
Arya Kamandaka utawi Lutung Kasarung inggih menika
salah satunggaling putranipun Prabu Siliwangi, Raja Kerajaan Pajajaran. Wonten
ing wekdal menika Raja sampun sepuh saengga raja menika badhe nganggkat Putra
Mahkota kangge ngantosaken Prabu Siliwangi menika. Prabu Siliwangi menika
gadhah tiga putra lan setunggal putri. Kalih putra inggih menika Banyak Cotro
lan Banyak Ngampar saking permaisuri ingkang kaping setunggal. Ananging
permaisuri menika sampun seda. Putra lan putri sanesipun inggih menika Banyak
Blabur lan Dewi Pamungkas menika saking permaisuri ingkang kaping kalih inggih
menika Dewi Kumudaningsih. Ananging Prabu Siliwangi menika gadah janji menawi
putranipun Dewi Kumudaningsih ingkang badhe dipundadosaken Raja.
Wonten ing sawijining dinten menika Prabu Siliwangi
nimbali calon putra mahkotanipun inggih menika Banyak Cotro lan Banyak Blabur
kangge pinanggih kalih piyambakipun. Prabu Siliwangi menika badhe nganggkat
putranipun kangge nggantosaken dados Raja. Ananging saking kalih putra menika
boten wonten ingkang purun dados raja wonten ing Pajajaran. Banyak cotro menika
dereng siap amargi dereng gadhah ilmu ingkang cekap lan dereng pikantuk
sisihan. Banyak Cotro, badhe nikah menawi pasuryanipun tiyang estri menika sami
kaliyan pasuryaning Ibunipun ingkang sampun seda. Lajeng Banyak Cotro nyuwun
idin badhe kesah saking Pajajaran kangge nggolet tiyang estri menika.
Banyak Cotro menika lajeng pinanggih kaliyan pendeta
Ki Ajar Winarong ingkang dados Pertapa
wonten ing Gunung Tangkuban Perahu.
Pendeta menika ngendhika menawi Banyak Cotro pengin pinanggih kaliyan
Tiyang estri menika, Banyak Cokro menika kedah rila boten ngangge ageman
Kerajaan lan kedah dipungantos kaliyan ageman rakyat biayasa. Lan Banyak Cotro
ugi kedah ngginakake nama bedha inggih menika Arya Kamandaka. Sasampunipun
mlampah madinten-dinten, Arya Kamnadaka dumugi wonten ing Kadipaten Pasir
Luhur. Wonten ing mrika Arya Kamandaka dipunangkat anak kaliyan Patih wonten
ing Kadipaten Pasir Luhur inggih menika Reksonoto.
![]() |
Kamandaka lan Dewi Ciptoroso |
Sasampuninipun
dangu saking kedadean mekaten, Adipati kandandoho mireng menawi Arya Kamandaka
menika tasih urip. Arya Kamandaka menika wonten ing Dhusun Panagih lan diangkat
anak kaliyan Mbok Kertosuro. Wonten ing wekdal menika wonten pemuda ingkang
namanipun Silihwarni. Silihwarni menika badhe ngabdiaken piyambakipun kangge
Adipati Pasir Luhur. Adipati menika badhe nrima ananging saged mateni Arya
Kamandaka. Kangge bukti Silihwarni kedah beta getih lan atinipun Arya
Kamandaka. Sajatosipun Silihwarni menika nama sanesipun Banyak Ngampar,
rayinipun Arya Kamandaka. Silihwarni lajeng memburu Arya Kamandaka dumugi
wonten ing Dhusun Karang Luas. Wonten ing papan menika Kamandaka lan Silihwangi
pinanggih. Ananging boten sami kenal amargi ngginakaken ageman rakyat biyasa.
Arya Kamandaka lan Silihwangi lajeng gelut. Wonten ing gelut menika Arya
Kamandaka ketusuk Keris Kujang Pamungkas silihwangi. Ananging Kamandaka saged
nglolosake piyambak.
Lajeng Arya
Kamandaka terus mlayu dumugi goa. Wonten ing goa menika Arya Kamandaka leren
lan ngumpet saking Silihwarni. Silihwarni kelangan jejakipun Arya Kamnadaka,
lajeng Silihwarni nantang Arya Kamandaka. Mireng tantanganipun lajeng Arya
Kamandaka ngendhika sinten piyambakipun ingkang sebenarnya. Silihwarni ugi
ngendhika indentisaipun piyambak. Lajeng Arya Kamandaka lan Silihwarni
rangkulan lan saling memaafkan, Goa menika lajeng dipun paringi nama Goa
Jatijajar. Arya kamandaka lajeng tapa wonten ing Goa Jatijajar. Wonten ing goa
menika Arya Kamandaka pikantuk petunjuk menawi badhe kaleksana niatipun
bebrayan kaliyan Dewi Ciptoroso menawi Arya kamandaka sampun pikantuk ageman
Lutung.
LEGENDA
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)
LEGENDA
Dening : Leni Tri Yulianingsih (10205244016)
2 komentar:
matur nuwun mba Leni sampun medharaken ngagem basa jawa :-)
ijin copy kanggo tugas mata kuliah mba hehe
matur suwun mbak leni, artikelnya sangat bermanfaat:)
izin copy ditugas ya mba
Posting Komentar