eksistensine parpol lan moral politik akhir-akhir iki ngadhepi ancaman, utamane yen ngelingi anane kasus-kasus ngenani proses-proses pilkada (pilihan kepala daerah). Kang nemtokake kemenangane kepala daerah (gubernur, bupati, walikota) wis dudu parpol maneh, nanging kekuwatan-kekuwatan kang ana ing saburine geber, kang ora liya dumadi saka koruptor-koruptor lan pejudi-pejudi kang dhuwite pancen sathekruk, saengga keconggah “nuku” parpol.
Pemain-pemain loro ing saburine geber mau nganakake delegimitasi tumprap kepala daerah kang kepilih, sebab pemain-pemain loro mau pancen uga kaconggah “niku” bupati utawa gubernur. Saiki coba kita bayangake, papa bakal dadine menawa kepala daerah tundhuk lan luwih loyal marang wong-wong saburine geber kang nyeponsori pencalonanenganti bisa kapilih? Bacute, yen koruptor utawa penjudi kang “nimbali”, mesthi bakal teka. Nangin yen sing manggil gubernur , bupati during mesthi gelem teka, kanthi alesan “otonomi daerah”. Umpamane wae, pemain loro saburine layar mau duwe dhuwit Rp 1 triliyun, anake kang gedhene udakara Rp 250 milyar wae utawa kepara luwih, wis bakal bisa njalari mripate uwong malih “ijo” utawa dadi “linglung”.
Istilahe saiki iki, pancen “dhuwit iku maha kuwasa”. Yen kita gelem niteni, pira wae kasus-kasus pilkada kang mesthi dikantheni mawa politik dhuwit. Mula kaya ora nggumunake, yen ana sing ngarani, menawa akhire dhuwit kang nemtokake dadi lanorane sawijining calon kepala daerah.
Yen wis ngene iki, banjur ana ngendi papane demokrasi lan kedaulatan rakyat rikala proses pemilihan kepala daerahwis diarahake dening pihak-pihak kang sugih dhuwit, sugih bandha-bandhu? Kawibanane pimpinan parpol lan atasan presasat wis ilang, utawa saumpama ora ilang, kaya-kaya wis ora ana ajine, sebab wong-wong mau wis kadhung kecemplung ing pola permainan kang diciptakake dening para koruptor lan penjudi.
Mula saka iku, kanthi nggunakake system pemilihan secara langsung, suwarane rakyat rasane bisa luwih nemtokake. Praktek politik-politik dhuwit pancen uga during ilang, nanging saora-orane wis ora pati efektif. Jalaran kepriye-priye angel banget yen arep “nuku” suwarane pemilih kang cacahe pirang-pirang yuta iku. Ing pemilu2004 sistem pemilihan Presiden lan wakil Presiden bakal dianakake mawa system pemilihan secara langsung. Ing system iki kapitayan lan kredibilitas sarta legimitasine kang diwenehake marang tokoh kang kapilih bakal gedhe banget, utamane ing babagan merjuwangake kepentingan lan nasibe rakyat cilik.
Ing rerangken iki, saiba becike menawa system pemilihan secara langsung iki uga dicakake ong pemilihan kepala daerah, pa iku gubernur, bupati, apa wali kota. Kanthi mengkono, para pemilik modhal, klebu para koruptor, penjudi lan “pengusaha-pengusaha hitam”, saora-orane saya sithik kemungkinane melu “main” lan nemtokake, sapa bakal luwih ngutamakake kepentingan konstituen utawa masyarakat kang milih dheweke. Sesanggan psikologis utawa rasa “kepotangan budi” marang seponsor kang wis kelumrah akhir-akhir iki, saora-orane bakal bisa disingkiri.
Timbul pitakon, apa kanthi cara mengkono mau KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) banjur bisa ilang karepe dhewe? Ya terang ora. Nanging kaya kang wis kita aturaken ing ndhuwur, sarta langkah-langkah tumujurah kang luwih becik saya bisa diarep-arep.
Pemilu pancen mujudake salah sijining momentum kanggo merjuangake kabeh mau. Nanging banjur apa gunane Pemilu yen sing menangmalah politikus-poplitikus”busuk”, lan sing kuwasa malah banjur koruptor-koruptor lan penjudi-penjudi kang kita sebut ing ngarep mau? Iku tegese, Pemilu minangka momentum kanggo becikake kahanan, bisa dianggep pemilu wis gagal total.  

Faizal Rahmat (08205244001)

0 komentar:

Posting Komentar